Kamis, 23 Maret 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :SANGUNIPUN GESANG



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
SANGUNIPUN GESANG
Dening : Drs. Anis Purwanto

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Kita sedaya mesthi anggadhai panyuwun lan panjangka murih gesang ing ngalam ndonya punika kaparingan kawilujengan, kalis saking sadhengah sambekala lan rubeda; lan punapa ingkang dados gegayuhan saha idham-idhaman kita kiged kesembadan, mirah sandhang mirah pangan, kanthi pikantuk ridlanipun Allah SWT.
Sedaya cita-cita dalah idham-idhman luhur punika saget kasembadan, sauger kita usahakaken sarana anyekapi syarat lan sangunipun kanthi cekap lan tepat,  utaminipun kanthi ningkataken iman dalah tawqwa dhumateng Allah SWT. Bab punka kasebat ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 197 :
‌ۗ وَمَا تَفۡعَلُواْ مِنۡ خَيۡرٍ۬ يَعۡلَمۡهُ ٱللَّهُ‌ۗ وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيۡرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقۡوَىٰ‌ۚ وَٱتَّقُونِ يَـٰٓأُوْلِى ٱلۡأَلۡبَـٰبِ
 “Lan kebecikan apa bae kang kok tindakaken, Allah temtu mirsani. Lan sira kabeh padha cecawisa. Lan satemene sangu kang paling becik yaiku taqwa marang Allah. Mula saka iku, e wong-wong kang nduweni akal, sira kabeh padha taqwa-a marang Ingsun”.
            Pangreksanipun Allah dhateng kawulanipun punika nembe badhe kasembadan manawi kawulanipun purun ngestokaken sedaya dhawuhipun saha nebihi sedaya awisanipun Allah SWT. Liripun, manawi tiyang punika tansah taat dhumateng Allah, sedaya dhawuhipun dipun amalaken, lan sawarnining awisanipun dipun tebihi, insya Allah tiyang ingkang makaten punika badhe dipun reksa lan pikantuk pengayomanipun Allah SWT. Tansah wilujeng gesangipun, lan kasembadan punapa ingkang dadas sedyanipun
            Para sederek, Allah  SWT Maha welas saha asih dhumateng sedaya kawulanipun , nyembadani dhateng sedaya panyuwunanipun para kawulanipun. Kadas kasebat ing Surat Al-Mukmin ayat 60 :
وَقَالَ رَبُّڪُمُ ٱدۡعُونِىٓ أَسۡتَجِبۡ لَكُمۡۚ إِنَّ ٱلَّذِينَ يَسۡتَكۡبِرُونَ عَنۡ عِبَادَتِى سَيَدۡخُلُونَ جَهَنَّمَ دَاخِرِينَ
 “Lan Pangeranira wis ngendika, “Sira kabeh padha nyuwuna marang ingsun. Yen sira nyuwun marang Ingsun, Ingsun mesthi nyembadani panyuwunira. Lan satemene wong-wong kang gumedhe saka nyembah (ngibadah) marang Ingsun, wong-wong kang mangkono mau mengko bakal mlebu ana sajrone neraka kanthi kahanan ina”.
            Salajengipun ing ayat Al-Qur’an sanesipun, Allah ugi nerangaken kadas pundi caketipun tiyang ingkang taqwa kaliyan Allah SWT, lan sifat welas asihipun Allah ingkang kasok dhateng tiyang-tiyang taqwa. Tiyang ingkang anggadhai kapitadosan saha ketaatan ingkang makaten punika , tartamtu sedaya sedya dalah idham-idhaman kangge anggayuh karaharjan ing donya lan ing akgirat, badhe tansah kadumugen lan kasembadan.         Lan sayektos, tiyang engkang makaten punika  tiyang ingkang dipun janjekakaen  badhe dipun angkat minangka khalifahipun Allah SWT. Allah ngendika makaten :
وَعَدَ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مِنكُمۡ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ لَيَسۡتَخۡلِفَنَّهُمۡ فِى ٱلۡأَرۡضِ ڪَمَا ٱسۡتَخۡلَفَ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡ وَلَيُمَكِّنَنَّ لَهُمۡ دِينَہُمُ ٱلَّذِى ٱرۡتَضَىٰ لَهُمۡ وَلَيُبَدِّلَنَّہُم مِّنۢ بَعۡدِ خَوۡفِهِمۡ أَمۡنً۬ا‌ۚ يَعۡبُدُونَنِى لَا يُشۡرِكُونَ بِى شَيۡـًٔ۬ا‌ۚ وَمَن ڪَفَرَ بَعۡدَ ذَٲلِكَ فَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡفَـٰسِقُونَ
 “Allah wus njanjekake marang wong-wong kang iman ing antarane sira kabeh, lan kang padha nindakake amal shaleh, yen satemene Allah nyata-nyata bakal ngangkat wong-wong mau dadi khalifah ana lumahing bumi, kaya dene wong-wong biyen uga ana kang diangkat dadi khalifah dening Allah. Lan nyata-nyata Allah bakal netepake agamane (Islam), yaiku agama kang diridlai dening Allah kanggo wong-wong mau. Lan nyata-nyata Allah bakal ngganti rasa wedi lan kuwatire wong-wong mau, bakal diganti kanthi rasa aman lan tentrem. Yaiku wong-wong kang nyembah marang ingsun, kang ora nyekutokake Ingsung marang apa bae. Sing sapa wonge engkar sawise iku, wong kang mangkono iku yaiku wong-wong kang fasiq”. (QS. An-Nur : 55).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Kanthi ayat punika, Allah sampun kepareng netepaken janjinipun. Janji punika cacahipun tiga, inggih punika, sepindah : Allah badhe ngangkat dados khalifah.  Nomer kalih; Allah badhe netepaken utawi ngekahaken agamanipun, inggih punika agami Islam. Lang ingkang nomer tiga; Allah badhe nggantos raos ajrih utawi kuwatos, dipun gantos kanthi raos aman lan tentrem.
            Wondene tiyang engkang nampi janjinipun Allah makaten punika, tamtu kemawon tiyang ingkang iman dhumaten Allah SWT, ingkang  tansah nindakaken amal shaleh, ingkang ngususaken ngibadahipun namung dhumateng Allah SWT, tanpa kacampuran tumindak syirik utawi nyekutokaken Allah.
Akhiripun, sumangga kita sedaya sami ikhtiyar lan usaha, murih saged anggayuh tiga  janjinipun Allah punika, inggih punika kanugrahanipun Allah SWT, ingkang namung berhak kaparingaken dhumateng tiyang-tiyang ingkang iman lan ingkang amal shaleh, inggih punika kabegjan utawi kemenangan  punapa dene kebahagiaan  peparingipun Allah SWT, wiwit ing ndonya ngatos ing  akhirat, amin ya rabbal ‘alamin,
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(Dipun kutib saking pinten-pinten seratan)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar