Senin, 20 Maret 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : MAHA KUWAOSIPUN ALLAH SWT



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
MAHA KUWAOSIPUN ALLAH SWT
Oleh : Drs. Anis Purwanto

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Minangka pambukaning atur, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngatos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wonten Al-Qur’an kathah sanget ayat ingkang nelakaken maha kuwaosipun Allah, kanthi maksud supados kita para manungsa sami taat, ajrih lan taqwa dhumateng Panjenenganipun, kanthi awal  tembung “wamin aayaatihii”, inggih punika nerangaken sebagian saking tandha-tandha kuwaosipun Allah SWT. Kanthi makaten Selajengipun sumangga sesarengan kita sami niat nedya ningkataken ketaqwaan lan ajrih namung dhumateng Allah SWT, lan ketaatan dhumateng Allah saha utusanipun, junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad ASW.
            Salah satunggalipun keterangan ing babagan punika sampun kasebat ing Surat Ar Rum ayat 22 ingkang nyebataken makaten :
وَمِنۡ ءَايَـٰتِهِۦ خَلۡقُ ٱلسَّمَـٰوَٲتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَٱخۡتِلَـٰفُ أَلۡسِنَتِڪُمۡ وَأَلۡوَٲنِكُمۡ‌ۚ إِنَّ فِى ذَٲلِكَ لَأَيَـٰتٍ۬ لِّلۡعَـٰلِمِينَ
“Lan sebagian saka tandha-tandha kuwasane Allah, yaiku cineptane langit-langit lan bumi, lan beda-bedane basa-pangucapanira lan warnane kulitira. Satemene sajrone kabeh iku mau mujudake tanda kwaosane Allah tumrape wong-wong kang duweni ilmu”.
            Tumrapipun tiyang ingkang kathah ilmunipun ing babagan ilmu ruang angkasa, temtu mboten angel nerangaken kawontenanipun jagat saisinipun. Saking setunggal bab dipun hubungaken kaliyan bab sanesipun, setunggal teori dipun cocokaken kaliyan teori sanesipun, akhiripun saget dipun pendhet kesimpulan, bilih sedaya punika namung Allah SWT piyambak ingkang saget nyipta. Jagat lan sedaya isisnipun tundhuk dhumateng kuwaos saha kersanipun Allah SWT. Kaadas kasebat ing Surat Ar-Rum ayat 26 , Allah nerangaken:
وَلَهُ ۥ مَن فِى ٱلسَّمَـٰوَٲتِ وَٱلۡأَرۡضِ‌ۖ ڪُلٌّ۬ لَّهُ ۥ قَـٰنِتُونَ
 “Lan kabeh bae kang ana ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Lan kabeh mau tundhuk marang allah”.
            Ingkang dipun maksud bumi langit saisinipun punika sedaya makhlukipun Allah, kalebet sak tehek kliweripun gesang lan pagesanganipun manungsa. Sedaya kalawau mboten lepas saking takdiripun Allah, lan mila Allah SWT piyambak ingkang ngatur saha nemtokakaen. Bab punika sampun kaaturaken ing Surat Al- Imran ayat 26:
قُلِ ٱللَّهُمَّ مَـٰلِكَ ٱلۡمُلۡكِ تُؤۡتِى ٱلۡمُلۡكَ مَن تَشَآءُ وَتَنزِعُ ٱلۡمُلۡكَ مِمَّن تَشَآءُ وَتُعِزُّ مَن تَشَآءُ وَتُذِلُّ مَن تَشَآءُ‌ۖ بِيَدِكَ ٱلۡخَيۡرُ‌ۖ إِنَّكَ عَلَىٰ كُلِّ شَىۡءٍ۬ قَدِيرٌ۬
“Kandhakna : Dhuh Gusti. Paduka ingkang kagungan kekuwaosan. Paduka ingkang paring kekuwaosan punika dhateng tiyang ingkang Paduka kersaaken, lan Paduka ingkang njabel kekuwaosan punika saking tiyang ingkang Paduka kersakaken. Paduka mulyakaken tiyang ingkang Paduka kersaaken. Lan paduka damel ina dhateng tiyang ingkang Paduka kersaaken. Wanten ing asta Paduka sedaya kesaenan. Lan sejatosipun Paduka punika Maha Kuwaos ing sabarang dhengah”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Menika sedaya pepengetipun Allah ing wajib kita gatosaken. Lan namung sarana kekiyatan paringipun Allah, hidayah saha taufiqipun, kita nembe saged ngestokaken sedaya dhawuhipun lan nilaraken saking sedaya awisanipun Allah SWT. Sanajan Allah sampun netepaken manungsa minangka pemakmuripun bumi saha tata cara pengaturipun. Bab punika selaras kaliyan dhawunh Allah ing Al-Qur’an Surat Hud ayat 61 :
هُوَ أَنشَأَكُم مِّنَ ٱلۡأَرۡضِ وَٱسۡتَعۡمَرَكُمۡ فِيہَا فَٱسۡتَغۡفِرُوهُ ثُمَّ تُوبُوٓاْ إِلَيۡهِ‌ۚ إِنَّ رَبِّى قَرِيبٌ۬ مُّجِيبٌ۬
“Panjenengane Allah kang nitahake sira kabeh saka lemah, lan dhawuh marang sira kabeh supaya dadi pengatur (pemakmure) bumi. Mula saka iku padha tobata marang Panjenengane. Awit satemene Pangeraningsung iku Maha cedhak banget marang para kawulane lan ngabulake Panyuwune para kawula”.
            Makaten para sederek, sapindah malih senajan manungsa sampun dipun paring kuwaos saking Allah kangge ngatur bumi menika, ananging ing ndalem ngestokaken dhawuh punika , kita tetep dipun engetaken  supados tansah ngatos-atos lan enget dhumateng Allah, ingkang satemah mahanani sikep taqarrub lan tawadlu dhumateng Allah SWT.
            Dhawuh supados kita tetep nyuwun pengayomanipun saha tansah nyuwun pangaksami ing sedaya kalepatan ing ndalem ngayahi sedaya dhawuh, mengku piwucal adiluhung bilih manungsa bilih manungsa punika papan panggenanipun ringkih, khilaf lan lepat. Mila lajeng dipun engetaken supados sampun nggadhahi sipat adigung lan adiguna. Sampun anggadhahi sipat takabur, sombong, kemethak saha tumindak sawenang-wenang, lan sapanunggalanipun. Sedaya punika mujudaken sipat ingkang mboten dipun remeni dening Gusti Allah.
            Kedadosan sampun kathah sanget, ingkang ngengetaken dhumateng kita sedaya, bilih Allah Maha Kuwaos lan manungsa menika ringkih. Prengetan Allah ingkang gumelar ing jagat agung punika dados bukti ma akuwaosipun Allah SWT, kadasta banjir ing pundi-pundi panggenn akibat saking cuaca extrim ing saat punika, lemah lonsor , angin penthil muterlan sanes-sanesipun andamel mirisipun manah saha mbekta kerugian bandha donya ingkang kathah.
Mila kanthi wontenipun peristiwa baka peristiwa, utawi  musibah baka musibah punika, mangga kita dadosaken minangka pepenget lan minaangka bukti  maha kuwaosipun Allah SW, ing supados kita punika tansah ajrih dhumateng Allah, ndhedhepe, lan taqarrub dhumateng Panjenenganipun. Awit sarana makaten , insya Allah Pangeran badhe tansah kersa ngrentahaken wels asihipun dhumateng kita sedaya
وَإِنَّ ٱللَّهَ بِكُمۡ لَرَءُوفٌ۬ رَّحِيمٌ۬.
“Lan satemene Allah iku Maha Penyantun lan maha welas asih marang sira kabeh”.(Qs. Al Hadid :9).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Iman lan pengakenan kita dhateng maha kuwaosipun Allah punika kedah dipun buktekaken sarana amaliyah kita ing saben dintenipun, wanten ing sadhengah bidang. Sae ing babaga ibadah mahdhoh, inggih menika ibadah ingkang wonten sesambetan langsung kaliyan dhateng Allah SWT, ugi ing babagan ibadah ghoiro mahdhoh, inggih punika hubungan ingkang ngatur sesambetan kita kaliyan sesaminipun agesang, sesaminipun mahklukipun Allah SWT ing alam ndonya punuika. Sedaya kalawau kita leksanakaken minangka mundi dhawuh aamanat ingkang mboten kengeng kita khianati :
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لَا تَخُونُواْ ٱللَّهَ وَٱلرَّسُولَ وَتَخُونُوٓاْ أَمَـٰنَـٰتِكُمۡ وَأَنتُمۡ تَعۡلَمُونَ
“E wong-wong kang iman ! Sira kabeh aja padha ngianati Allah lan Utusane, lan aja padha ngianati amanat-amanatira dhewe, kamangka sira kabeh padha ngerti yen tumindak mangkono iku pancen ora diparengake”.(Qs. Al Anfal : 27).
            Akhiripun, sumangga kita tansah nyuwun hidayah lan taufiq dhumateng Allah SWT, kangge anggayuh kawilujengan ing ndonya lan ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(Dipun kutib saking pinten-pinten seratan)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar