Rabu, 21 Desember 2016

KHUTBAH JUM'AT : AQIDAH INGKANG KIYAT



KHUTBAH JUM’AT
AQIDAH INGKANG KIYAT
Ed. : Drs.Anis Purwanto

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita nyaosaken puja puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat. Saestu, kita anyekseni bilih mbaten wanten pangeran kajawi Allah SWT, Lan kita anyekseni bilih Nabi Muhammad SAW punika Rasul ingkang kautus nyebaraken rahmatipun Allah dumateng sedaya isi jagat agung punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Mugia kita manggih kabekjan wiwit ing ndonya khatal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Tiyang mukmin ingkang aqidahipun sampun estu-estu kiyat, salimah saha sampun leres saestu, mboten badhe anggadhai raos was-was salebetipun gesangipun, bebas saking raos kuwatos lan kalis saking raos ajrih. Bab punika jumbuh kaliyang Pangandikanipun Gusti Allah ingkang kehemot ing Al-Qur’an Surah al-Ahqaf ayat 13 :
إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ ٱسۡتَقَـٰمُواْ فَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ
“Satemene wong-wong kang padha ngucap, “Pangeranku iku Allah”, wusana banjur padha istiqomah (kuat lan teguh sajrone gegondhelan aqidahe), wong-wong kang kang mankono iku ora bakal ketaman rasa wedi utawi kuwatir, lan wong-wong mau ora bakal susah.”.
            Wanten salebetipun ngadhepi kawantenan ingkang kados punapa kemawon sikapipun nggambaraken satunggaling pribadi Muslim. Manawi nampi kanugrawan peparingipun allah mboten supe ngetingalaken syukuripun dhumateng Allah SWT. Ananging yen kaleres ketaman musibah, ketingal sanget agenging sipat sabaripun, mboten putus asa lan nglokro, nanging tetep  ing tawakal dhumateng Allah SWT. Kiyat lan teguh anggenipun gegondhelan aqidah, mboten mamang-mamang malih, mboten was-was lan mboten sumelang, nanging tetep madhep mantep anggenipun anggrungkebi lan ngestokaken sedaya tuntunanipun agami Islam.
            Raos mongkok anggadahi Pangeran sesembahan dalah Rasulullah minangka utusanipun Allah makaten punika, tuwuh saking wontenipun penghayatan lan pengamalanipun ajaran-ajaran Islam.  Ingkang intinipun kagem anggayuh kawilujenganipun manungsa.  Dhawuh pangandikanipun Allah, ing Al-Qur’an Surah Al-Baqarah ayat 257 :
ٱللَّهُ وَلِىُّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ يُخۡرِجُهُم مِّنَ ٱلظُّلُمَـٰتِ إِلَى ٱلنُّورِ‌ۖ وَٱلَّذِينَ كَفَرُوٓاْ أَوۡلِيَآؤُهُمُ ٱلطَّـٰغُوتُ يُخۡرِجُونَهُم مِّنَ ٱلنُّورِ إِلَى ٱلظُّلُمَـٰتِ‌ۗ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ أَصۡحَـٰبُ ٱلنَّارِ‌ۖ هُمۡ فِيہَا خَـٰلِدُونَ
 “Allah iku pemimpine wong-wong mukmin. Panjenengane ngetokake wong-wong mau saka pepeteng (yaiku pepetenge kekufuran), dituntun tumuju marang pepadhang (yaiku pepadhange hidayah Allah) . lan wong-wong kafir iku pemimpine ora liya kejobo Thaghut, yaiku sesembahan saliyane Allah, Taghut ngetokake wong-wong kafir mau saka pepadhang nur lan hidayahe Allah, tumuju marang pepetenge kekufuran lan kemusyrikan),. Wong-wong mau yaiku para penduduke neraka, lan wong-wong mau bakal langgeng ana ing sajrone neraka”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sampun jelas menggah kita,  bilih penghayatan saha pengamalanipun ajaran Islam ingkang kadasaraken akidah ingkang kiyat saestu saget ndorong si Mukmin, ihklas ing ndalem nindakaken sedaya amal saleh, inggih punika sedaya kewajiban ingkang gegayutan kaliyan ibadah, lan sedaya kesaenan ingkang sesambetan kaliyan urusan kadonyan. Tiyang ingkang aqidahipun sampun kiyat  seget nindakaken kalih-kalihipn, sae urusan kadonyan ugi ing urusan keakhiratan, sahingga dados kepribaden, minangka kepribaden muslim. Ing ngarsnipun Pangeran , peyambakipun minangka  kawulanipun Allah, lan dhumateng sesaminipun agesang minangka khalifahipun Allah. Allah ngendika ingkang kahemot ing Al-Qur’an Surah Al-Ahzab 72.
إِنَّا عَرَضۡنَا ٱلۡأَمَانَةَ عَلَى ٱلسَّمَـٰوَٲتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَٱلۡجِبَالِ فَأَبَيۡنَ أَن يَحۡمِلۡنَہَا وَأَشۡفَقۡنَ مِنۡہَا وَحَمَلَهَا ٱلۡإِنسَـٰنُۖ إِنَّهُ ۥ كَانَ ظَلُومً۬ا جَهُولاً۬
“Saktemene Ingsun wis nawakake amanat (prentah).”. marang langit, bumi lang gunung-gunung nanging kabeh mau  padha lumuh mikul amanat, lan rumangsa kabotan nampa amanat, lan manungsa kang saguh mikul amanat mau. Satemene manungsa iku nganiaya lan bodho”.
Para sederek, makaten ingkang sampun dados ketetapanipun Allah, bilih ingkang kaparingan kapitadosan ngemban dawuh ngleksanakaken amanat Allah punika, mboten sanes kajawi manungsa. Wondene ingkang dipun maksud amanat ing ayat kasebat inggih punika sedaya dhawuhipun pangeran ingkang wajib dipun tindakaken dening manungsa minangka jejeripun khalifahipun Allah ing lumahing bumi.
Pramila sedaya kewajibanipun dhumateng Allah dipun tindakaken kanthi sakwetahipun, kanthi keyakinan bilih namung tuntunan saking Allah ingkang mesthi leresipun. Lan sedaya perkawis sanesipun barang haq mesti lepat. Keyakinan punika kadasaraken pangandikanipun Allah ing Surah Yunus 32 :
فَمَاذَا بَعۡدَ ٱلۡحَقِّ إِلَّا ٱلضَّلَـٰلُ‌ۖ فَأَنَّىٰ تُصۡرَفُونَ
“Mula, ora ana saliyane barang haq iku kejaba mesthi kesasare. Genea sira kabeh nganti isih bisa dislewengake.”
Selajengipun, sedaya    kewajiban ingkang magepokan kaliyan urusan muamalah duniawiyah temtu dipun leksanakaken kanthi lelandesan niat ngibadah dhumateng Allah SWT. Kanthi makaten, bilih akidah ingkang kiyaty punika tartamtu nuwuhaken amal shaleh, amal shaleh nembe saget tuwuh manawi kadasaraken aqidah ingkang kiyat. Kalih-kalihipun mboten saget dipun pisah-pisahaken. Lan kalih-kalihipun punika ingkang badhe milujengaken gesang dalah pagesanganipun manungsa, wiwit ing ndonya ngantos dumugi ing akhirat mangke .
فَمَن كَانَ يَرۡجُواْ لِقَآءَ رَبِّهِۦ فَلۡيَعۡمَلۡ عَمَلاً۬ صَـٰلِحً۬ا وَلَا يُشۡرِكۡ بِعِبَادَةِ رَبِّهِۦۤ أَحَدَۢا
“Kandhakna Muhammad !, sejatine engsun iku mung sawijining manungsa biasa kaya dene sira kabeh. Mung engsung diparingi wahyu (saka Allah)  Manawa Pangeraniraiku Pangeran kang siji (Maha Tunggal). Mula sing sapa wonge ngarep-ngarep ketemu karo Pangerane (kanthi oleh rahmat welas asihe), wong mau supaya nindakake amal saleh, lan sajrone ngibadah marang Pangerane aja nyekutokake karo apa bae utawa sapa bae”.  (QS Al-Kahfi:110).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Temtunipun kita sedaya punika kepingin sanget saged klebet golonganipun tiyang engkang dipun bebasaken dening Allah saking sawerninipun tumindak lepat. Lan pepinginan punika insya Allah badhe saged kasembadan , sauger kita saget netepi syarat-syaratipun, inggih punika supados anggadahai akidah ingkang kiyat, kanthi terus menerus nyuwun hidayah dhumateng Allah, sarana nindakaken ibadah kanthi niat ingkang ihklas, ugi kedah kaliyan ngeji ilmi agami lumantar pengaosan-pengaosan ing Majelis Taklim.
            Akhiripun, sumangga kita mbudidaya murih iman saha taqwa kita saya ningkat mutu dalah kualitasipun, sahingga insya allah gesang kita badhe dados gesang ingkang manfaat, pikantuk ridlanipun Allah SWT, wilujeng ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
  بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(Dipun kutib saking pinten-pinten seratan)





1 komentar:

  1. ustad idzin copas buat khotbah jum'at tgl 30 desember 2016 di masjid desa saya, desa sugihwaras kec kalitengah lamongan jawa timur

    BalasHapus