Rabu, 23 November 2016

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : GOLONGAN TAQWA



 KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
GOLONGAN TAQWA
Ed. : Drs.Anis Purwanto

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita nyaosaken puja puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat. Saestu, kita anyekseni bilih mbaten wanten pangeran kajawi Allah SWT, Lan kita anyekseni bilih Nabi Muhammad SAW punika Rasul ingkang kautus nyebaraken rahmatipun Allah dumateng sedaya isi jagat agung punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Mugia kita manggih kabekjan wiwit ing ndonya khatal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Gesang punika dipun ibarataken kekesahan, kekesahan nuju kampong akhirat. Sinten kemawon mboten badhe owal saking papesthenipun Gusti Alloh punika. Tiyang ingkang anggadhahi pangkat utawi rakyat, tiyang ingkang sugih lan punapa dene tiyang ingkang kesraakat, sedaya badhe mlampah wonten ing garis ingkang sami, inggih punika gesang, pejah lan akhiripun badhe dipun gesangaken malih dening Allah SWT, wanten pagesangan akhirat.Tiyang ingkang kagolong iman lan taqwa badhe pikantuk kanugrahan saking Allah SWT, wondene tiyang ingkang mbalelo dhumateng dhawuh sarta nerjang ing wewaler ing Gusti mesti kapatrapan pidananipun Gusti Allah murwat kaliyan kaliyan punapa ingkang sampun katindakaken.
            Ing ngriki Allah SWT ngendika, kasebat ing Al-Qur’an Surat Al-Hajj ayat 66 :
وَهُوَ ٱلَّذِىٓ أَحۡيَاڪُمۡ ثُمَّ يُمِيتُكُمۡ ثُمَّ يُحۡيِيكُمۡ‌ۗ إِنَّ ٱلۡإِنسَـٰنَ لَڪَفُورٌ۬
 “Lan Panjenengane (Allah) iku Kang wus nguripake sira kabeh, banjur mateni sira, (lan) banjur nguripake sira (maneh). Satemene manungsa iku bener-bener kafir”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Tiyang ingkang bandhe wilujeng ing donya dalah ing akhirat, inggih punika tiyang ingkang iman lan taqwa dhumateng Allah SWT, wondene tiyang ingkang nerak awisanipun Allah SWT badhe sami nandang kasangsaran saha kapitunan kangge salami-laminipun. Kadhos sampun dipun tandesaken dening Allah “Satemene manungsa iku bener-bener tukang ngingkari ayat-ayat lan kanikmatan-kanikmatan Allah”.
            Saged kemawon ing titi wanci punika blegeripun ketawis pideksa, gagah ing rupi, gesang ing kamulyan jati, ananging manawi nyata-nyata wantun ngremehaken dhawuh-dhawuhipun Allah SWT, piyambakipun mbenjang boten badhe wilujeng saking siksanipun Allah. Pramila saking punika Allah SWT paring pemut dhateng kita sedaya :
وَمَا تَفۡعَلُواْ مِنۡ خَيۡرٍ۬ يَعۡلَمۡهُ ٱللَّهُ‌ۗ وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيۡرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقۡوَىٰ‌ۚ وَٱتَّقُونِ يَـٰٓأُوْلِى ٱلۡأَلۡبَـٰبِ
 “Lana pa wae kang padha sira tindakake saka samubarang kabecikan, Allah mesthi  ngawuningani dheweke. Lan sira padha cecawisa sangu, mangka satemene sabecik-becike sangu iku yaiku taqwa. Mula padha taqwa-a sira he wong-wong kang padha nduweni akal”. (QS Al-Baqarah:197).
            Ayat punika estunipun ugi nelakaken, bilih sangu dhateng kampong akhirat punika mboten wonten ingkang langkung sae sanesipun, kejawi taqwa dhumateng Allah. Sahenagga, saking wigaotsipun kalenggahan taqwa punika, Allah ngantos mbikak awalipun Al-Qur’an kanthi ndunungaken kalenggahan utawi jejeripun taqwa, kasebat ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah :1-2:
الٓمٓ (١) ذَٲلِكَ ٱلۡڪِتَـٰبُ لَا رَيۡبَ‌ۛ فِيهِ‌ۛ هُدً۬ى لِّلۡمُتَّقِينَ (٢)
 “Alif laam miim. Kitab (al-Qur’an) iku ora ana barang kang mamang ing sajrone dheweke, minangka pituduh tumrape wong-wong kang taqwa”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Sedaya thek kliwer ingkang magepokan kaliyan pagesangan ing ngalam donya punika estunipun sampun dipun lambangaken dening huruf  Alif - Laam – Miim, ingkang jarwinipun namung Allah piyambak ingkang mangertos punapa kemawon ingkang badhe dumados. Pramila Allah SWT lajeng paring papesthen saha jaminan dhateng sok sintena ingkang nindakaken sedaya dhawuh lan lilaraken sedaya awisanipun badhe kaparingan kanugrahan ingkang ageng menjang ing dinten kiyamat, dene tiyang ingkang wantun nerak awisanipun Pangeran badhe pikantuk pidana saking Allah SWT.
            Pramila saking punika Allah SWT lajeng paring jaminan saha papesthen dhateng kita sedaya, bilih Al-Qur’an punika mboten wanten cacad saha kirangipun. Al-Qur’an mujudaken Kitab Suci ingkang paling sampurna kangge pitedah gesang lan pagesangan para manungsa.
Al-Qur’an  “Dzalikal kitabu la raiba fihi hudan lil muttaqin” ,  Kitab Al-Qur’an  iki ora ana barang mamang ing sajrone dheweke, lan mujudake pituduh kanggone wong-wong kang padha taqwa. Sahingga kanti makaten, ayat punika Allah SWT ugi paring dhawuh dhumateng kita sedaya, bilih ngestokaken punapa kemawon ingkang kadawuhaken dening Allah SWT jaminanipun badhe pikantuk ganjaran ingkang ageng, karaharjan dalah kabegjan  ing ndonya dalah ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.          
  بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(Dipun kutib saking pinten-pinten seratan)


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar