Senin, 22 Agustus 2016

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : PENGAJENG-AJENG SAE



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
 PENGAJENG-AJENG SAE
Dening : ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW. Amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka kawulanipun Allah SWT ingkang rinten kalawan dalu, ambudi daya murih gesang kita wilujeng ing ndonya akhirat, semangat lan tekat kita kagem ningkataken iman lan taqwa minangka gaman tuwin margi kangge nggayuh kesaenan ingkang arupi punapa kemawon wonten ing panggesanganipun agami, panggesangan donya, lan ugi ing panggesangan akhirat. Allah SWT sampun dhawuh kados kasebat ing Kitab Suci Al-qur’an Surah al-baqarah ayat 197 :
وَمَا تَفۡعَلُواْ مِنۡ خَيۡرٍ۬ يَعۡلَمۡهُ ٱللَّهُ‌ۗ وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيۡرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقۡوَىٰ‌ۚ وَٱتَّقُونِ يَـٰٓأُوْلِى ٱلۡأَلۡبَـٰبِ
 “Lan apa bae kang sira tindakake saka samubarang kabecikan, Allah mesthi ngawuningani. Mula padha cecawisasira kabeh krana sangu, satemene sabecik-becike sangu iku (yaitu) taqwa, lan padha taqwa-a sira kabeh marang Ingsun. He wong-wong kang padha nduweni akal”.
            Wanten ing ayat punika kalawau, Allah SWT sampun paring jaminan, bilih Panjenenganipun ngawuningani kesaenan punapa kemawon alitipun. Janji dalah jaminanipun Allah SWT makaten punika ngemu makna bilih Allah SWT badhe paring piwales kanthi adil lan setimbang, setimbang kaliyan punapa ingkang kita tindakaken. Pramila Allah SWT lajeng lajeng paring pemut, bilih sangu ingkang paling utami inggih punika ketaqwaan dhumateng Allah SWT.
            Selajengipun kita ugi dipun sadharaken malih bilih ingkang dipun sebat sangu punika dede bandha donya, ananging taqwa ingkang asipat ruhani lan hidayahipun Allah SWT. Lan sedaya punika kedah dipun landhesi kanthi niyat lan tekad ingkang leres, inggih punika mligi kagem anggayuh ridlanipun Allah SWT.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wondene ingkang nama usaha, kita minangka umat Islam Allah SWT sampun paring pitedah kadas ingkang kahemat ing Al-Qur’an Surah Az Zumar ayat 10 :

قُلۡ يَـٰعِبَادِ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ رَبَّكُمۡ‌ۚ لِلَّذِينَ أَحۡسَنُواْ فِى هَـٰذِهِ ٱلدُّنۡيَا حَسَنَةٌ۬‌ۗ وَأَرۡضُ ٱللَّهِ وَٲسِعَةٌ‌ۗ إِنَّمَا يُوَفَّى ٱلصَّـٰبِرُونَ أَجۡرَهُم بِغَيۡرِ حِسَابٍ۬
 “Kandhakna : “He para kawulaning-Sun kang padha iman, taqwa-a sira marang Allah !”. Wong-wong kang mbecik-mbecikake tumindak kang becik bakal entuk kabecikan, lan bumine Allah iku amba banget. Satemene ya mung wong-wong kang sabar kang bakal dicukupake ganjarane tanpa wates”.
            Para sederek, ayat punika nedahaken gangsal perkawis ingkang wigatos, inggih punika iman, taqwa, ihsan, bumi ingkang wiyar lan sabar. Sahingga kita sampun saget mendhet kesimpulanipun bilih sedaya kesaenan ingkag kita tindakaken mboten kenging nyebal saking wengkunipun iman lan ketaqwaan. Sahingga kadas kasebat ing akhir ayat punika Allah SWT sampun negasaken bilih kesabaran ugi minangka kunci pamungkas, awit biasanipun samubarang tindak kesaenan kathah sanget godha lan tantanganipun.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kanthi makaten para sederek, paling boten kita kedah anggadhahi setunggal amalan piandel.  Awit,  badhe kados pundi kemawon amalan punika ingkang badhe saged nuntun lan nyaketaken dhateng marginipun hidayah. Punapa malih tumrap sok sintena ingkang tansah istiqomah ing dalem ngetokaken paugeranipun ketaqwaan. Sebab, tiyang taqwa inggih punika tiyang ingkang ngatos-atos sanget ing dalem gesangipun.
            Allah SWT sampun ngendika, kadas ingkang kasebat ing Surah Maryam ayat 76 :
وَيَزِيدُ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ٱهۡتَدَوۡاْ هُدً۬ى‌ۗ وَٱلۡبَـٰقِيَـٰتُ ٱلصَّـٰلِحَـٰتُ خَيۡرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَابً۬ا وَخَيۡرٌ۬ مَّرَدًّا
 “Lan Allah nambahi hidayah marang wong-wong kang wis entuk hidayahe, lan amal-amal salih kang langgeng iku luwih becik ing sisihe Pengeranira ganjarane, lan (uga) luwih becik pungkasane”.
            Pramila sumangga para sederek, kita tansah ngatos-atos, ampun ngantos mbenjang gesang kita ing akhirat manggih kapitunan awit mboten nggadhahi sangunipun pejah. Mugi-mugi kita tansah kaparingan hidayah lan inayah Allah SWT sahingga kita saget nindakaken sedaya dhawuh lan ninggalaken sedaya awisanipun , gesang kanthi istiqomah, pinaringan pejah engkang husnul khotimah. Sedaya amal kesaenan minangka sageta dadas amal piyandel kita ing yaumul kiyamah, begja ing ndonya lan akhirat , amin ya rabbal ‘alamin
َارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar