Rabu, 24 Agustus 2016

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : ELING DHUMATENG ALLOH SWT



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
 ELING DHUMATENG ALLOH SWT
Dening : ANIS PURWANTO

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngator ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Dzikrullah utawi eling/enget dhumateng Allah SWT mujudaken salah satunggalipun dhawuh ingkang wajib kita estokaken, lan minangka sarono kangge anggayuh kebegjan lan kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Atur keterangan makaten punika kadhasaraken dhawuh pangandikanipun Allah SWT piyambak, ing Al-Qur’an Surah Al-Jum’ah ayat 10 :

وَٱذۡكُرُواْ ٱللَّهَ كَثِيرً۬ا لَّعَلَّكُمۡ تُفۡلِحُونَ
 “Lan sira kabeh padha ngakeh-ngakehhna anggonira eling marang Allah supaya sira kabeh oleh kabegjan”.
            Sebab, kanthi enget dhumateng Allah manah kita badhe kraos tentrem. Makaten ketegasanipun Allah SWT kados ingkang kahemot ing Surah Ar-Ra’du ayat 28 :

أَلَا بِذِڪۡرِ ٱللَّهِ تَطۡمَٮِٕنُّ ٱلۡقُلُوبُ
“Elinga ! Yen mung kanthi eling marang Allah ati-atine para manungsa iku bias dadi tentrem”.
Para sedherek, kanthi ayat ingkang kita aturaken ing nginggil, kita saget mendhet piwucal adiluhung, bilih ngathah-ngathahaken enget dhumateng Allah punika dados sarana kagayuhipun kabegjan lan mahanani tentremipun manah. Kalih-kalihipun , kagayuhipun kabegjan lan tentremipun manah menika minangka kebetahanipun gesang lan pagesangan manungsa ing ngalam donya. Liripun, saben tiyang tartamtu kepengin saged gesang bahagia lan mesti kepingin manahipun tentrem. Sedaya punika namung saged kagayuh kanthi sarana ngathah-ngathahaken enget dhumateng Allah SWT.
Dene caranipun enget dhumateng Allah SWT, kaperang dadas kalih; Sepisan , kanthi cara ingkang sampun dipun temtokaken dening Allah SWT kangge ngenget-enget Allah.  Salah satunggalipun kanthi nindakaken shalat, utaminipun shalat gangsal wekdal . Kados ing kang kasebad ing Al-Qur’an Surah Thoha ayat 14 :

إِنَّنِىٓ أَنَا ٱللَّهُ لَآ إِلَـٰهَ إِلَّآ أَنَا۟ فَٱعۡبُدۡنِى وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ لِذِڪۡرِىٓ
 “Satemene Ingsun iki yaiku Ingsun Allah. Ora ana pengeran kang sebener-benere kejaba Ingsun. Mula saka iku sira nyembaha marng Ingsun, lan sira ngedegna sholat kangge eling marang Ingsun”.
            Cara ingkang kaping kalih inggih punika kanthi enget dhumateng Allah, ing sedhengah wekdal lan kawontenan, saget ugi ing rikala ngadeg “QIYAAMAN”, nalika lungguh “WA QU’UUDAN” lan ing nalikanipun teturonan “WA ‘ALAA JUNUUBIHIM”. Kanthi makaten saged kita pahami bilih ing nalika kita badhe nindakaken punapa kemawon, kita wajib enget dhumateng Allah SWT. Sahingga punapa kemawan pendamelan ingkang kita ayahi badhe mbekta kasil ingkang sampurna lan pikantuk ridlanipun Allah SWT.
 Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kita mesthi yakin bilih enget dhumateng Allah punika mesthi mbekta manfaat ingkang sekelangkung sae, awit hakekatipun enget dhumateng Gusti Alloh punika ateges enget dhumateng dirinipun piyambak, kasok wangsulipun sok sintena ingkang supe dhumateng Allah, ateges piyambakipun supe dhumateng badanipun piyambak, supe manawi piyambakipun punika manungsa ingkang dipun titahaken dening Allah kanthi kewajiban ngibadah dhumateng Allah SWT. Kadas ingkang kasebad ing Surah Adz-Dzariyat ayat 56 :
وَمَا خَلَقۡتُ ٱلۡجِنَّ وَٱلۡإِنسَ إِلَّا لِيَعۡبُدُونِ
 “Lan Ingsun (Allah) ora nyipta jin lan manungsa kejaba mung supaya ngibadah (ngumawula) marang Ingsun”.
            Tiyang ingkang mboten ngertos lan mboten sadhar dhateng fungsinipun diri pribadi kita minangka kawulanipun Allah ingkang wajib ngibadah utawi ngumawula dhumateng Gusti Allah, limrahipun mboten nggatosaken syari’I , jalaran pancen mboten mangertos lan mboten faham. Sahingga mboten saged mbentenaken barang ingkang haq lan barang ngkang batil, antawisipun barang ingkang halal lan barang ingkang haram. Tiyang-tiyang engkang makaten punika sejatosipun tiyang ingkang supe dhumateng allah SWT.
            Sedaya kebobrokan lan wabah masyarakat sumberipun saking ulahipun tiyang-tiyang engkang supe dhumateng Allah SWT, mboten enget dhumateng Allah SWT.mila saking punika enget dhumateng Allah punika sayektos mujudaken landasan kiyat lan ugi minangka benteng akhir kagem mageri diri pribadi saking sawerninipun penyakit mental, engkang tetela saged nuwuhaken bebaya engkang ageng tumrap pribadinipun piyambak, minggahipun dhumateng masyarakatipun.
            Akhiripun kita namung saget nyuwun dhumateng Gusti allah mugi-mugi kita dipun rekso dening Allah SWT saking sedaya kalepatan, awit saking karana kita mboten purun eling/enget dhumateng allah SWT. Mugia kita manggih kawilujengan wiwit ing ndonya ngantor ing akhirat mbenjang, amin ya rabbal ‘alamin.
َارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar