Kamis, 31 Juli 2014

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : SAKSAMPUNIPUN SIYAM RAMADHAN 1435 H/2014 M.



KHUTBAH JUM’AT
 SAKSAMPUNIPUN SIYAM RAMADHAN 1435 H/2014 M
Dening: ANIS PURWANTO

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT. Sehingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi  agung Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Dinten punika dinten Jum’at ingkang sepindhah wonten ing wulan Syawal 1435 H. Alhamdulillah, kita temtu syukur sanget dhumateng Al;lah SWT dene akhiripun kita saged ngrampungaken ibadah wonten ing wulan Ramadhan. Namung  saksampunipun kita nindakaken siyam Ramadhan, kita taksih dipun engetaken Allah SWT kanthi piwucal-piwucal suci ingkang kadas dipun wucalaken Allah wanten ing Al-Qur’an Surat Alam Nasyrah ayat 5-8 :

َإِنَّ مَعَ ٱلۡعُسۡرِ يُسۡرًا (٥) إِنَّ مَعَ ٱلۡعُسۡرِ يُسۡرً۬ا (٦) فَإِذَا فَرَغۡتَ فَٱنصَبۡ (٧) وَإِلَىٰ رَبِّكَ فَٱرۡغَب (٨) 
“Mangka satemene kelawan samubarang kang angel iku dumunung perkara kang gampang. Mula menawa wus rampung ngayahi sawijining perkara, padha gegancangana sira nyandhak panggawehan liyane, lan ya mung marang Pangeranira bae sira supaya nduweni pangarep-arep”.
            Ayat punika paring pitedah, ingkang supados kita tansah anggadhahi niat kangge ningkataken kualitasipun ing sedaya perkawis.  Punapa kemawon ingkang dereng sae, kedah dipun usadani murih dadas langkung sae. Wondene ingkang mila sampun sae, kedah dipun tingkataken malih kesaenanipun. Pramila kanthi fa idza faraghta fanshab wa ila rabbika farghab punika, wiwit wulan syawal sapunika ngantos dumugi ing wulan-wulan saterusipun mbenjang, kesaenanipun wulan Ramadhan kepengker kedah kita dadosaken modhal kangge ngayahi tuwin ningkataken kesaenan.
            Syawal tegesipun peningkatan. Mila wiwit wulan syawal punika, mesthinipun kita lajeng sami gumregah ngindhak-indhakaken kelas, tumuju kesempurnaan ing sedayanipun. Pramila mendhet piwucal Ramadhan ingkang ugi saget dipun maknani nahan utawi ngempet. Ingkang punika saget kita pendhet maknanipun bilih nahan utawi ngempet punika mila kedah kita ugemi kanthi saestu. Ngempet saking sifat boros, nuju dateng sifat gemi lan satiti. Ngempet saking sifat keset, nuju dhateng gita-gita ngayahi sadhengahipun ayahan ingkang utami, langkung-langkung gegancangan ing babagan ngayahi sedaya pangibadahan. Ngempet saking samukawis lampah maksiyat, nuju dhateng taat lan ngestokaken punapa kemawon ingkang dipun dhawuhaken dening Allah lan Rasulipun.
            Ewondene kados punapa penting saha wigatosipun wucalan nahan punika, kita saget pirsani piyambak kados pundi piwucal ing tengah-tengahipun masyarakat. Kathah ing antawisipun kita ingkang dereng saget ngempet dumateng sedaya perkawis kadas ing nginggil. Sahingga kathah ing antawisipun kita ingkang nandang kapitunan ing sedayanipun,  sahingga andadosaken icalipun sedaya kesempatan kangge nindakaken ibadah lan nindakaken sedaya kesaenan. Kesenenganipun raga dipun ujo, remenipun ngumbar hawa nepsu, wondene kebetahan manah utawi ruhani jer asring dipun lirwakaken.
            Sedaya punika inggih kadereng saking anggenipun sami mboten saget ngempet utawi nahan datheng pikajengan saha kesengsem dhumateng kesenengan raga lan hawa  nepsu.  Sumangga kita gatosaken pangandikanipun Allah SWT, wanten ing Al-Qur’an Surat Al Jatsiyah ayat 23 :
أَفَرَءَيۡتَ مَنِ ٱتَّخَذَ إِلَـٰهَهُ ۥ هَوَٮٰهُ وَأَضَلَّهُ ٱللَّهُ عَلَىٰ عِلۡمٍ۬ وَخَتَمَ عَلَىٰ سَمۡعِهِۦ وَقَلۡبِهِۦ وَجَعَلَ عَلَىٰ بَصَرِهِۦ غِشَـٰوَةً۬ فَمَن يَہۡدِيهِ مِنۢ بَعۡدِ ٱللَّهِ‌ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ
 “Mula apa sira durung tau weruh kang ndadekake hawa nefsune minangka pangerane lan Allah banjur nyasarake dheweke krana ilmune, sarta ngunci pati kupinge lan atine, lan banjur ndadekake tutup ana ing pandelenge ? Mula ya sapa to kang bisa paring pituduh sawise Allah ngenengake dheweke ana ing kahanan sasar ? Mula apa sira kabeh ora padha gelem eling ?”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kita nembe kemawon medal saking wulan Ramadhan. Lan Idul Fitri sampun kita pahargya sesarengan. Kalih-kalihipun, pengalaman ibadah siyam lan panghargyan 1 syawal, jelas mujudaken satunggal rerangkeaning pengibadahan dumateng Allah SWT. Tanpa pengalamansiyam ing wulan Ramadhan, kegembiraan Idul Fitri mboten badhe kaparingaken. Tanpa wonten perjuangan, mboten badhe wonten kemenangan ingkang saged kita gayuh. Lan kemenangan punika piyambak, nembe saged nembe saged dipun gayuh saksampunipun kita berjuang kanthi ngetog kekiyatan, lan ngorbanaken sedaya pepinginan. Pramila saking punika Ramadhan ingkang minangka satunggalipun perjuangan lan raos syukur atas dhatengipun Idul Fitri saged dipun anggep minangka lambangipun kamardikan jiwa saking godaan hawa nefsu.
            Ibadah siyam saestu mengku tujuan lan hikmah ingkang paripurna, nggembleng jiwa raga lan kepribaden dados kiyat lan luhur, sarta siap ngadhepi sedaya masalah. Medal saking Ramadhan dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang nembe wangsung saking peperangan, kanthi mbekta kemenangan sejati. Ugi kados dene bayi ingkang nembe lahir saking guwo garbo ibunipun, suci saking sedara kalepatan.
           
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Pramila saking punika sumangga piwucal Ramdhan saha Idul Fitri kita dadosaken tunggak awal kangge gegancangan nindakaken sedaya kesaenan saha kautamen. Sekedik atur punika sengaja kita tengenaken awit taksih wanten ing antawisipun umat Islam ingkang dereng nengenaken sifat gita-gita kangge nindakaken babagan kesaenan, kita taksih kesengsem dumateng keremenan kadonyan, mboten setimbang kaliyan kawigatosan dhateng babagan keakhiratan. Mugia kanthi kesadaran tuwin kawidatosan kita ingkang setimbang ing babagan kadonyan saha keakhiratan, kita tansah pikantuk siramanipun rahmat, taufiq saha hidayahipun Allah SWT. Wilujeng ing donya saha ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar