Rabu, 23 Juli 2014

KHUTBAH IDUL FITRI 1435H/2014M : KANTHI HIKMAH IDUL FITRI KITA TINGKATAKEN UKHUWAH ISLAMIYAH



KHUTBAH IDUL FITRI  1435 H/2014M
KANTHI HIKMAH IDUL FITRI KITA TINGKATAKAN UKHUWAH ISLAMIYAH

Dening : ANIS PURWANTO
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
            Langkung rumiyin, sumanggo kita sami nyaosaken puji lan syukur ing ngarso dalem Allah SWT, ingkang kanthi ijin, rahmat saha pitulunganipun, kita wonten ing enjangipun dinten Idul Fitri punika, saget kempal manunggal wonten ing masjid/musholla, kanthi maksud nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan sekaligus minangka bukti anggen kita nglairaken raos syukur kita dhumateng Allah SWT.
            Kita syukuri nikmatipun Allah ingkang awujud dhatengipun Idul Ftri punika kanthi nindakaken ruku’ lan sujud dhumateng Allah ingkang Maha Kuwaos lan Moho Tunggal. Lesan kita mboten kendel-kendel anggenipun memuji dhumateng Allah, sesarengan ngucapaken kalimah takbir, tahlil lan tahmid. “Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu”.
            Dhawuh syukur punika kadasaraken saking dhawuh pangandikanipun Allah piyambak wonteng ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah ayat 185, ingkang nyebadaken makaten :
وَلِتُڪۡمِلُواْ ٱلۡعِدَّةَ وَلِتُڪَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡ وَلَعَلَّڪُمۡ تَشۡكُرُونَ
 “Lan sampurnakna wilangane pasa, nuli ngagungna asmane Allah, sing wus paring pituduh marang sira, supaya sira padha syukur”.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Salebetipun mahargya Idul Fitri makaten punika, wonten cara kalih ingkang sampun dipun garisaken dening Allah SWT. Ingkang sepisan, awujud sesambetan antawisipun khaliq lan makhluq utawi “Hablum minallah”. Lan ingkang angka kalih, ningkataken hubungan kasih sayang lan pesederekan (ukhuwah Islamiyah) ing antawisipun sesami makhluq utawi “hablum minannas”.
Ingkang kapisan dipun tindakaken sarana ngagungaken asmanipun Allah, inggih punika kanthi ngucapaken takbir, tahlil lan tahmid “Allahu Akbar, laa ilaaha illallah walillahil hamdu”. Ucapan lesan punika, dipun kantheni sikep dhepe-dhepe dhumateng Allah, nundhukaken jiwa raga, ngabektos wonten ngarsanipun Allah, kanthi nindakaken sholat Idul Fitri.
            Wondene cara ingkang angka kalih, saderengipun ngawontenaken  hubungan lan nyelak dhumateng Allah, kaum muslim ingkang mampu, langkung rumiyin kedah nentepi kewajibanipun dhateng sesami , khususipun dhumateng tiyang ingkang mboten mampu, sarana mbayaraken Zakat Fitrahipun, minangka pencuci jiwa tumraping tiyang ingkang siyam lan minangka paring tedha fakir miskin. Makaten fungsinipun zakat fitrah kados dene ingkang dipun tuntunaken dening Gusti Rosul SAW.
“DHOROBA EOSULULLAHI SHOLALLOHU ‘ALAIHI WASALAM : ZAKATAL FITRI TUHROTAN LISHSHOIMI MINAL LAGHWI WARROFASI WA TUHROTA LILLMASAKIIN”.
“Rasulullah SAW, wus majibake zakat fitrah, minangka nyucekake jiwane wong kang pasa ‘suci saka reregeting ati lan kejahatan’. Lan minangka aweh pangan marang fakir miskin”.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
            Kita syukur dhumateng Allah SWT, awit tetela kita taksih begja saged nampi kekiyatan lahir batos paringipun Allah, sahingga kita mampu lan lulus saking perjuangan ngendaleni lan nundukaken hawa nefsu kanthi nindakaken siyam Ramadhan sewulan wetah. Ingkang nggembleng jiwo kita dados teguh lan kiyat, mbentuk watak lan kapribaden kita dados luhur, mbentuk sikep kita dados sikep ingkang tansah siap , lan damel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat kados dene wojo. Kita medal saking wulan Romadhon dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan sejati. Ugi saget dipun ibarataken bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganing ibunipun resik lan suci, insya Allah.
Saking raos gumbira lan syukur punika lajeng tukul prentuling manah, wusana nyuwun dhumateng Allah SWT, kanthi satunggaling ucapan do’a :
“TAQOBALLAHU MINNA WA MINKUM WA JA’ALANALLAHU WA IYYAKUM MINAL ‘AIZIINA WALMAQBULIIN”
“Mugi-mugi Allah wantena keparengipun nampi pengibadahan kita, lan mugi-mugi wantena kepareingipun ndadosaken kita sedaya dadosa golonganipun tiyang-tiyang ingkang wangsul dhateng kawantenan suci, lan kalebetna golonganipun tiyang-tiyang ingkang bahagia jalaran saged ngestokaken sedaya dhawuhipun Allah, lan mugi-mugi kalebetna golonganipun tiyang ingkang katampi pangibadahipun dening Allah SWT”
Saksampunipun siyam lan nindakaken amaliyah Ramadhan, mugi-mugi kita saestu dados tiyang muttaqin, tiyang ingkang saya ningkat taqwanipun. Jer tujuan ingkang utami ibadah siyam inggih punika supados kita dados kawula ingkang taqwa kanthi saestu. Amargi siyam mengku didikan lan gemblengan kangge jasmani lan rohani. Inggih punika ngendaleni hawa nefsu lan ningkataken ibadah dhumateng Allah. Pramila drajat taqwa ingkang kita tampi sageta kita pertahanaken lan kita lestantunaken. Sifat taqwa kedah tetep kita agem ing sadhengah wekdal lan panggenan. Taqwa mujudaken pendorong amal shalih lan minangka pencegah saking tumindak awon. Sahingga taqwa mujudaken sumber saking sedaya kesaenan lan keutamen, ing ndonya ngantos ing akhirat.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
            Ing swasono Idul Fitri tahun 1435 H/2014 M punika kito bongso lan rakyat Indonesia nembe cekap enggen kita nggelar pesta demokrasi, sae  PILEG ing dinten Rebo Pon tanggal 9 April 2014 ugi PILPRES/WAPRES ingkang dumados ing wulan Romadhon,  kala dinten Rebu Wage tanggal 9 Juli 2014, sedaya kita tindakaken kanthi sukses.
            Pemilihan Presiden lan Wakil Presiden, mila namung mbetahaken etanganipun dhetik kangge nyoblos sinten ingkang kita pilih, wonten ing bilik suara. Nanging ingkang setunggal sedhetik punika kalawau badhe mahanani wujudipun “NEROKO” utawi “SUWARGO’ wonten ing bumi nuswantara punika ing sadangunipun –paling mboten- gangsal tahun sapengajeng. Pramila wekdal ingkang namung setunggal dhetik kalawau estunipun sekelangkung wigatos sanget kangge nemtokaken nasibipun bangsa Indonesia khususipun umat Islam ing wekdal ingkang badhe dateng.
Lan Al-hamdulillah hasilipun sesarengan sampun kita mangertosi. Menika demokrasi, pemilu mesti wonten ingkang mimpang ugi kedah wonten ingkang kawon. Pramila kito lajeng sarujuk kanthi wontenipun kesepakatan “Siap kawon saha siap mimpang”. Punapa kemawon hasilipun pemilihan, kita kedah purun nampi, jer punika sampuh dados semboyan “PRESIDEN PILIHAN RAKYAT”.
            Mila salajengipun mangga kita sami nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi pimpinan pilihan rakyat punika dipun paringi kekiyatan lahir batos dening Allah SWT lan ugi dipun paringi hidayah lan taufiqipun, sahingga saged mimpin bangsa lan nagari Indonesia punika kanthi sasae-saenipun tumuju dhateng satunggalipun negari ingkang “BALDATUN TAYYIBATUN WA RABBUN GHAFUUR”.
            Wondene tumrapipun kita masyarakat ingkang awam, sasampunipun PEMILIHAN UMUM dipun selenggarakaken, mangga kita sami wangsul kados wingi uni, dados masyarakat Indonesia ingkang guyup lan rukun sarta manunggal, kados ingkang dipun dhawuhaken Allah “KUNTUM UMMATAN WAAHIDAH” ingkang tegesipun “Sira kabeh suwijining umat kang manunggal”. Mila kanthi punika mangga kita sami wangsul mbentuk dados masyarakat ingkang guyup lan rukun, sarta ningkataken “UKHUWAH ISLAMIYAH”. 
            Kados sampun kasebat wonten ing Al-Qur”an Surat Al Hujarat ayat 10 :
إِنَّمَا ٱلۡمُؤۡمِنُونَ إِخۡوَةٌ۬ فَأَصۡلِحُواْ بَيۡنَ أَخَوَيۡكُمۡ‌ۚ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَ لَعَلَّكُمۡ تُرۡحَمُونَ
 “Satemene wong-wong mukmin iku sasedulur. Mula saka iku sira kabeh gawea islah (perdamaian) ing antarane sedulur loronira kang cecongkrahan. Lan sira kabeh padha taqwa-a marang Allah, supaya sira kabeh diwelas-asihi dening Allah”.
            Wonten ing mongso “PASCA PEMILU” punika, punapa malih ing rikolo kita sesarengan nembe mangayubagya ariyadin Fitri 1 Syawal,  kita kaum muslimin wajib usaha lan mbudidaya kanthi sekiyat-kiyatipun, murih kesatuan lan persatuanipun umat Islam saya kiyat. Kosok wangsulipun kita kedah saget nyingkiri bab-bab ingkang mahanani perpecahanipun umat Islam khususipun, dalah masyarakat Indonesia sedaya umumipun.
            Pramila sinten kemawon ingkang kepingin gesang kanthi wiyar, jawabanipun namung satunggal, inggih punika hijrah dhateng marginipun Allah SWT. Sahingga mboten badhe wonten ukuran menang utawi kawon wonten ing babagan nggayuh kamuktenipun kursi utawi jabatan. Lan enstunipun “KEMENANGAN PUNIKA KAGEM SEDAYA RAKYAT INDONESIA”.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Ing tengah-tengaipun swasono gumbira, kados ing saat punika, wanten kalimat ingkang asring kita aturaken, inggih punika kalimat “minal ‘aidin wal faidzin” kanthi panyuwunan mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita kalebet golonganipun tiyang ingkang wangsul dhateng kesucian lan pikantuk kabekjan. Lan saksampunipun shalat Idul Fitri, kita nuli sami salam-salaman, ngapunten-ingapuntenan, halal bihalal lan bersilaturahmi dhumateng para sanak kadang lan sedherek. Sedaya punika mbaten uwal saking semangat siyam lan amaliyah Ramadhan.
Akhiripun kanthi hikmah Idul Fitri kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, sumangga kita tingkataken partisipasi kita wanten ing babagan kesaenan, kalebet partisipasi kita ing babagan pembangunan wanten ing sedaya bidang selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak. Sahingga kacipta masyarakat madani, adil makmur kanthi ridlo Allah, baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya rabbal ‘alamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar