Senin, 23 Desember 2013

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : PITULUNGANIPUN ALLAH



KHUTBAH JUM’AT
PITULUNGANIPUN ALLAH
Dening : ANIS PURWANTO

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wanten ing kawontenan ingkang kebak bagio mulyo kados ing siang punika, keparenga kulo nyaosi pirso malih, bilih kito dipun titahaken dening Allah punika mujudaken mahkluk ingkang minulyo. Keterangan punika kita landasaken atas ngendikanipun Allah wonten ing Al-Qur’an surat Al-Isra’ ayat 70 :

وَلَقَدۡ كَرَّمۡنَا بَنِىٓ ءَادَمَ وَحَمَلۡنَـٰهُمۡ فِى ٱلۡبَرِّ وَٱلۡبَحۡرِ وَرَزَقۡنَـٰهُم مِّنَ ٱلطَّيِّبَـٰتِ وَفَضَّلۡنَـٰهُمۡ عَلَىٰ ڪَثِيرٍ۬ مِّمَّنۡ خَلَقۡنَا تَفۡضِيلاً
 “lan satemene Ingsun wus mulyakake keturunane Adam, lan Sun angkat wong-wong mau ana ing dharat lan segoro, lan Sun paringi rizki saka barang-barang kang becik-becik. Lan Sun istimewakake wong-wong mau kanthi keistimewaan kang sampurna, ngungkuli mahkluk-mahkluk kan Sun cipto liyane”.
            Namun manungsa ugi mujudaken mahkluk ingkang dipun cipta dening Allah kanthi kawontenan ingkang ringkih, malah tukang ngangkluh, tur tukang rewel. Bab punika  kita dasaraken atas pangandikanipun Allah wanten ing Al-Qur’an Surat an-Nisa’ ayat 28 :

يُرِيدُ ٱللَّهُ أَن يُخَفِّفَ عَنكُمۡ‌ۚ وَخُلِقَ ٱلۡإِنسَـٰنُ ضَعِيفً۬ا
 “Allah iku ngersakake paring ke-enthengan marang sira kabeh, lan manungsa iku dititahake kanthi kahanan ringkih”.
            Nanging ugi dipun tegasaken dening Allah, bilih mboten sedoyo manungsa punika makaten. Ugi wanten manungsa ingkang dipun takdir dados sae. Kados kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Ma’arij ayat 22-27:

إِلَّا ٱلۡمُصَلِّينَ (٢٢) ٱلَّذِينَ هُمۡ عَلَىٰ صَلَاتِہِمۡ دَآٮِٕمُونَ (٢٣) وَٱلَّذِينَ فِىٓ أَمۡوَٲلِهِمۡ حَقٌّ۬ مَّعۡلُومٌ۬ (٢٤) لِّلسَّآٮِٕلِ وَٱلۡمَحۡرُومِ (٢٥) وَٱلَّذِينَ يُصَدِّقُونَ بِيَوۡمِ ٱلدِّينِ (٢٦) وَٱلَّذِينَ هُم مِّنۡ عَذَابِ رَبِّہِم مُّشۡفِقُونَ (٢٧)  
“Kejaba wong-wong kang negakake shalat, yaiku wong-wong kang tetep nindakake shalate. Lang wong-wong kang ing sajrone bandhone ana sebagian kang disediakake kanthi tartamtu, kanggo wong miskin kan njaluk, lan wong kang kang ora nduwe apa-apa nanging ora gelem njaluk. Lan wong-wong kang mbenerake marang onone dina piwales  . lan wong-wong kang wedi marang pasiksane Pangerane”
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Makaten sawatawis ayat Al-ur’an ingkang nerangaken sipat lan watakipun manungsa.  Gandheng manungsa punika katitahaken kanthi kawontenan ingkang ringkih lan terbatas ing samudayanipun, mila manungsa mboten badhe saged bebas lan lepas saking nyuwun pitulung utawi bantuan dhateng sanesipun, utaminipun dhumateng Gusti Allah.
            Ing wusana tuwuh pitaken punapa panyuwun tulung kita dhumateng Allah mesti dipun tampi, lan punapa kemawon syaratipun ingkang supados panyuwun tulung kita punika dipun tampi lan dipun sembadani dening Allah. Sedaya punika jawabanipun kados kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Haj ayat 40-41:

وَلَيَنصُرَنَّ ٱللَّهُ مَن يَنصُرُهُ ۥۤ‌ۗ إِنَّ ٱللَّهَ لَقَوِىٌّ عَزِيزٌ (٤٠) ٱلَّذِينَ إِن مَّكَّنَّـٰهُمۡ فِى ٱلۡأَرۡضِ أَقَامُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَوُاْ ٱلزَّڪَوٰةَ وَأَمَرُواْ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَنَهَوۡاْ عَنِ ٱلۡمُنكَرِ‌ۗ وَلِلَّهِ عَـٰقِبَةُ ٱلۡأُمُورِ

“Lan temen-temen Allah iku mesthi nulung marang wong kang nulung agamane. Satemene Allah iku nyata-nyata Maha kuat tur Maha prakoso.Wong-wong kang entuk pitulungane Allah yaiku wong-wong kang yen Sun teguhake kalungguhane ana ing lumahing bumi, wong-wong mau tetep padha negakake shalate lan tetep anggone padha mbayar zakat, lan padha amar makruf nahi mungkar. Lan marang Allah sakabehe urusan iku bali”.
            Mugi-mugi Alah tansah wanten keparengipun njagi lan paring pitulungan dumaten kita sedaya, sahingga kita wilujeng saking sedaya pacoben dalah pasiksan ing ndonya lan ing akhirat, amin ya rabbal alamin.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar