Senin, 23 Desember 2013

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : NINDAKAKEN AMAL SHALIH



KHUTBAH JUM’AT
NINDAKAKEN AMAL SHALIH
Dening : ANIS PURWANTO


Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Kegem pambukaning khutbah, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga wanten ing siyang punika kita sedaya saget nindakaken dawuhipun, kanthi ihklas karana Allah. Mugi-mugia kita saget manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat. Shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.

            Wanten ing kitab suci Al-Qur’an kathah sanget ayat ingkang nerangaken bab keutamen nindakaken amal shalih. Ing antawisipun inggih punika, kasebat wanten ing surat An-Nahl ayat 97 :

مَنۡ عَمِلَ صَـٰلِحً۬ا مِّن ذَڪَرٍ أَوۡ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤۡمِنٌ۬ فَلَنُحۡيِيَنَّهُ ۥ حَيَوٰةً۬ طَيِّبَةً۬‌ۖ وَلَنَجۡزِيَنَّهُمۡ أَجۡرَهُم بِأَحۡسَنِ مَا ڪَانُواْ يَعۡمَلُونَ

“Sapa wonge kang nindakake amal saleh, lanang utawa wadon, lan dheweke iku wong iman, temenan Ingsun mesthi paring panguripan kang becik marang dheweke, lan Ingsun mesthi paring piwales marang dheweke kanthi kang luwih becik tinimbang apa-apa kang wis ditindakake  dheweke”. 

            Ayat punika nerangaken kautamenipun amal saleh. Tiyang ingkang  nindakaken amal saleh, dipun jamin dening Allah kanthi dipun paringi pagesangan ingkang ngremenaken wonten ing ndonya, dipun paringi ganjaran ingkang langkung sae. Lan mbenjang wanten ing aakhirat badhe dipun papanaken wanten ing swarga. Dene tiyang ingkang nindakaken perkawis awon, Allah ingkang Maha wicaksono ugi mesthi paring piwales . Kados ingkang sampun dipun aturaken wanten ing Al-Qur’an Surat Fush-shilat ayat 46 :

مَّنۡ عَمِلَ صَـٰلِحً۬ا فَلِنَفۡسِهِۦ‌ۖ وَمَنۡ أَسَآءَ فَعَلَيۡهَا‌ۗ وَمَا رَبُّكَ بِظَلَّـٰمٍ۬ لِّلۡعَبِيدِ
 “Sing sapa wonge nindakake amal saleh, ganjarane amal saleh mau kanggo awake wong sing nindakake amal saleh dhewe. Lan sing sapa wonge nindakake tumindak ala, dosane uga ditanggung dhewe. Lan babar pisan Pangeranira iku ora nganiaya marang para kawulane”. 

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Selajengipun sumangga kita sami lelomban wonten ing bidhang amal shaleh, kanthi nyuwun kekiyatan lahir batos dhumateng Allah, lan nyuwun hidayah saha taufiq dhateng panjenenganipun, kanthi tekat mboten wonten wekdal ingkang kabucal tanpa nindakaken amal shaleh, mesthinipun sekiyat kemampuan kita piyambak-piyambak, ananging mesthi kita tindakaken.
Yen kita menika konsekwen dados tiyang mukmin-muslim, temtu tuntunanipun agama Islam punika kita amalaken, kanthi kebak keihklasan lan ketaatan. Lan makaten estu anggen kita ngamalaken agami Islam , kita yakin kita badhe dipun paringi pagesangan ingang ngremenaken , wilijeng ing ndonya dalah ing akhirat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar