Kamis, 18 Juli 2013

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA : NIKMATIPUN NGIBADAH



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
 NIKMATIPUN NGIBADAH
Dening : Anis Purwanto

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wajib kita syukuri bilih dinten punika kita taksih dipun paring kesempatan nglajengaken pangibadahan kita ing wulan Ramadhan, Alhamdulillah kita sampun nindakaken siyan dinten ingkang kaping sedoso, insya allah. Ibadah siyam kita tindakaken kajawi nderek dhawuhipun Allah SWT, nindakaken kewajiban, ananging ugi kangge keperluan lan kepentingan kita piyambak, inggih punika supadas kita dadas tiyang ingkan taqwa. Kadas ingkat kaserat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 183 :

يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡڪُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِڪُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ (١٨٣)

 “He para wong Mukmin kabeh, sira padha diwajibake pasa, kaya kang wus diwajibake tumrap wong-wong kuna kang sadurungira, supaya sira kabeh padha wedi ing Allah”.
            Supaya sira kabeh taqwa marang Allah, ing akhir ayat punika minangka nilai paling inggil, ingkang badhe dipun gayuh dening tiyang ingkang nindakaken ibadah siyam. Sebab taqwa anggadahi makna ingkang ageng, ingkang nyakup sedaya kesainan lan ngicalaken sedaya kemungkaran.  Sahingga taqwa ingkang dadas tujuan siyam ugi mujudaken ahklakul karimah. Pramila jelas saiba raket lan kiyatipun sesambetan antawisipun ibadah kaliyan ahklak. Ibadah ingkang katindakaken kanthi sae, badhe ngasilaken ahklak ingkang sae. Utawi ahklak ingkang sae mujudaken kasil saking pangibadahan ingkang sae.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Ibadah siyam kedah kita tindakaken kanthi kesadaran inggil. Mboten namung kita tindakaken secara gugur kewajiban utawi ibadah ingkang sifatipun rutin kemawon. Ananging siyam minangka sarana olah kejiwaan, kedah kita renungaken kasil lan pengaruhipun. Sebab taksih kathah tumrap kaum muslimin, bilih siyam namung wanten ing wulan Ramadhan , sahingga saksampunipun wulan Ramadhan telas, mental dalah rohani kita wangsul malih kadas sakderengipun nindakaken siyam, liripun ibadah siyam punika mbaten wanten pengaruhipun. Kadas sampun dipun sindir dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW, bilih kathah tiyang ingkang nindakaken siyam, nanging mbaten pikantuk punapa-punaka kajawi namung ngelak lan luwe.


“Akeh banget wong-wong kang pasa kang ora oleh kasil saka pasane kejaba mung rasa ngelih lan ngelak”
            Pramila saking punika, kangge nggayuh sampurnanipun pribadi taqwa, kedah kita upadi kanthi pengorbanan ingkang ageng ,  lan kedah kita udi terus terusan. Treneng jiwa, kanthi siyam Ramadhan kita tindakaken namung satunggal wulan, ananging nilai siyam kita amalaken salami setunggal tahun. Sahingga jiwa ibadah siyam setunggal wulan, saget menjiwai prilaku kita setunggal tahun, ngantos dhatengipun wulan Ramadhan candhakipun.
            Bilih proses kejiwaan ingkang makaten punika dumados secara terus menerus, salami gesang lan pagesangan kita, ngantos kita kapundhut sowan marak ing Gusti, wonten ing kasedan jati, insya allah ibadah siyam kita kasil, kita dadas manungsa ingkang taqwa sejati, wangsul dumateng fitrah, bebas saking sedaya kalepatan lan dosa.  Cocok  kaliyan pangandikanipun nunjungan kita Nabi Muhammad SAW :
MAN SHOMA ROMADHONA IMANAN WAH TISABAN GHUFIROLAHU MATAQODAM MIN DZAMBIH.
“Sing sapa wonge nindakake pasa Ramadhan, kanthi rasa iman lan ngupadi ridhane Allah, bakal diapura dosane kan uwis-uwis”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Pasa hakekatipun nahan utawi mper, liripun mbaten namung nahan diri saking dahar lan ngunjuk, ananging ugi nahan saking sedaya tumindak ingkang saget ngrisak pahala siyam. Pramila ibadah siyam kedah kita tindakaken kanthi utuh, jasmani lan rohani. Awit ibadah siyam punika sejatosipun ibadah ingkang sifatipun khusus. Sahingga ibadah punika mbaten saget dipun priksani secara lahir. Malah khusukipun tiyang ingkang nindakaken shalat, taksih kawan kabanding kaliyan kesaenan tiyang  engkang  nindakaken  ibadah  siyam. Pahala ingkang inggil, pahala ingkang ageng, tiyang ingkang mbayar zakat, ugi taksih kawon endahipun, kabanding kaliyan ngelak lan ngelihipun tiyang ingkang nembe siyam. Kita ugi mbaten kesupen derajat ingkang inggil, karomah, fadhilah lan malah-malah ambu wanginipun tiyang ingkang kundur saking nindakaken ibadah haji ing kitha Mekah, taksih kawon kabanding ngelak lan ngelihipun tiyang ingkang siyam. Buktinipun Allah sanget ngajeng-ajeng pahala siyam, pahala siyam kagunganipun Allah, ibadah-ibadah sanesipun kita ingkang badhe nampi.  Ananging ibadah siyam dipun suwun dening Allah, pasa iku kagungan-Ku, Allah ingkang paring ganjaran. “Kabeh amal anak Adam iku biso kecampur karo kepentingan hawa nepsu, kejaba pasa, mula pasa iku mung kanggoku, aku dhewe kanga rep paring ganjaran”. Makaten suraosipun salah satunngalipun hadist Nabi.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Hal punika mertandani bilih ibadah siyam minangka ibadah ingkang paling inggil nilainipun ing ngarsa dalem Allah SWT, buktinipun siyam dipun suwun dening Allah, Allah piyambak ingkang paring pahala. Sebab siyam tanda pedulinipun para manungsa kangge berkorban, mbaten rakus, sanggup nahan hawa nepsu, sanggup menderita, ngendaleni lan ngekang pepinginan, senaosa piyambakipun saget nindakaken, buktinipun ing rikala siyam kita mbaten badhe  ngunjuk lan dahar sakderengipun wanci buka, senaosa kita saget nindakaken, umpaminipun mlebet dhateng kamar lajeng dipun kunci saking nglebet, dahar ngunjuk sak wareke. Hal punika mbaten kita tindakaken, krana netepi dhawuh saking Allah, netepi kewajiban saking Allah SWT. Dados indahipun ngelak lan ngelih, krana netepi kewajiban agesang minangka hamba Allah, mbuktekaken bilih kita mbaten mentingaken pepinginan diri kita piyambak, minangka bukti bilih kita mbaten nomersetunggalaken pepinginan ingkang ftuwuh saking nuruti hana sepsu, ananging mentingaken dhawuhipun Allah. Makaten kemesraan saha endahipun hubungan antawsipun hamba ingkang purun nahan ngelak lan ngelih, kangge nindakaken siyam.  Pramila sepindah malih, syukur al hamdulillah, kita ing saat punika ihklas nindaken siyam, senaosa ing saat kita nyambut damel awrat, nyambut kangge nyekapi kebetahan keluarga, nanging tetep mantap nindakaken siyam. Kanthi modal dasar ihklas punika, kita sanggup nindakaken kewajiban. Kewajiban punika mboten dados beban, ananging malah minangka sumber kenikmatan ingkang luar biasa, lahir batos, masya allah. Kanthi keihklasan ingkang makaten, kita badhe nampi pinwales saking Allah langkung kathah, kabanding kaliyan pengorbanan kita nahan ngelak lan ngelih setunggal dinten. Bekja fidun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.

1 komentar: