Senin, 17 Oktober 2016

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : NIKMATIPUN GESANG KANTHI LANDASAN AGAMI ISLAM



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA :
 NIKMATIPUN GESANG KANTHI LANDASAN AGAMI ISLAM
Dening : ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning khotbah ing siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik punika, Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT. Sehingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi  agung Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Wonten ing swasana ingkang kados punapa kemawon, sumangga kita sampun ngantos kendhat anggen kita nyuwun wonten ing ngarsanipun Allah SWT murih sampun ngantos lepas saking landasan utawi dasaring gesang kita, nun inggih iman lan taqwa dhumateng Allah SWT. Awit menggahing kita umat Islam, taqwa dhumateng Allah SWTkita yakini minangka satunggalipun margi tumuju dhateng kawilujengan geang ing donya dalah ing akhirat.
            Langkung-langkung tumrapipun kita ingkang sampun paham dhateng ener lan ancas tujuanipun agami Islam, tartamtu mbudidaya murih saya ningkat iman dalah taqwanipun, sahingga saged ngraosaken nikmatipun gesang ingkang kadasaraken agami Islam. Punapa kemawon lan kados pundi kemawon ingkang dipun ngendikakaken Allah dalah Rasulullah, wontenipun namung sendika dhawuh dalah ngestokaken punapa ingkang dipun dhawuhaken saha mbudidaya kangge ninggalaken sedaya awisanipun Allah SWT. Kasebat wanten ing Al Qur’an Surat Al Mulk ayat 2 :
ٱلَّذِى خَلَقَ ٱلۡمَوۡتَ وَٱلۡحَيَوٰةَ لِيَبۡلُوَكُمۡ أَيُّكُمۡ أَحۡسَنُ عَمَلاً۬‌ۚ
 “Allah kang ndadekakepati lan urip, awit Panjenengane ngersakake nguji marang sira kabeh, sapa ing antarane sira kabeh kang paling becik amale”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Kanthi ayat dhawuh pangandikanipun Allah SWT punika, Allah SWT ngersakaken nguji iman dalah taqwa kita sedaya, sebab estunipun sedaya ingkang gumelar ing jagat agung punika mujudaken bahan ujian saking Allah SWT. Kita sedaya ngrumaosi bilih kita punika dipun uji dening Allah, saha mbudidaya murih kita lulus ujianipun, kanthi ngestokaken lan ngamalalen sedaya dhawuhipun Allah SWT.
            Supados kesadaran beragami punika saya dangu saya ningkat, langkung rumiyin mbudidaya ningkataken keislaman lan keimananipun. Manawi keislaman saha keimananipun sampun meningkat, ingkang lajeng dipun iringi mawi ningkatipun penghayatan dalah pengalamanipun agami, ingkang kadasaraken ihklas, ing ngriki nembe badhe saget dipun raosaken nikmatipun gesang beragami Islam. Pramila kita lajeng mbudidaya murih iman saha taqwa kita punika saya mantep, ngrungkepi agami Islam kanthi sawetahipun.  Kadas kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al Baqarah ayat 208 :
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٲتِ ٱلشَّيۡطَـٰنِ‌ۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬
 “E wong-wong kan iman ! Sira kabeh padha mlebua ana sjrone agama Islam kanthi sampurna. Lan sira kabeh aja padha manut tingkah lakune setan. Awit satemene setan iku mungsuh kang terang terangan tumrape sira kabeh”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Islam tegesipun penyerahan dhumateng Allah. Islam ingkang paripurna inggih punika penyerahan dhumateng Allah kanthi sawetahipun. Jiwa raga, lahir batin kita sumarah lan pasrah dhumateng Allah. Kita estokaken sedaya dhawuhipun, lan kita singkiri sedaya awisanipun. Mila ingkang kita Islamaken mboten namung jiwa raga lan lahir batin kita, nanging ugi sedaya thek kliwer ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang dalah pagesangan kita,  kalebet tata aturan gesang keluarga, gesang ing masyarakat, minggahipun dhateng tatanan negari.
           
            Mila pancen kasinggihan sanget, bilih kunci rahasianipun tiyang ingkang saget ngraosaken nikmatipun gesang beragami Islam punika dumunung wonten ing hidayahipun Allah SWT. Manawi satunggalipun tiyang punika sampun pikantuk hidayah, piyambakipun temtu sadar lan kanthi ihklas nindakaken sedaya aturan-aturanipun agami Islam. Wondene ingkang saged maringi hidayah punika namung Allah piyambak.
إِنَّكَ لَا تَہۡدِى مَنۡ أَحۡبَبۡتَ وَلَـٰكِنَّ ٱللَّهَ يَہۡدِى مَن يَشَآءُ‌ۚ وَهُوَ أَعۡلَمُ بِٱلۡمُهۡتَدِينَy
“Satemene sira iku (Muhammad) ora bisa aweh pituduh marang wong kang kok tresnani. Nanging amung Allah kang paring pituduh marang wong kang dikersakake. Lan panjenengane iku paling ngawuningani marang wong-wong kang oleh Pituduhe Allah”.
Makaten para sederek, selajengipun kita sampun ngantos kendhat anggen kita nyuwun hidayah dhumateng Allah SWT, sahingga saget ngraosaken kados pundi nikmatipun gesang ingkang kadasaraken aturan agami Islam ingkang sawetahipun. Bekja mulya ing donya dalah ing akhirat. amin ya rabbal alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar