KHOTBAH JUM’AT
ISRO’ MI’ROJ NABI
MUHAMMAD SAW
SHOLAT MINANGKA
KEPRIBADEN MUSLIM
Oleh : Anis Purwanto
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah
rokhimakumullah.
Minangka pambukaning
khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah
kita, kanthi nyaosaken puja puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, kanthi
karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran
kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Mugia shalawat lan
salam atur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan sedaya
penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah
rokhimakumullah.
“Pitu likur Rejeb Nabi Muhammad
SAW Isro”. Saka Masjidil Haram menyang Masjidil aqsho. Gusti ndudohake tanda-tanda
keagungan mau marang umat Islam sak ndonya. Menyang angkasa kanggo nampa dawuh
sholat. Sholat fardhu kanggo umat Islam. Ping lima ndalem sedina sa wengi. He
sedulur muslim sing percoyo. Dekno sholat sing lima wektu iku. Aja dilirwakake.
Aja disembranakake. Cagake agama. Sing mbela wakmu”
Syair
ingkang kula aturaken kasebat, salah satunggalipun rupi panaliten lan asil
saking pengajian dhumateng firman Allah, Surat Al-Isro” ayat 1, ingkang dados
dasar wantenipun prastawa Isro’ lan mi’roj Nabi Muhammad SAW :
سُبۡحَـٰنَ ٱلَّذِىٓ أَسۡرَىٰ بِعَبۡدِهِۦ
لَيۡلاً۬ مِّنَ ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡحَرَامِ إِلَى ٱلۡمَسۡجِدِ ٱلۡأَقۡصَا ٱلَّذِى
بَـٰرَكۡنَا حَوۡلَهُ ۥ لِنُرِيَهُ ۥ مِنۡ ءَايَـٰتِنَآۚ
إِنَّهُ ۥ هُوَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡبَصِيرُ
“Maha Suci Allah, sing wus nglakokake kawulane
ana ing sawijine wengi saka Masjidil Haram menyang Masjidil Aqsha. Sing wus
engsun berkahi sak kupenge. Supaya engsun ndudahake sebagian tandha-tandha
kekuasaningsin. Satemene piyambake iku Maha Midhanget lan Maha mriksani”.
Ayat
kasebat, saget dipun pendhet pinten-pinten pangertosanipun, ing antawiisipun :
1.
Tembung
“سُبۡحَـٰنَ” , ingkang artosipun “Maha Suci”, ingkang ngandhung maksud
bilih Isro’ Mi’roj menika sampun dipun kersakaken dening Gusti ingkang Maha
Leres lan Maha wicaksana, minangka tugas ingkang saget dipun ginakaken kagem
cecepengan lan pedoman pemimpin ageng sedaya umat manungsa, inggih punika Nabi
Muhammad SAW, nuju margi pagesangan ingkang mbekta keselamatan lan kebahagiaan
ing ndonya lan ing akhirat.
2.
Bilih
Nabi Muhammad SAW bidal saking Masjidil Haram dereng Masjidil Aqsha. Ngandung
makna bilih Nabi Muhammad SAW bidal saking panggenan ingkang suci lan mulia
nuju panggenan ingkang suci lan mulia ugi, inggih punika masjid, lan mbekta
tujuan lan printah ingkang suci lan mulia, inggih punika shalat gangsal wekdal.
3.
Kanthi
ayat kasebat dipun tegasaken ugi, kannthi tembung “wus ingsung berkahi sak
kupenge”. Hal punika ngandung pangertosan bilih prastawa Isro’ Mi’roj Nabi
Muhammad SAW kasebat ngandhung pinten-pinten hikmah/pelajaran ingkang kathah
manfaatipun kagem pagesangan umat manungsa. Kangge keslametan lan kesejahteraan
manungsa piyambak.
4.
Saking
sedaya ayat kasebat ngandhung makna bilih prastawa Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad
SAW, minangka mukjizat ingkang paling ageng saking Allah SWT, Gusti ingkang
Maha kawasa lan Maha Prakosa. Anglangkungi prakosanipun lan hebatipun manungsa.
Kadas dene kita sedaya priksani kemajengan ilmu pengetahuan lan tehnologi, sak
punika sampun ngambah tatanan angkasa. Punapa malih ing tahun-tahun badhe
dateng kula kinten perkembangan ngalam ndonya badhe dipun tujoaken dhumateng
kemampuan lan pengusaan ilmu pengetahuan lan tehnologi canggih. Kalebet
panaliten ngengingi ruang angkasa.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Malah sampun dhek
rikala tahun 1996, dipun kabareken bilih para ahli ruang angkasa As NASA,
mratelakaken bilih ing lintang Mars wanten tandha-tandha pagesangan. Kita
dereng saget ngaturaken, punapa kanthi penemuan punika mangke lintang Mars
punapa saget dipun panggeni manungsa, Wallahu a’lam. Allah SWT ingkang Maha
Suci lan Maha Mriksani dhateng sedaya kedadasan.
ing Indonesia ugi
sampun dipun kembangaken industri kedergantaraan, malah manut pawartos ing
media , siswa SMK sampun wasis ngrakin pesawat terbang, meskipun naming saget
ngraket, anaging menika nedahaken bilih bangsa Indonesia sampun saget dipun wastani
majeng ing babagan tehnologi canggih. sebab nyatanipun, kanthi perkembangan
ilmu pengetahuan lan tehnologi canggih puniuka, hubungan setungga nagari kalian
satunggalipun, lamngkung gampil lang langkung cepet. kadas perjalanan jamaah
haji Indonesia dhateng kitho mekah lan Madinah, sampun saget dipun tempuh
naming 10 jam terbang. Ananging, Nabi Muhammad SAW, tindak saking Masjidil
Haram dhateng Sidratil Muntaha, langit sap pitu wangsul malih dhateng Masjidil
Haram, namung dipun tempuh ndalem wekdal mbaten ngantas setengah dalu. sampun
kita aturaken, bilih kanthi ilmu pengetahuan lan tehnologi, manungsa saget
nguasani luar angkasa, ananging lampahipun Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad SAW
sampun dumugi Sidrotul Muntaha. Marak langsung, ngadhep ing Ngarsanipun Gusti
Allag SWT, nampi printah nindakaken shalat.
taksih wanten
hubunganipun kaliyan keterangan ing nginggil, bilih Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad
SAW, nampi dhawuh shalat gangsal wekdal. kewajiban sedaya kaum muslimin, jales
istri. shalat ingkang dipun tindakaken kanthi kesadaran lan keihklasan, selaras
kaliyan syarat lan rukunipun, minangka wujud saking iman lan taqwa ingkang
mendalam, dhumateng keagunganipun Gusti. minangka Gustinipun sedaya manungsa,
sedaya Malaikat lan Gusti ingkang nguwaosi jagat raya punika. pramila shalat
mengku hikmah ingkang ageng tumrap kita sedaya, ingkang sampun saget
nindakaken, kanthi ihklas lan kanthi kesadaran manah.
sawatawis hikmah
ingkang saget kita aturaken, ing keterangan punika, ing antawisipun :
1.
Shalat
minangka mbusek sedaya dosa lan kalepatan ingkang alit, kadong nyeleweng,
duraka, sifat sombong, sifat ngrisak saha kalepatan sanesipun. ingkang wanten
hubunganipun kaliyan Allah SWT, kaliyan alam sekeliling lan diri pribadi kita
piyambak. salah satunggalipun sarana kangge mbusek kalepaten punika, kanthi
nindakaken shalat. Dipun aturaken dening kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang
artosipun : “Shalat limang wektu iku ibarat banyu kali sing mili ing sangarepe
lawang, dheweke adus ing kali iku sedina sawengi ping lima, mula ing awake wus
ora ana rereget maneh”.
2.
Nentremaken
manah. gesang ingkang ayem tentrem dados dambaan sedaya manungsa. kangge
mujudaken tentremipun manah mbaten naming kanthi cekapipun kebetahan lahir,
bandha donya ingkang kathah, nyandhang pangkat ingkang inggil, ananging ugi
kedah kanthi sarana cekapipun kebetahan batos, kebetahan rohani. sahingga
kanthi makaten kita bmoten gampil ketaman raos gelisah lan keluh kesah, bilih
ketaman musibah ugi kegagalan, sebab gelisah lan keluh kesah badhe ngicalaken
kesabaran. kados dipun sebadaken wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Ma’arif ayat
19-12:
“Satemene manungsa didadekake kanthi sifat
keluh kesah lan kikir. Manawa ketaman musibah lan kesusahan dheweke keluh
kesah. lan Manawa nampa kanikmatan dheweke banget ale kikir, kejaba wong kang
nindakake shalat”.
3.
Minangka
tanda syukur dhumateng Allah SWT. manungsa minangka mahkluk ingkang paling
mulia, dipun wajibaken nyaosaken raos syukur dhumateng Allah SWT, dhumateng
sedaya nikmat ingkang sampun dipun paringaken dhumateng kita sedaya. Kados nikmat al khoiqoh utawi nikmat rupi ingkang
sampurna lan endah. Kados dipun
sebadaken wanten ing Al-Qur’an Surat At-Tin ayat 4 :
ô
“Satemene ingsung wus ndadekake manungsa kanthi sak apik-apike
kedadehan”.
4.
Nyegah
tumindak keji lan mungkar. Nurut ilmu
jiwa perkembangan, manugsa saking bilih dipun priksani saking tingkah
lakunipun, remen lan gampil nindakaken kalepatan. Meskipun bilih dipun priksani
bleger lahiriyah kacipta kanthi sampurna. pramila kangge nebihaken sifat awan
punika, kita sedaya kadhawuhan nindakaken shalat “ inna shalat tanha ‘anil fah
sa’I wal mungkar”.
Prtamila kanthi semangat lan hikmah Isro’
Mi’roj Nabi Muhammad SAW, Nabi Muhammad SAW nampi prentah shalat gangsal wekdal
langsung saking Allah SWT, sumangga kita estokaken dhawuh shalat punika, ing
tengah-tengahipun kerepotan nyambet damel kita, punapa malih ing saat kita
kagungan wekdal ingkang longgar, kanthi ihklas krana Allah SWT lan ngupadi
ridhonipun. Supados kacipta pagesangan ingang serasi lan seimbang antawisipun kepentingan
ndonya lan akhirat. Sahengga kita dadas manungsa ingkang anggadhahi kapribadhe
ingkang minulya, bekja ing ndonya lan ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar