KHOTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
SHALAT MINANGKA JAGAKE AGAMA
Ed : Anis Purwanto
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Minangka
pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken
cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken puja puji syukur ing ngarso dalem Allah
SWT, kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta
kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Mugia
shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan
sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah
rokhimakumullah.
Nurut etangan hijriyah, jum’at punika sampun tanggal 2
wulan sya’ban tahun 1433 H, ateges sampun kalih dinten kita ninggalaken wulan
rejeb. Pramila saking punika, kagem ngengetaken dhumateng kita sedaya,
keparengan ing kesempatan jum’at punika kita aturaken malih keterangan ingkang
wonten hubunganipun kaliyan penting saha hikmahipun shalat. senaosa ing wulan
rejeb kala wingi sampun dipun aturaken ngenani sholat ingkang minangka inti
saking isro’ mi’roj Nabi Muhammad SAW, sebab, shalat minangka jagakipun agami
Islam. Sahingga shalat minangka pokok ibadah, malah shalat kaanggep minangka
ciri saking umat Islam.
Dene hikmah lan tujuanipun shalat punika sampun
kabeberaken wonten ing Al-Qur’an kanthi jelas lan gambling sanget. ing antawisipun
kasebat wanten ing surat Taha ayat 14 :
إِنَّنِىٓ أَنَا
ٱللَّهُ لَآ إِلَـٰهَ إِلَّآ أَنَا۟ فَٱعۡبُدۡنِى وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ
لِذِڪۡرِىٓ (١٤)
“Setemene
Ingsun, Ingsun iku Allah kang ora ana pengeran kejaba mung Panjenenganingsun.
Mula saka iku sira nyembaha marang Ingsun lan sira ngedegna shalat, supaya
eling marang Ingsun”.
Intinipun ayat 14 surat taha ing nginggil punika dhawuh
nyembah namung dhumateng Allah SWT lan ngedegaken shalat. Dados caranipun
supados tansah enget dhumateng Allah, lan alat komonikasi antawisipun kawula
dhumateng Penciptanipun, ingkang paling praktis menggahipun agamai Islam inggih
punika shalat.
Salajengipun wanten ing Surat Al Ankabut ayat 45, Allah
paring dhawuh makaten :
وَأَقِمِ
ٱلصَّلَوٰةَۖ إِنَّ ٱلصَّلَوٰةَ تَنۡهَىٰ عَنِ ٱلۡفَحۡشَآءِ وَٱلۡمُنكَرِۗ وَلَذِكۡرُ
ٱللَّهِ أَڪۡبَرُۗ وَٱللَّهُ يَعۡلَمُ مَا تَصۡنَعُونَ (٤٥)
“Lan sira ngedekna
shalat, awit satemene shalat iku nyegah saka tumindak jahat lan mungkar. Lan
setemene eling marang Allah iku gedhe banget pigunane. Lan Allah iku Maha
mirsani marang apa bae kang kok tindakake”.
Ayat punika negesaken bilih shalat punika anggadhahi
fungsi nyegah utawi ngreksa saking tumindak kejahatan lan kemungkaran. dhawuh
pangandikanipun Allah punika wajib kita yakini sayakin-yakinipun. lan keyakinan
kita ingkang makaten punika adedhasar ilmi, inggih punika ilmi ingkang kahimpun
wanten salebetipun pelaksanaan shalat. Bilih wiwit takbiratul ihrom ngantos
dumuginipun salam, sedaya ucapanipun shalat punika awujud pangalembana lan
pernyataan setia tuhu saha panyuwunan dhumateng Allah SWT. Pramila yen
anggenipun shalat punika kanthi estu-estu, lan konjem ngantos dumugi salebeting
manah, sarta khusyuk, sayektos Allah badhe ngabulaken sedaya panyuwunanipun,
kados ingkang kasebat wonten ing ucapan-ucapan shalat. Allah ngendika, kados
kasebat wanten ing Surat Al Mukminun ayat 1 lan 2 :
قَدۡ أَفۡلَحَ
ٱلۡمُؤۡمِنُونَ (١) ٱلَّذِينَ هُمۡ فِى صَلَاتِہِمۡ خَـٰشِعُونَ (٢)
“Temen-temen begja
wong-wong mukmin iku. Yaiku wong-wong mukmin kang khusyuk anggone shalat”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Wandene tuntunanipun shalat ingkang saget kita hubungaken
kaliyan masalah pembangunan fisik, umpaminipun ingkang saged kita pendhet
saking inti sarinipun Surat An Nisa’ ayat 103 :
إِنَّ ٱلصَّلَوٰةَ
كَانَتۡ عَلَى ٱلۡمُؤۡمِنِينَ كِتَـٰبً۬ا مَّوۡقُوتً۬ا (١٠٣)
Setemene shalat iku diwajibake tumrape wong-wong mukmin
kanthi wektu-wektu kang wusditemtokake”
Dawuh
pangandikanipun Allah punika isi pemut, bilih nindakaken shalat punika boten
kenging sakajengipun piyambak, samangsa-mangsa manut seleranipun piyambak,
utawi sawekdal-wekdal kober lan sela. boten makaten. nanging shalat sampun
dipun temtokaken wekdalipun. Tiyang mukmin ingkang estu -estu imanipun, temtu
purun dipun iket aturan punika. yen
sampun dumugi wekdalipun, boten badhe wanton ngendhe-ngendhe wekdal. punapa
malih saestu Allah sampung ngatur wekdal kangge nindakaken shalat punika jelas
mboten badhe ngganggu anggen kita nyambut damel. Umpaminipun wekdal shalat
subuh, kita tindakeken ing wanci enjang sak sampunipun wungu sare,
sakderengipun bidhal nyambut damel enjang. shalat dhuhur, kita tindakaken ing
wanci istirahat siyang, saksampunipun nyambut damel. Shalat asar, kita
tindakaken ing wanci sonten, sakderengipun nyambut damel sonten, utawi malah
saksampunipun nyambut damel sonten. Shalat maghrib, kita tindakaken ing wanci
istirahat sonten, sakderengipun dahar dalu. Shalat isyak, kita tindakaken ing
wanci longgar, sakderengipun istirahat dalu.
Sikep makaten punika manawi dipun lestatunaken, temtu
saged mahanani dhateng amalan-amalan sanesipun, satemah dados tiyang engkang
disiplin anggenipun ngginakaken wekdal. lan, para sederek, mugi ndadosna ing
kawuningan, bilih suksesipun gesangipun manungsa punika yektosipun namung
dumunung eonten ing bab saged utawi mbotenipun anggenipun ngginakaken wekdal.
Kanthi makaten para sederek, shalat saestu mboten badhe
ngrugekaken tiyang ingkang nindakeken, kapara salat badhe nguntungaken lan
mbekta hikmah saha manfaat ingkang kathah. Mila saking punika , sumangga
sesarengan kita sami ningkataken kawigatosan kita dhateng bab shalat punika,
sampun ngantos kita nglirwakaken kewajiban pokok punika, namung lantaran saking
anggen kita repot. liripun, kita usahakaken
utawi kita ihtiyaraken terus supados shalat kita punika saya dangu saya sae,
rutin, lan khusyuk, satemah saged mahanani sedaya kawontenan kita dados sae,
saged migunani kangge badan pribadhi kita piyambak, keluarganipun dalah
masyarakatipun, bangsanipun lan agamanipun.
Insya Allah gesang makaten punika gesang ingkang dipun
ridhani dening Allah SWT, bekja mulya ing ndonya lan ing akhirat, amin ya
rabbal ‘alamin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar