KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
MUKHASABAH
ING AKHIR TAHUN
Dening : ANIS PURWANTO
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga
sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken puja puji
syukur ing ngarso dalem Allah SWT, kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih
kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah
Jumat ing siyang punika. Saestu, kita anyekseni bilih mbaten wanten pangeran kajawi
Allah SWT, Gusti ingkang Maha Mirah lan Maha asih, Maha Penyayang lan Maha
Pengampun dumateng sedaya hambanipun. Lan kita anyekseni bilih Nabi Muhammad
SAW punika Rasul ingkang kautus nyebaraken rahmatipun Allah dumateng sedaya isi
jagat agung punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi
Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Dinten Jumat punika
kita sampan wanten ing pethitipun warsa 1433 H, insya allah Jum’at ngajen kita sampun lumebet ing warsa
enggal tahun 1434 H, ing dinten punikamalah
sampun tanggal 2 wulan Muharram utawi ingkang asring kita sebat wulan asuro utawi
suro. Pramila keterangan khutbah jum’at ing siang punika, keparenga kula
aturaken sekedik keterangan ingkang wanten gegayutanipun kaliyan persiapan
anggen kita badhe methuk datengipun warsa enggal tahun 1433 H.
Para sederek, kados
limrahipun tiyang bebakulan, kadas mbok bakul ingkang mbikak wande,
wekdal-wekdal akhir utawi saksampunipun nutup warungipun biasanipun lajeng
dipun ginakaken kagem ngetung-ngetung. Setunggal dinten punika kalawau
sadeanipun untung punapa rugi. Manawi rugi punapa sebabipun, lan manawi bathi
kados pundi caranipun saget ningkataken bebathenipun ing wekdal dinten
candakipun. Semanten ugi, ing pagesangan kita punika, mestinipun kita ugi saget
ngetang-ngetang amal ibadah kita salami setunggal tahun, tahun 1433 H punika.
Iman saha taqwa kita saya ningkat punapa mbaten, kesadaran
saha semangat ngibadah kita saya ningkat punapa mbaten, kathah benere punapa
salahe, untung punapa rugi. Pramila saking punika etung-etung amal utawi dzikir
mukhasabah saestu sanget ageng manfaatipun, menggah kita ingkang kagungan niat
wantenipun peningkatan ing sedayanipun, sae ing babagan kadonyan
langkung-langkung wanten urusan keakhiratan.
Bilih saget kita sanepakaken amal kita ingkang kepengker
punika kadas dene buku, kanthi buku lami punika, ing pangajab kita pikantuk
piwucal saha pengalaman ingkang saget kita dadosaken guru saha tuladha ingkang
sae, sahingga ing catetan buku enggal mangke kacathet sejarah pagesangan kita
ingkang sae.
Atur katerangan punika jumbuh kaliyan pangandikanipun Allh
SWT, wanten Surat Al-Hasyr ayat 18.
يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ
ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٌ۬ مَّا قَدَّمَتۡ لِغَدٍ۬ۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَۚ
إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ (١٨)
“He wong-wong kang
padha iman, taqwa-a sira kabeh marang Allah, lan saben-saben wong supaya padha
nggatekake marang sakabehing amal tumindak ana ing dina-dina kepungkur kanggo
kemaslahatane dina-dina kang bakal tumeko, lan padha taqwa-a sira kabeh marang
Allah, satemene Allah iku Maha Pirsa apa bae kang kok tindakake”.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Sebab,
sejatosipun bilih gesang kita ing ngalam ndonya punika ibarat sakkeclapan. Kita
mestinipun lajeng kedah tumunten ceket-ceket menggalihaken amal saha tumundak kita ingkang
saget ndadosaken kita ngasilaken kesaenan kanthi bathi sakathah-kathahipun,
Mestinipun kita ugi saget niru mbok bakul. Kepingin bathi ingkang kathah,
mbaten purun manawi ngantos rugi. Jawanipun, para sederek, kadas kaserat wanten
ing Surat Al-Mukminun ayat 1-11, Allah sampun paring jaminan gesang sukses lan
menang dateng tiyang ingkang purun ngestokaken nenem perkawis : 1, Estu-estu
iman dateng Allah SWT, 2. Khusuk lan njagi shalatipun, 3. Nebihi amal tumundak
muspra, ingkang mbaten wanten ginanipun, 4. Mbayaraken zakatipun, 5. Njagi
kribadinipun, lan 6. Njagi amanat lan netepi janji.
Yektosipun
kita sedaya sampun sami mangertos bilih sedaya amal ibadah punika sae, sae
menggahipun kita saha menggahipun Allah. Namung terkadang karana kirangipun
kedasaran andadosaken kita lajeng lirwa, rumaos kirang penting, ora pati
manfaat, punapa malih bilih kaukur kanthi nilai materi, wekdal ingkang kagem
ngibadah rumaos kabuang percuma. Nanging badhea kados punapa kemawon, manawi
kita sedaya sami jujur, estunipun kita punika kagungan iman, kagungan
pepinginan khusuk ngibadah, shalat kita pingin mboten gothang. Cekak atur, kita
pingin nindakaken sadaya amal kesaenan lan kepingin ninggalaken sadaya
awisanipun Allah. Kuncinipun kantun kita piyambak-piyambak, pingin nindakaken,
punapa mbaten, sakmenika punapa mbenjang-mbenjang.
Kanthi
makaten para sederek, mestinipun kita sampun saget mbiji dumateng kita
piyambak, ugi dhumateng sedaya amal, sae ingakng gegayutan kaliyan urusan
kadonyan langkung-langkung urusan keakhiratan, sampun kasil punapa dereng,
sampun mbekta manfaat punapa dereng. Hasil saking etung-etung punika badhe kita
dadosaken modal utami kagem mlangkah ing wekdal-wekdal ingkang badhe dateng.
Sebab, meskipun sekedik, kita yakin kita sampun nindakaken kesaenan, lan punika
mesti wanten faedahipun kagem gesang lan pagesangan kita, lha saeba maremipun
bilih anggen kita nindakaken kesaenan punika kaetang sampun kathah, lan sampun
sampurna. Namun, sedaya punika patut kita syukuri, karana ngantos ing titi
wanci punika kita taksih dipun paringi wekdak kagem ngawontenaken niti-niti
dumateng diri kita piyambak. Lan menggahipun Allah taqwa minangka biji ingkang
paling inggil.
Al-Qur’an Surat Al-Hujarat ayat 13 nyebadaken:
إِنَّ أَڪۡرَمَكُمۡ عِندَ ٱللَّهِ أَتۡقَٮٰكُمۡۚ
“Satemene wong kang paling mulya ing ngarsane Allah, ing
antarane sira kabeh, yaiku wong kang paling taqwa marang Panjenengane”.
Mugi-mugi
ayat shawuhipun Allah punika saged saya nambahi gumregah lan gumregut ing
semangat kita anggenipun badhe terus ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah
sarana nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun Allah SWT.
Akhiripun,
mumpung sekedhap malih kita taksih dipun engetaken kanthi wantenipun prastawa
pergantian warsa enggal, wiwit sapunika kita sami cancut tali wanda, ngribah
kekirangan kita ing wekdal kawuri, kagem kesaenan ing wekdal saklajengipun.
Sumangga dzikir etung-etung ing akhir tahun punika, saestu kita dadosaken bahan
niti utawi instrospeksi diri, kagem ndandosi kekirangan, nambah ingkang kirang,
ningkataken ingkang sampun sae. Kanthi makaten mugia kita kagolong tiyang
ingkang untung, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar