KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
“GANGGUAN JIWO”
Dening : ANIS PURWANTO
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Mangga para sederek kita ngaturaken
taqwa lan syukur kita ing ngarsa dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring
kanikmatan, kesenengan, rizki, lan pagesangan dhumateng kita sedaya, sahingga kanthi rahmatipun Allah ugi kita
sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam. Mugi rahmat saha salam
kaparingna dhateng panutan kita Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kita sedoyo
kagolong ewoning poro muttaqin, nindakaken sedaya dhawuhipun sarta nilaraken
sedaya awisanipun. Sumangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados dene
ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wanten syariat agami Islam, Sampun ngantos tumindak kita nyimpang saking tuntunan agami
ingkang suci , supados gesang kita
pikantuk rahmat sarta pangayomanipun Allah SWT, tata tentrem karta
raharja, lan manggih kabekjan fid dun yaw al akhirah.
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah
Wekdal dereng dangu punika, kathah kedadosan
ingkang ndadosaken mirisipun manah kita sami, kadosdene rojopati kanthi dipun
mutilasi, malah kanthi dipun buang, dipun ecer-ecer ing tengahipun dalan tol,
pawartos rudopeksa, malah wonten ingkang dipun tindakaken dening tiyang sepuh
dhumateng anakipun piyambak, koropsi, manipulasi, narkoba, dados pawartos saben
dinten ing layang kabar ugi ing televisi. Tuwuh lan kiyatipun penyakit sosial
lan kejiwaan ing tengah-tengahipun masyarakat kita, dipun milai saking
wontenipun perilaku menyimpang. Penyakit punika saya dangu ketawis saya ndadra
lan radi angel dipun usadani. Ingkang tundonipun masyarakat umum ingkang badhe
nampi kerugian ingkang ageng.
Selajengipun, ingkang dados bahan
pitaken sesarengan inggih punika, punapa sebabipun sedaya punika kedadosan,
kamongko kita minangka jejeripun mahkluk sosial kagungan kewajiban sesarengan
kagem mbangun bebrayan agung punika, mujudaken pagesangan ingkang tata tentrem
kerta raharja. Ananging , para sederek, gesang wanten ini salebeting jaman
ingkang dipun wastani jaman kemajengan kadas samangke punika satuhu andadosaken
manah kita sakelangkung prihatos dene nyipati babaring kawontenan ingkang
sarwo morak-marik. Rakiting hukum tata pranatan ngagesang tuwin angger-angger
ingkang amrih tata tentrem raharjaning gesang sampun katrajang wani tanpa
deduga lan prayoga. Sesipatan dalah paugeraning manungsa pranyata sampun malik
grembyang kados dene bumi lan langit. Ingkang lepat kaanggep leres, ingkang
leres dipun damel lepat, sedaya awisan dipun lampai, dene prentah sami dipun
tebihi. Tumindak awon sampun kados padatan kalimrahing ngagesang, hawa nepsu
angkara murka kaumbar sak sakecanipun tanpa wigah-wigih, wondene pakarti sae
kaanggep aeng lan dados gegujengan. Punika kalawau wujudipun kawontenan ingkang
kapranata mbaten mawi angger-angger tuntunaning agami Islam.
Wanteng ing satunggalipun hadist Nabi
SAW sampun ngengetaken, ingkang intinipun, wong sing nindakake donya dadi
tujuan urip sing nomer siji, mula ora ana sathithik-thithika hubungan antarane
dheweke lan pangerane. Lan dening Allah didadekake ing atine patang perkara “
1. Gelisah kanthi terus-terusan. 2. Ribet kang ora ana enteke. 3. Rasa kurang
sing ora ana cukupe. 4. Angen-angen sing ora bakal ketekan.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Ing cuplikan terjemahan ing nginggil
saget kita pendet intinipun, sepindah ; manungsa badhe tebih saking bimbingan
iman, gesangipun dipun agem kangge mburu kepentingan duniawiyah. Sedaya
perkawis dipun ukur kabthi nilai materi, gusti Allah dipun tilar. Ingkang
kaping kalih, tiyang ingkang dipun budhak kaliyan kepentingan duniawiyah, badhe
ngidhep penyakit rokhani. Jiwanipun mbaten tenang, gelisah, sarenipun klisikan,
mbaten purun syukur, kagungan sifat kirang ingkang hebat. Jiwanipun
kemrungsung, kagubel raos ajrih, stres, persaingan tidak sehat, gampang
nyalahaken tiyang sanes. Bilih pepinginanipun mbaten kaleksanan, gampil
ngginakaken kekerasan, ingkang dados mirisipun tiyang sanes.
Kagem nyikapi gejala tuwuhipun
penyakit kejiwaan ing tengah-tengahipun masyarakat, kita umat Islam kedah
wangsul dhumateng ajaran agami Islam. Sebab agami Islam sampun nuntun umatipun
nuju margi ingkang dipun ridhoi dening Allah SWT. Ajaran keseimbangan ing agami
Islam, inggih punika keseimbangan antawisipun kebetahan jasmaniah lan rohaniah
dados kunci pokok kagem uwal saking sedaya penyakit sosial. Sebab kebetahan
jasmaniah lan rohaniyah, kalih-kalihipun kedah kita upadi sesarengan lan mbaten
saget kita pisahaken. Kawilujengan lan kebahagiaan donya dalah akhirat dados
tujuan kita sami. Miskipun kenyataanipun angel kagem mujudaken. Ing saat kita
berusaha nyekapi kebetahan jasmaniah, kanthi kerja keras, peras keringat, banting tulang, ing saat punika ugi wekdal
kangge nyekapi kebetahan rohaniah terkadhang saget kethetheran.
Pramila saking punika keserasian
kepentingan donya akhirat , ing agami Islam dados penting sanget, kados
panyuwun kita “Robbana atina fidun-ya khasanah, wafil akhirati khasanah”. Sebab
kebetahan lan kebahagiaan ing donya kagungan pengaruh ingkang ageng tumrap
usaha kangge nuju kebahagiaan ing akhirat. Ibadah dhumateng Allah SWT
kuncinipun. Selajengipun Allah badhe paring hidayah, sahingga punapa ingkang
kita tindakaken, pokok punika barang khak, badhe mbekta manfaat tumrap diri
pribadi dalah masyarakat. Ingkang tundonipun, bilih manah dalah rohipun kanthi terus-terusan
dipun siram roh ilahiyah, badhe tentrem lan tebih saking sifat ingkang saget mbekta kerisakan lan
kemudhorotan.
Dipun sebadaken wanten ing Al-Qur’an
Surat Yunus ayat 57 :
يَـٰٓأَيُّہَا
ٱلنَّاسُ قَدۡ جَآءَتۡكُم مَّوۡعِظَةٌ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ وَشِفَآءٌ۬ لِّمَا فِى ٱلصُّدُورِ
وَهُدً۬ى وَرَحۡمَةٌ۬ لِّلۡمُؤۡمِنِينَ (٥٧)
“He para manungsa, sira wis padha oleh
piwulang saka Pangeranira, yaiku Al-Qur’an, lan uga oleh obat lelara sajroning
ati. Al-Qur’an iku dadi pituduh, tumrape
wong mukmin dadi rohmat”.
Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Garis sunah Allah sampun cekap
paring kesempatan ingkang ageng tumrap kita, kangge mbentuk pribadi muslim
ingkang paripurna. Kantun kadas pundi kita. Margi kesesatan ingkang kita pilih,
punapa margi rahmah. Sebab kita piyambak ingkang badhe nemtokaken. Bilih margi
rahmat Allah ingkang kita pilih, mestinipun kita ugi kedah purun ngurbanaken
diri, nindakaken sedaya dawuh saha nilaraken sedaya awisanipun Allah SWT. Sebab
margi rahmah nuju pensucian diri, hingga pagesangan tetep ing margi ingkang dipun
ridhoi dening Allah SWT. Punapa kemawon
hasil saking pagesangan kita ing ngalam donya punika , kita tetep kagungan
sikep syukur. Ananging bilih kita nembe nandang kekirangan, kita tetap kagungan
raos pitados bilih punika minangka ujian saking Allah SWT. Firman Allah wanten
Al-Qur’an Surat Ali Imran : 186:
لَتُبۡلَوُنَّ فِىٓ
أَمۡوَٲلِڪُمۡ وَأَنفُسِڪُمۡ وَلَتَسۡمَعُنَّ مِنَ ٱلَّذِينَ أُوتُواْ ٱلۡكِتَـٰبَ
مِن قَبۡلِڪُمۡ وَمِنَ ٱلَّذِينَ أَشۡرَكُوٓاْ أَذً۬ى كَثِيرً۬اۚ وَإِن
تَصۡبِرُواْ وَتَتَّقُواْ فَإِنَّ ذَٲلِكَ مِنۡ عَزۡمِ ٱلۡأُمُورِ (١٨٦)
“Temen
sira kabeh padha dicoba dening Allah, tumrap awak lan bandhanira, lan sira
kabeh bakal padha krungu ucapan kang ngrarakake ati, saka wong-wong sing
diparingi kitab sadurungira, uga wong-wong kang nyekutokake Allah, kanthi
gangguan kang akeh lan nglarani ati. Manawa sira pada sabar lan padha wedi
“marang Allah”, satemene kang mangkono iku klebu sabecik-becike perkara”. (QS
Ali Imran :186).
Ugi kasebat wanten ing Al-Qur’an
Surat Asy-Syamsi ayat 9-10 :
قَدۡ أَفۡلَحَ مَن
زَكَّٮٰهَا (٩) وَقَدۡ خَابَ مَن دَسَّٮٰهَا (١٠)
“Wong kang ngresiki awake saka dosa dadi wong
kang beja lan temen kapitunan sapa sing ngregeti jiwane”.
Akhiripun sedaya kegiatan
pangibadahan kita punika sejatosipun wanten hubunganipun kaliyan usaha penyucian
jiwa, kangge mbentuk pribadi muslim sejatos. Jiwanipun ayem, masyarakatipun
tentrem, nyambut damel saget ngasilaken ingkang marem, akhiripun kita seget
ngraosaken kebahagiaan kanthi mesam-mesem. Wilujeng, begja mulya awit ing
ndonya khatal akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar