NASKAH KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
MARGINIPUN SUWARGA
Dening : Drs. Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ
نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ
مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ
فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ
قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Mangga
para sederek kita ngaturaken taqwa lan syukur kita ing ngarsa dalem Allah SWT.
Ingkang sampun paring kanikmatan, kesenengan, rizki, lan pagesangan dhumateng
kita sedaya, sahingga kanthi rahmatipun
Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam. Mugi rahmat
saha salam kaparingna dhateng panutan kita Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kita
sedoyo kagolong ewoning poro muttaqin, nindakaken sedaya dhawuhipun sarta
nilaraken sedaya awisanipun. Sumangga kita sami tansah berjuang lan beramal
kados dene ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wanten syariat agami
Islam, Sampun ngantos tumindak kita nyimpang saking tuntunan agami
ingkang suci , supados gesang kita
pikantuk rahmat sarta pangayomanipun Allah SWT, tata tentrem karta
raharja, lan manggih kabekjan fid dun yaw al akhirah.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka
khotib ing siang punika, kulo ngajak dhumateng kita sedaya, sumangga kita
mbudidaya terus murih ketaqwaan kita dhateng Allah SWT lan ugi dhumateng utusanipun, saya dangu sanga ningkat.
Awit Allah SWT piyambak ugi
sampun paring dhawuh makaten :
وَمَن يُطِعِ ٱللَّهَ
وَرَسُولَهُ ۥ وَيَخۡشَ ٱللَّهَ وَيَتَّقۡهِ فَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ
ٱلۡفَآٮِٕزُونَ
“Sing sapa wonge taat marng Allah lan taat
marang utusane, sarta wedi marang Allah lan taqwa marang Panjenengane,
wong-wong kang mangkono iku yaiku wong-wong kang oleh kabekjan”. (QS. An-Nur
:52).
Poro
sederek, minangka umat Islam, kita tartamtu anggadhahi ancas saha tujuan gesang tuwin pagesangan
kita. Wondene tujuan ingkang paling inggil, inggih punika mbenjang wanten ing
alam akhirat saget kagolongaken umat ingkang pikantuk kabegjan, mapan ing
swarganipun Allah SWT, papan ingkang sekalangkung endah, kebak kenikmatan lan
kesenengan, ingkang kita sedya mboten saget mbayangaken saha nggambaraken. Awit
sedaya lamunan saha gambaran punapa malih pangentha-entha mboten sami kaliyan
hakekatipun.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Manawi
kita galih kanthi saestu, saben tiyang tartamtu paham lan mangertos, bilih
sedaya gegayuhan engkang inggil kedah katebus kaliyas pengorbanan saha beyo
ingkang kathah, kanthi conto : tiyang ingkang kepingin mbangun griyo ingkang
sae, kiyat sarwi beton cor lan model paling “mutakhir”, ragad lan beayanipun
temtu langkung awis kabandhing griya ingkang kadamel kanthi bahan-bahan
mirahan. Makaten ugi suwarganipun Allah,
jelas mboten saget dipun tumbas kanthi arto pinten kemawon. Anannging suwarga
dipun sediakaken kagem tiyang ingkang sampun nyekapi syarat-syaratipun ,
antawisipun :
إِنَّ ٱلَّذِينَ
قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ ٱسۡتَقَـٰمُواْ تَتَنَزَّلُ عَلَيۡهِمُ
ٱلۡمَلَـٰٓٮِٕڪَةُ أَلَّا تَخَافُواْ وَلَا تَحۡزَنُواْ وَأَبۡشِرُواْ
بِٱلۡجَنَّةِ ٱلَّتِى كُنتُمۡ تُوعَدُونَ
“Satemene wong-wong kang padha
ngucap : “pangeraningsun iku Allah”. Wusana wong-wong mau banjur padha
istiqomah, wong-wong kang mangkono iku sayekti bakal ditumuruni para Malaikat
kang nggowo dhawuhe Allah, “Sira kabeh aja padha wedi lan aja padha susah, lan
sira kabeh padha bungah-bungaha jalaran arep kaparingan suwarga kang mulya di
janjekake kanggo sira kabeh”. (QS. Fush-shilat : 30).
Wanten ayat punika syarat dipun
terangaken bilih syaratipun kalebetaken wonten ing swarga wonten kalih inggih
punika tauhid dhumateng Allah lan istiqomah. Tauhid tegesipun ngyakini
utawi iman dhumateng Allah. Iman
dhumateng Allah bilih Allah punika Maha tunggal dzatipun lan Maha Tungga
sipat-sipatipun. Dene tembung istiqomah
ing ayat punika “Tsummas taqaamuu”, tegesipun ‘Wusana wong-wong mau banjur
padha tegak”. Maksudipun, tegak akidahipun, tegak ibadahipun, tegak ahklakipun
lan ugi tegak mu’amalah duniawiyah. Tiyang ingkang istiqomah makaten punika,
dipun janji dening Allah badhe kalebetaken wanten ing swarganipun langgeng
salaminipun. Kanthi makaten para sederek, bilih swarganipun Allah punika mboten
mirah reginipun, lan mbaten gampil, ananging tartamtu saget dipun gayuh sarana
netepi syarat-syaratipun, tentu kemawon kita tetep nyuwun hidayah saha
taufiqipun Allah SWT.
Kasebat
wanten ing salebetipun Kitab suci Al-Qur’an, Surat Ali Imran ayat 101
nyebadaken :
وَمَن يَعۡتَصِم
بِٱللَّهِ فَقَدۡ هُدِىَ إِلَىٰ صِرَٲطٍ۬ مُّسۡتَقِيمٍ۬
“Sing sapa wonge gegondhelan kenceng marang
Allah, wong mau nyata-nyata dituduhake marang dalan kang lurus”.
Makaten
para sederek , kagem anggayuh swarganipun Allah SWT kita tentu kedah cecepengan
dhumateng agaminipun Allah, kanthi mentaati lan ngestokaken sedaya dhawuhipun Allah
lan nilaraken sedaya awisanipun Allah SWT. Sahingga tiyang ingkang kepingin
kalebetaken wanten ing swarga kedah wantun nebus kanthi regi ingkang awis saha
kanthi pangorbanan ingkang awrat.
Panyuwun
kita, mugi-mugi kita saget netepi sedaya syarat-syaratipun kagem anggayuh
swarganipun Allah SWT, bagio mulya kagem selaminyo. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ
فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar