KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
RIKALA KITA SUJUD
Dening : Drs. ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ
بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا
وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka
tiyang ingkang kaparingan raos iman dhumateng Allah swt, kita kedah tetep sukur
ing ngarsa dalem Allah swt, wonten ing
kawontenan ingkang kadas pundi kemawon. Ing saat sakit, ing saat nandang
pacoben punapa malih ing rikala kita kaparingan kanugrahan ingkang dados mongkokipun dalah gumbiraning
manah. Kita mboten ngirangi lan punapa malih ngantos ngicalaken raos iman
dumateng Allah. Awit iman ingkang kiat, badhe kiat ngadhepi sawerninipun
pacoben. Sahingga ing akhiripun dados pribadi ingkang siap ngadepi sedaya
kawontenan. Ing saat kita kaparingan pacoben, kita tetep sabar dalah tawakal,
ing saat kita kaparingan kanugrahan kathah anggenipun syukur.
Wanten
ing Al-Qur’an Allah sampun paring pemut dhateng kita sedaya, kadas kasebat
wanten ing Surat Al-Maidah ayat 69 :
مَنۡ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلۡيَوۡمِ ٱلۡأَخِرِ
وَعَمِلَ صَـٰلِحً۬ا فَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ
“Sing sapa
wonge iman marang Allah lan Dina Akhir banjur tumindak salih, mula ora bakal
ana rasa wedi ana ing atase wong-wong iku, lan wong-wong iku ora bakal
ngrasakake susah”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Pengakenanipun
batos bilih Allah punika Maha Inggil, sampun kita lafalaken ing rikala bathuk
kita temempel wonten ing papan pasujudan, ing rikala kita nindakaken sujud, nun
inggih papan pasujudan minangka ingkang paling andap. Ing saat sujud punika
kita sebat asmanipun Allah, Dzat ingkang Maha Suci saking sadhengahipun
pepesthen ingkang dados tekdiri-Pun, kita inggih ing papan ingkang paling andap
punika kita ngikraraken tasbih, “subkhanallah, wa bihamdihi”. Maha suci
Allah, lan memuji dhumateng Allah. Pengakenan punika pengakenan ingkang tulus
dalah pasrah, wonten ing kawontenan ingkang sarwa kirang, sarwa ringkih sarta
mboten anggadhahi daya punapa-punapa ing ngarsanipun Allah. Sebab namung Allah
ingkang Maha Agung, Maha inggil. Sedaya
punika kita lambangaken kanthi gerakan sujud, kanthi bathuk kita tempelaken ing
papan pasujudan.
Sahingga
kanthi keyakinan lan raos manah ingkang kados makaten punika, kita mboten badhe
ngagul-ngegulaken perkawis kadonyan, ngediraken babagan kadonyan ingkang namung
minangka ampilan dalah peparinganipun Allah swt.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Raos
iman ingkang kados makaten punika badhe milujengaken tuwin nentremaken kita
saking sadhengahipun rubeda. Ibaratipun peksi, kita sampun dipun damelaken
susuh dening Allah. sahengga satebih-tebihipun anggenipun mabur, piyambakipun
sampun anggadhai panggenan kangge wangsul. Pramila raos iman ingkang sampun
wonten punika sumangga kita jagi, syukur manawi malah tansah dipun suburaken
ing supados saya mindak sae, mindak ageng lan tambah kiyat.
Sahengga
manawi wonten perkawis punapa kemawon, kita badhe cepet-cepet sareh, sumarah
lan sabar menawi ing kala mangsa nampi musibah, nanging ugi mboten lajeng umuk,
gumedhe lan supe saking asal-usuling diri manawi nembe pikantuk sih
kanugrahanipun Gusti. Sugih mlarat menika sampun saking ngarsanipun Allah,
sauger kita sampun ihtiyar kanthi leres lan estu-estu. Dados sedaya punika
kedah dipun wangsulaken malih dhateng maknanipun sujud, inggih punika pasrah
lan nyuwun kekiyatanipun Allah, Dzat ingkang Maha Suci tur Maha Agung, Subhana
robbiyal a’la, wabihamdihi.
Wonten
ing Al-Qur’an Surat Al-A’raf ayat 206 Allah sampun paring pangandika :
إِنَّ
ٱلَّذِينَ عِندَ رَبِّكَ لَا يَسۡتَكۡبِرُونَ عَنۡ عِبَادَتِهِۦ
وَيُسَبِّحُونَهُ ۥ وَلَهُ ۥ يَسۡجُدُونَ
“Satemene wong-wong kang ana ing
sisine Pangeranira iku ora rumangsa abot nalika nyembah klawan Allah, lan
wong-wong iku padha maca tasbih, nyucekake asma Panjenengane Allah, lan ya mung
marang Allah wong-wong iku padha sujud”.
Para sederek, sepisan malih ayatipun
Allah punika paring dhawuh dumateng kita sedaya, bilih wonten ing
saawrat-awratipun masalah tuwin pendamelan ingkang kita ayahi, kita mboten
kinging kecalan raos iman dumateng Allah, awit inggih kanthi iman saha dzikir
ingkang dados kuncinipun taqarrup ing ngarsanipun Allah, iman ingkang dados
senjata pamungkas kita ing ndalem ngadepi kawontenan ingkang kados punapa
kemawon, iman kedah kita jagi, sampun ngantos kikis, punapa malih kok ngantos
ical saking salebetipun manah, wah punika estu menggahipun Allah sampun
wassalam.
Akhiripun para sederek, sumangga
makna saking sujud, ingkang sampun kita tindakaken kaping 34 ing shalat gangsal
wekdal punika estu-estu kita tamakaken wonten ing gesang kita saben dintenipun,
sahingga kita saget mendet hikmah saking sedaya perkawis ingkang kitha adhepi,
sae ing babagan kadonyan langkung-langkung wonten ing urusan keakhiratan,
wilujeng ing donya dumuginipun ing akhirat, amin ya rabba
alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ
وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ
مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ
اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(dipun pethik saking buku-buku
khotbah Jum’at)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar