KHUTBAH
JUM’AT BAHASA JAWA
GESANG ISTIQOMAH
Dening
: Drs. ANIS PURWANTO
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ
بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا
وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Kabem
pambukaning atur wonten ing kesempatan Jum’at siyang sapunika, sumangga kita
aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, awit ngantos ing detik
punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman
lan Islam kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat ing siyang punika. Kita
nyuwun dhumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah
SWT. Sehingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akhirat, amin ya
rabbal ‘alamin. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad SAW, sahabat lan sedaya
penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wanten ing
kesempatan siang punika, keparenga kita aturaken keterangan ing babagan
itiqomah, ingkang kadasaraken kalih ayat , inggih punika :
إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ
ٱسۡتَقَـٰمُواْ فَلَا خَوۡفٌ عَلَيۡهِمۡ وَلَا هُمۡ يَحۡزَنُونَ
“Satemene
wong-wong kang ngucap : Pangeran kita iku Allah, wusana wong-wong mau banjur
padha istoqomah, wong-wong kang mangkono iku ora bakal kapatrapan rasa wedi
utawa kuwatir lan dheweke uga ora bakal nandhang susah”.(Al-Ahqof:13).
إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ
ٱسۡتَقَـٰمُواْ تَتَنَزَّلُ عَلَيۡهِمُ ٱلۡمَلَـٰٓٮِٕڪَةُ أَلَّا تَخَافُواْ وَلَا
تَحۡزَنُواْ وَأَبۡشِرُواْ بِٱلۡجَنَّةِ ٱلَّتِى كُنتُمۡ تُوعَدُونَ
“Satemene
wong-wong kang ngucap : Pangerane kita iku Allah. Wusana dheweke banjur padha
istiqomah, wong-wong mau bakal ditumuruni dening para malaikat kanhti ngasta
dhawuhe Allah :”Sira kabeh aja padha bungah-bungaha jalaran bakal kalebokake
ing suwarga kan pancen wis dijanjekake kanggo sira kabeh ”.(QS. Fush-shilat :30).
Istiqomah punika tegesipun
madhep lan mantep, liripun anggenipun ngaken dados kawulanipun allah punika kanthi
madhep lan mantep, ngamalaken ngamalaken
agama Islam kanthi sampurna, kados ingkang sampun dipun dhawuhaken dening Allah
wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 208 :
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ
ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ خُطُوَٲتِ
ٱلشَّيۡطَـٰنِۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬
“He, wong-wong
kang iman marang Allah, sira kabeh mlebua ana sajrone agama Islam kanthi
sampurna. Lan sira kabeh aja manut ingkah lakune syetan, sebab setemene syetan
iku minangka mungsuh kang terang-terangan tumrape sira kabeh “.
Wandene
pangertosanipun Agami Islam, inggih punika agami ingkang dipun asta dening Nabi
Muhammad SAW, ingkang awujud wahyu ilahi ingkang dipun turunaken dening Allah
SWT wanten salebeting Sunnah Rasul, inggih punika awujud dhawuh-dhawuh lan awisan-awisan Allah sarta
pitedah kangge kemaslahatan manungsa wanten ing donya dalah ing akhirat.
Agami Islam anggadhahi
cakupan sekawan warni, ing antawisipun ; 1. Aqidah. 2. Ibadah. 3. Akhlaq lan 4.
Mu’amalah duniawiyah. Sahingga kita nembe saged dipun sebad tiyang ingkang
istiqomah namawi kita sampun saged ngamalaken sekawan bab kalawau kanthi
sampurna. Kanthi makaten, insya allah kita dipun jamin dening Allah mboten badhe kadunungan raos kuwatos,
ajrih lan susah. Lan tiyang ingkag makaten punika sejatosipun tiyang ingkang
tawakal lan tiyang ingkang sampun iman lan taqwa kanthi sampurna. Tiyang ingkang
makaten punika dipun janjekaken dening Allah SWT, kadas kasebad ing Surat Al-A’rof
ayat 96 :
وَلَوۡ أَنَّ أَهۡلَ
ٱلۡقُرَىٰٓ ءَامَنُواْ وَٱتَّقَوۡاْ لَفَتَحۡنَا عَلَيۡہِم بَرَكَـٰتٍ۬ مِّنَ
ٱلسَّمَآءِ وَٱلۡأَرۡضِ وَلَـٰكِن كَذَّبُواْ فَأَخَذۡنَـٰهُم بِمَا ڪَانُواْ
يَكۡسِبُونَ
“Lan yen
pendhudhuking Negara-negara ku wis nyata-nyata lan temenan anggone iman lan
taqwa marang Allah, sayekti ingsun mesthi maringake sakabehing kebecikane
langit lan bumi marang dheweke. Nanging dheweke mau ora iman lan ora taqwa,
nanging malah nggorohake ayat-ayat Ingsun. Mula Ingsun banjur matrapake
pasiksan marang dheweke jalaran dosa-dosa kang padha ditindakake”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah
jum’ah rokhimakumullah.
Sepindhah malih, sumangga kita sami
nulat sariro, mundhut priksa dhumateng diri kita piyambak-piyambak, punapa kita
sampun ngestokaken sedaya dhawuhipun Allah punapa dereng. Punapa kita sampun
iman lan taqwa kanthi samestinipun punapa dereng. Bilih jawabanipun inggih,
ateges kita sampun kagolong ewonipun tiyang ingkang badhe pikantuk kanugrahan
dalah kabegjan ing donya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin
بَارَكَ اللهُ لِيْ
وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ
مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ
اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(dipun pethik saking buku-buku
khotbah Jum’at)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar