KHUTBAH
JUM’AT BAHASA JAWA
NAPAK TILAS
PERJUANGANIPUN NABI IBRAHIM as
Dening
: Drs. Anis Purwanto
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ
وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ
تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin
jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur,
sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang
sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang
punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita
nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah
SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat.
Shalawat dalah salam kunjuk
dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu
syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Dinten
Jum’at Wage pas setunggal minggu kepengker kita umat Islam sampun sami
mangayubagya dinten agung Idul Adha, ingkang mengku piwucal adiluhung pokok
supados kita sami ningkataken keimanan lan ketaqwaan dhumateng ngarsa dalem
Allah SWT. Wondene sesambetanipun ibadah qorban kaliyan Idul Adha punika mbaten
uwal saking sejarah prastawa nalikanipun Nabi Ibrahim as kadhawuhan dening
Aallah SWT supados ngorbanaken keng putra kinasih Nabi Ismail as.
Kisah
nyoto punika dipun abadekaken wnten salebetipun Al-Qur’an Surah As-Shofaat ayat
102 , nalika Nabi Ismail as dipun dangu dening ramanipun, kapurih mragat awit
saking dhawuh Allah SWT. Keng putra Nabi Ismail lajeng matur :
يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُۖ
سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
“Dhuh rama, mangga kula aturi nindakaken
punapa ingkang sampun dipun dhawuhaken Allah dhateng rama. Rama badhe saged
mbuktekaken dhateng puta jengandika ingkang insya Allah kalebet golonganipin
tiyang ingkang sabar”.
Punggelan ayat punika nggambaraken sifat taat dalah ihklasipun satunggaling bapak lan anak mundi
dhawuh Pangeranipun, mboten merdulekaken senaosa kedah ngrubanaken putra
ingkang sekelengkung dipun tresnani. Senajan toh akhiripun sedaya wilujeng,
awit dipun gantos mawi menda gibas dening Malaikat utusanipun Allah SWT. Nanging prastawa punika sayektosipun sampun
mujudaken satunggalipun conto ingkang mengku didikan ingkang saget kita suri
tauladani ing ndalem nindakaken dhawuh saha nilaraken sedaya awisanipun.
Ing bab sanes dipun gambaraken kados pundi sifat
kepemimpinan dalah kepedulianipun Nabi Ibrahim as dhateng nagari wutah erahipun
lan sanget pedulinipun dhumateng generasi penerusipun. Panjenenganipun saestu
remen ing babagan reformasi utawi iwah-iwahan tumrapipun generasi
saksampunipun, murih sampun ngantos dados generasi ingkang mandheg, tanpa wanten kemajengan ing sedaya bidhang
pagesangan. Bab punika kacariosaken wnten ing Surah Ibrahim ayat 35 lan 36 :
وَإِذۡ قَالَ
إِبۡرَٲهِيمُ رَبِّ ٱجۡعَلۡ هَـٰذَا ٱلۡبَلَدَ ءَامِنً۬ا وَٱجۡنُبۡنِى وَبَنِىَّ
أَن نَّعۡبُدَ ٱلۡأَصۡنَامَ (٣٥) رَبِّ إِنَّہُنَّ أَضۡلَلۡنَ كَثِيرً۬ا مِّنَ
ٱلنَّاسِۖ فَمَن تَبِعَنِى فَإِنَّهُ ۥ مِنِّىۖ وَمَنۡ عَصَانِى فَإِنَّكَ
غَفُورٌ۬ رَّحِيمٌ۬
“Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi wantena
kepareng Paduka damel negari punika dados negari ingkang aman, lan mugi wantena
kepareng paduka nebihaken kula lan anak turun kula generasi sasampunipun kula,
tebih saking nyembah brahala. Dhuh Gusti, sayektos brahala-brahala punika
nyasaraken sebagian ageng saking para manungsa. Mila saking punika, sinten
kemawn tiyang ingkang manut kula, piyambakipun punika golongan kula. Lan tiyang
ingkang mbalela mbaten manut kula, sejatasipun Paduka punika Pangeran ingkang
Maha Paring Pangapunten lan Maha wlas Asih”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Sifatipun Nabi Ibrahim as ingkang cinta membangun dipun
tularaken lan dipun didikaken dhumteng para generasi penerusipun. Bab punika
dipun gambaraken ing Surah Al-Baqarah
ayat 127 :
وَإِذۡ يَرۡفَعُ
إِبۡرَٲهِـۧمُ ٱلۡقَوَاعِدَ مِنَ ٱلۡبَيۡتِ وَإِسۡمَـٰعِيلُ رَبَّنَا تَقَبَّلۡ
مِنَّآۖ إِنَّكَ أَنتَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ
“Lan sira elinga nalika Ibrahim ngangkat
(mbangun) dhasar-dhasare Baitullah bebarengan karo ayake yaiku Ismail, sarana
ndonga : Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi wontena kepareng Paduka nampi amal kula
kekalih, awit sayektosipun Paduka punika Maha Midhanget lan Maha Ngawuningani
”.
Sedaya kawontenan ingkang asifat negative lan tumuju dhateng kemusrikan,
kemaksiatan lan kerisakan kanthi sikepipun ingkang tegas lan tanpa tedheng
aling-aling dipun lawan senajan ingkang dipun adhepi bapakipun piyambak punapa dene rajanipun , raja
Namrudz. Panjenenganipun sadar bilih sikep lan sifatipun ingkang tegas lan
lugas nanging ihklas punika ngundang resiko ingkang sekelangkung ageng.
Ngengingi kisah
keteladhananipun Nabi Ibrahim kasebat ing Al-Qur’an Surah Al-Mumtahanah
ayat 6 :
لَقَدۡ كَانَ لَكُمۡ
فِيہِمۡ أُسۡوَةٌ حَسَنَةٌ۬ لِّمَن كَانَ يَرۡجُواْ ٱللَّهَ وَٱلۡيَوۡمَ ٱلۡأَخِرَۚ
وَمَن يَتَوَلَّ فَإِنَّ ٱللَّهَ هُوَ ٱلۡغَنِىُّ ٱلۡحَمِيدُ
“Temenan wus ana tuladha kang becik tumrape
sira kabeh, kang dumunung ana ing pribadine Ibrahim lan umate. Yaiku tumrape
wong kang ngarep-arep ganjarane Allah, lan ngarep-arep slamet besuk ana ing
dina kiyamat. Lan sing sapa wonge mengo (ora percoyo saka bebener iki) satemene
Allah, mula satemene Panjenengane Maha Sugih tur Maha Pinuji”.
Akhiripun makaten para sederek, sekilas saking sejarah
perjuanganipun Nabi Ibrahim ing ndalem njejegaken agaminipun Allah SWT.
Sahingga menggahipun kita sedaya, Nabi Ibrahim punika mujudaken salah
satunggalipun Nabi panutan , kajawi njunjungan kita Kanjeng nabi Muhammad SAW.
Sumangga kisahipun Nabi Ibrahim as lan ugi kisahipun Nabi-Nabi sanesipun kita
dadosaken piwucal murih wilujengipun gesang kita, wiwit ing ndonya dumugi ing
akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ
فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ
اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
( Dipun kutip saking
pinten-pinte teks/buku khutbah).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar