KHUTBAH
JUM’AT BAHASA JAWA
WANGSUL DHUMATENG TAUHID
Dening
: Drs. Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ
بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا
وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ
Ma’asyiral Muslimin
jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur,
sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang
sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang
punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita
nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah
SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk
dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu
syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Sampun dados padatan ing khutbah Jum’at, bilih khutbah
Jum’at mestinipun kedah seget kita ginakaken minangka sarana kagem
nyampurnakaken punapa ingkang kirang, ngemutaken ingkang kesupen, saha kagem ningkataken iman lan taqwa kita
dhumateng Allah SWT. Sahingga kanthi dipun syariataken ibadah Jum’at, mahanani
dhateng tetep kiyatipun umat Islam, kiat lahir lan batosipun saha tetep
istiqomah nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilaraken sedaya awisanipun Allah
SWT.
Para
sederek, saben-saben kita badhe nanggeljawabaken punapa kemawon ingkang dipun
tindakaken , sae perkawis ingkang nuwuhaken ganjaran utawi kesaenan ugi
tumindak lepat ingkang nuwuhaken dosa. Atur keterangan punika kadasaraken
dhawuh pangandikanipun Allah SWT :
وَلَا تَكۡسِبُ ڪُلُّ
نَفۡسٍ إِلَّا عَلَيۡہَاۚ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ۬ وِزۡرَ أُخۡرَىٰۚ ث
“Saben-saben jiwa iku ora bakal nglakoni
samubarang tindak kejaba dheweke kang kudu nanggung akibate, lan wong kang dosa
ora bakal bisa nanggung dosane wong liya”. (QS.Al-An’am :164).
مَّنِ ٱهۡتَدَىٰ
فَإِنَّمَا يَہۡتَدِى لِنَفۡسِهِۦۖ وَمَن ضَلَّ فَإِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيۡہَاۚ
وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ۬ وِزۡرَ أُخۡرَىٰۗ
“Sing sapa wonge tumindak cocok karo hidayahe
(Allah), satemene dheweke iku tumindak kanggo (keslametane) awake dhewe. Lan
sing sapa wonge tumindak sasar, satemene dheweke kesasar kanggo (kapitunane)
awake dhewe. Lan wong kang dosa ora bakal bisa nanggung dosane wong liya”.
(QS.Al-Israa’:15).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Ayat
punika tartamtu sampun cetha lan jelas sanget tumrap kita, bilih saben-saben
tiyang kedah lan namung saged nanggel hasil tumindakipun piyambak-piyambak.
Manawi kita kleres lepat amargi nderek-nderek tumindak lepat tiyang sanes, mila
kita mboten saged nutuh utawi nglepataken tiyang sanes punika , senaosa kita namung dhawah niru utawi tut wuri
tumindak lepat.
Semanten
ugi sak kosok wangsulipun, manawi kita kaleres dados pemimpin , sae minangka
pemimpin keluarga, pemimpin umat,
minggahipun minangka pemimpin ing
pemerintahan, ingkang lajeng dipun nut tiyang sanes, mila kita kedah lan nggadhahi
kewajiban nerangaken bab-bab ingkang dadas anutanipun, punapa dasaripun, pundi
ingkang sakig Al-Qur’an , pundi ingkang saking Hadist Nabi. Sahingga kanthi
makaten, taatipun tiyang punika mboten amargi kita, ananging amargi
pangertosanipun piyambak dhateng tuntunanipun Allah lan utusanipun. Amargi
tiyang punika kedah nanggel-jawabaken punapa kemawon ingkang dipun
tindakaken wonten ing ngarsanipun Allah SWT, mbenjang ing yaumul
kiyamah, kanthi mboten wonten hubunganipun kaliyan kita minangka panutanipun.
Ngengingi
bab punika Allah ugi ngendika kadas kasebat ing Al-Qur’an surat Al-Israa’ ayat
36 :
وَلَا تَقۡفُ مَا
لَيۡسَ لَكَ بِهِۦ عِلۡمٌۚ إِنَّ ٱلسَّمۡعَ وَٱلۡبَصَرَ وَٱلۡفُؤَادَ كُلُّ
أُوْلَـٰٓٮِٕكَ كَانَ عَنۡهُ مَسۡـُٔولاً۬
“Lan sira aja manut marang samubarang kang ora
sira ngerteni. Satemene pangrungu, pandeleng lan ati, kabeh iku mau bakal di
pundhuti pertanggungan jawabe”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Pramila
sumangga para sederek, kita sami ngatos-atos, sampun ngantos gampil kepancing
dening anut grubyuk ombyaking emosi lan hawa nefsu, lan mboten perlu
mincing-mancing kawontenanipun masyarakat ingkang kawontenanipun sampun tentrem ayem.
Pramila
saking punika, kangge ngiyataken barisan umat Islam, antawisipun tiyang muslim
setunggal kaliyan sanesipun sami lung tinulung wanten ing babagan kesaenan,
mboten lung tinulungan ing babagan kemungkaran,
mboten gampil suudldlan dhumateng tiyang sanes. Awit sejatosipun
kita kaum muslimin punika sederek. Wanten ing Al-Qur’an sampun cetha sanget ing
babagan punika.
إِنَّمَا
ٱلۡمُؤۡمِنُونَ إِخۡوَةٌ۬ فَأَصۡلِحُواْ بَيۡنَ أَخَوَيۡكُمۡۚ وَٱتَّقُواْ
ٱللَّهَ لَعَلَّكُمۡ تُرۡحَمُونَ
“Satemene wong-wong mukmin iku seduluran. Mula
dhamekna antarane seduur lononira. Lan sira kabeh taqwa-a marang Allah supaya
sira kabeh diwelas asihi dening Allah”.(QS. Al-Hujarat :10).
Mugia kita dipun paringi jembar ing manah,
sahingga tansah gampil dipun ajak
dhumateng sikep tabayyun lan padhemen ingkang kadhasaraken tauhid,
wangsul dhumateng tauhid. begja mulya ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya
rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ
الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ
وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ،
إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(Dipun kutip saking pinten-pinten seratan )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar