KHUTBAH
IDUL FITRI BAHASA JAWA 1438 H/2017 M
” KANTHI HIKMAHIPUN IDUL
FITRI KITA TINGKATAKEN IMAN LAN TAQWA MINANGKA MODAL MBANGUN KAPRIBADEN UMAT
Dening : Anis Purwanto
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ،
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ،
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ
أَكْبَرُ وَلِلهِ الْحَمْدُ، اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ لِلهِ كَثِيْرًا
وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا. الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِي شَرَعَ
لِعِبَادِهِ عِيْدًا يَذْكُرُوْنَهُ فِيْهِ، وَيَشْكُرُوْنَهُ عَلَى فَضْلِهِ
وَإِحْسَانِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ يَسْتَوِي عِنْدَهُ مَا فِيْ سِرِّ الْعَبْدِ وَإِعْلاَنِهِ، وََأَشْهَدُ
أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَرْسَلَهُ اللهُ بِالْحَقِّ
وَتِبْيَانِهِ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنِ
اهْتَدَى بِهُدَاهُ، أَمَّا بَعْدُ
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu
Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jamaah
Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Langkung
rumiyin, sumanggo kita sami nyaosaken puji lan syukur ing ngarso dalem Allah
SWT, ingkang kanthi ijin, rahmat saha pitulunganipun, kita wonten ing
enjangipun dinten Idul Fitri punika, saget kempal manunggal wonten ing
masjid/musholla, kanthi maksud nindakaken ibadah dhumateng Allah SWT, lan
sekaligus minangka bukti anggen kita nglairaken raos syukur kita dhumateng
Allah SWT.
Kita
syukuri nikmatipun Allah ingkang awujud dhatengipun Idul Ftri punika kanthi
nindakaken ruku’ lan sujud dhumateng Allah ingkang Maha Kuwaos lan Moho
Tunggal. Lesan kita mboten kendel-kendel anggenipun memuji dhumateng Allah,
sesarengan ngucapaken kalimah takbir, tahlil lan tahmid. “Allahu Akbar,
Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar
walillahil hamdu”.
Dhawuh
syukur punika kadasaraken saking dhawuh pangandikanipun Allah piyambak wonteng
ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah ayat 185, ingkang nyebadaken makaten :
وَلِتُڪۡمِلُواْ
ٱلۡعِدَّةَ وَلِتُڪَبِّرُواْ ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡ وَلَعَلَّڪُمۡ
تَشۡكُرُونَ
“Lan sampurnakna wilangane pasa, nuli ngagungna asmane Allah, sing wus
paring pituduh marang sira, supaya sira padha syukur”.
Allahu Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah
Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Salebetipun mahargya
Idul Fitri makaten punika, wonten cara kalih ingkang sampun dipun garisaken
dening Allah SWT. Ingkang sepisan, awujud sesambetan antawisipun khaliq lan
makhluq utawi “Hablum minallah”. Lan ingkang angka kalih, ningkataken
hubungan kasih sayang lan pesederekan (ukhuwah Islamiyah) ing antawisipun
sesami makhluq utawi “hablum minannas”.
Ingkang kapisan
dipun tindakaken sarana ngagungaken asmanipun Allah, inggih punika kanthi
ngucapaken takbir, tahlil lan tahmid “Allahu Akbar, laa ilaaha illallah
walillahil hamdu”. Ucapan
lesan punika, dipun kantheni sikep dhepe-dhepe dhumateng Allah, nundhukaken
jiwa raga, ngabektos wonten ngarsanipun Allah, kanthi nindakaken sholat Idul
Fitri.
Wondene cara ingkang
angka kalih, saderengipun ngawontenaken
hubungan lan nyelak dhumateng Allah, kaum muslim ingkang mampu, langkung
rumiyin kedah nentepi kewajibanipun dhateng sesami , khususipun dhumateng
tiyang ingkang mboten mampu, sarana mbayaraken Zakat Fitrahipun, minangka
pencuci jiwa tumraping tiyang ingkang siyam lan minangka paring tedha fakir
miskin. Makaten fungsinipun zakat fitrah kados dene ingkang dipun tuntunaken
dening Gusti Rosul SAW.
فَرَضَ رَسُولُ اَللَّهِ صلى
الله عليه وسلم زَكَاةَ اَلْفِطْرِ; طُهْرَةً لِلصَّائِمِ مِنَ اَللَّغْوِ,
وَالرَّفَثِ, وَطُعْمَةً لِلْمَسَاكِينِ
“Rasulullah SAW, wus majibake
zakat fitrah, minangka nyucekake jiwane wong kang pasa ‘suci saka reregeting
ati lan kejahatan’. Lan minangka aweh pangan marang fakir miskin”.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah.
Kita
syukur dhumateng Allah SWT, awit tetela kita taksih begja saged nampi kekiyatan
lahir batos paringipun Allah, sahingga kita mampu lan lulus saking perjuangan
ngendaleni lan nundukaken hawa nefsu kanthi nindakaken siyam Ramadhan sewulan
wetah. Ingkang nggembleng jiwo kita dados teguh lan kiyat, mbentuk watak lan
kapribaden kita dados luhur, mbentuk sikep kita dados sikep ingkang tansah siap
, lan damel disiplin kita dados disiplin ingkang kiyat kados dene wojo. Kita
medal saking wulan Romadhon dipun sanepakaken kados dene prajurit ingkang
wangsul saking peperangan kanthi mbekta kemenangan sejati. Ugi saget dipun
ibarataken bayi ingkang nembe lahir saking kandhunganing ibunipun resik lan
suci, insya Allah.
Saking raos gumbira
lan syukur punika lajeng tukul prentuling manah, wusana nyuwun dhumateng Allah
SWT, kanthi satunggaling ucapan do’a :
“TAQOBALLAHU MINNA WA MINKUM WA
JA’ALANALLAHU WA IYYAKUM MINAL ‘AIZIINA WALMAQBULIIN”
“Mugi-mugi Allah wantena keparengipun nampi pengibadahan kita, lan
mugi-mugi wantena kepareingipun ndadosaken kita sedaya dadosa golonganipun
tiyang-tiyang ingkang wangsul dhateng kawantenan suci, lan kalebetna
golonganipun tiyang-tiyang ingkang bahagia jalaran saged ngestokaken sedaya dhawuhipun
Allah, lan mugi-mugi kalebetna golonganipun tiyang ingkang katampi
pangibadahipun dening Allah SWT”
Saksampunipun siyam
lan nindakaken amaliyah Ramadhan, mugi-mugi kita saestu dados tiyang muttaqin,
tiyang ingkang saya ningkat taqwanipun. Jer tujuan ingkang utami ibadah siyam
inggih punika supados kita dados kawula ingkang taqwa kanthi saestu. Amargi
siyam mengku didikan lan gemblengan kangge jasmani lan rohani. Inggih punika
ngendaleni hawa nefsu lan ningkataken ibadah dhumateng Allah. Pramila drajat
taqwa ingkang kita tampi sageta kita pertahanaken lan kita lestantunaken. Sifat
taqwa kedah tetep kita agem ing sadhengah wekdal lan panggenan. Taqwa mujudaken
pendorong amal shalih lan minangka pencegah saking tumindak awon. Sahingga
taqwa mujudaken sumber saking sedaya kesaenan lan keutamen, ing ndonya ngantos
ing akhirat.
Allahu
Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri
Rokhimakumullah
Gesang wanten ing salebeting
jaman ingkang dipun wastani jaman kemajengan kados samangke punika satuhu andadosaken
manah kita sakelangkung prihatos dene nyipati babaring kawontenan ingkang sarwa
morak-marik. Rakiting hukum tata pranatan ngagesang tuwin angger-angger ingkang
amrih tata tentremraharjaning gesang sampun katrajang wani tanpa deduga lan
prayoga. Sesipatan dalah paugeraning manungsa pranyata sampun malik grembyang
kados dene bumi lan langit. Ingkang lepat kaanggep leres, ingkang leres dipun
damel lepat, sedayaning awisan dipun lampahi, dene prentah sami dipun tebihi.
Tumindak awon sampun dados padatan kalimrahing ngagesang, hawa nafsu angkara
murka kaumbar sak sakecanipun tanpa wigah-wigih, wondene pakarti sae kaanggep
aeng lan dados gegujengan. Punika kalawau wujudipun kawontenan ingkang
kapranata mboten mawi angger-angger tuntunaning agami Islam.
Menawi swasana ingkang kados
makaten punika kedadosan ing negari ingkang mayoritas angrungkebi agami Islam
punapa mboten mrihatosaken sanget ?. Mangka sejatosipun wonten ing bebrayaning
masyarakat umat Islam kedahipun mboten badhe kedadosan swsana ingkang kados
makaten wujudipun. Ingkang makaten kalawau dados pratanda bilih umat Islam
dereng nindakaken taqwallah dalah jejibahan ingkang kedah katindakaken, sami
ugi tumrap pribadinipun piyambak utawi bebrayan masyarakat, ingkang arupi
ajak-ajak sarta paken nindakaken pakarti ingkang sae lan nebihi pakarti awon
kados dene ingkang kadhawuhaken Allah ing Al-Qur’an Surat Ali ‘Imran ayat 104 :
وَلۡتَكُن مِّنكُمۡ
أُمَّةٌ۬ يَدۡعُونَ إِلَى ٱلۡخَيۡرِ وَيَأۡمُرُونَ بِٱلۡمَعۡرُوفِ وَيَنۡهَوۡنَ عَنِ
ٱلۡمُنكَرِۚ وَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡمُفۡلِحُونَ
“Lan dadiya saka antarane sira kabeh iku sawijining
umat kang ajak-ajak marang tumindak becik, mrentahake marang kabecikan lan
nyegah saka tumindak ala. Ya dheweke kabeh iku wong-wong kang pada antuk
kabagyan”.
Menawi
kawontenanipun kados makaten nedahaken bilih taksih kathah sanget bebrayan
masyarakat kita ingkang dereng mapanaken dhiri ngrasuk ing salebeting agami
Islam kanthi sawetahipun sarana leres kados ingkang dipun kersakaken dening
Allah. Kita ngakeni bilih agami kita Islam, ananging tatacara gesang lan
pakarti kita mboten ngginakaken tuntunan syari’at Islam, malah kesengsem lan
nganggep langkung sae, langkung terhormat cara sanes ingkang lelawanan kaliyan
ajaran agami Islam.
Cobi
kita tingali, kados pundi cara kita pados pangupa-jiwa, kados pundi kita
ndhidhik anak-anak kita, mimpin kaluwarga kita, sesrawungan kita, pola pikir
kita, sistem-sistem ingkang kita angge, ringkesipun mobah-mosik kita saben
dinten ing sadhengah perkawis, pundi ingkang sampun adhedhsar tuntunaning
syari’at agami ? Menawi kados makaten ateges kita punika dereng mlebet agami
Islam kanthi sawetahipun, saengga saged kedadosan masyarakat mayoritas muslim
ananging pranatanipun jahiliyah.
Mangka
sejatosipun ingkang kasebat ngrasuk agami Islam punika inggih kados ingkang
kadhawuhaken wonten Al-Qur’an Surat Al Baqarah ayat 208 :
يَـٰٓأَيُّهَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِى ٱلسِّلۡمِ ڪَآفَّةً۬ وَلَا تَتَّبِعُواْ
خُطُوَٲتِ ٱلشَّيۡطَـٰنِۚ إِنَّهُ ۥ لَڪُمۡ عَدُوٌّ۬ مُّبِينٌ۬
“He wong-wong kang padha iman !
Lumebuwa sira kabeh ing sajroning Islam kanthi sekabehane, lan aja tut wuri
marang langkah-langkah syetan. Satemene syetan iku mungsuhira kan nyata”
Prentahing
Allah ingkang kasebat ing ayat punika asipat tetep lan langgeng, ingkang
tegesipun tetep pasrah ingarsanipun Allah sawetahipun ing selami-laminipun.
Tumunten ing salajengipun kita kedah nebihi lan sampun ngantos tut wuri
tumut-tumut nindakaken pakarti lan tumindaking syetan ingkang tansah nggodha
supados manungsa sami kesasar. Langkah lan margining syetan makaten awujud
pakarti ingkang andadosaken crah ing salebeting agami, padudon, dalah
pasulayan. Sinaosa ketawisipun nengsemaken, mbekta manfa’at lan maslahah,
ananging asil ingkang mangke kapethik dhawah kosok-wangsulipun.
Alelandhesan
ayat kalawau sampun samesthinipun kita kedah tumunten ambangun malih patrap
anggen kita nindakaken agami Islam ingkang kanthi saleresipun miturut wewaton
ingkang sampun kadhawuhaken Allah. Sanes Islam sak remen kita piyambak ! Kanthi
wansul utawi mbangun malih sarta mapanaken dhiri pribadi kita salebeting Islam
sawetahipun ateges kita mbudi daya njejegaken agami Islam ing madyaning
bebrayan masyarakat ingkang saya dangu saya risak dening pakartining syetan.
Godhaning syetan ingkang kita adhepi saya awrat, langkung prakosa lan
sakelangkung alus.
Manawi
kita ningali kawontenan, umat Islam pancen kathah ananging tanpa bobot lan saya
ringking jalaran paribasan namung kados umplukipun seganten kasempyok ing ombak
nengah minggir ing tepining samodra. Kathah cacahipun ananging islamipun namung
wonten pinggiran, tegesipun anggenipun sami ngrungkebi ing agami namung pundi
ingkang remen dipun lampahi, dene ingkang mboten dipun remeni inggih dipun
tilar sasekecanipun.
Kawontenan
punika dipun gambaraken wanten ing Al-Qur’an surat Al-Hajj ayat 11:
وَمِنَ ٱلنَّاسِ مَن
يَعۡبُدُ ٱللَّهَ عَلَىٰ حَرۡفٍ۬ۖ فَإِنۡ أَصَابَهُ ۥ خَيۡرٌ ٱطۡمَأَنَّ
بِهِۦۖ وَإِنۡ أَصَابَتۡهُ فِتۡنَةٌ ٱنقَلَبَ عَلَىٰ وَجۡهِهِۦ خَسِرَ ٱلدُّنۡيَا
وَٱلۡأَخِرَةَۚ ذَٲلِكَ هُوَ ٱلۡخُسۡرَانُ ٱلۡمُبِينُ
“Lan ing antaraning manungsa ana
wong kang panembahe marang Allah dumunung ing pinggiran. Lamun dheweke antuk
kabecikan tetep ing panembahe, dene samangsa kataman ing panandang banjur
mbalik mungkar. Dheweke iku kapitunan ing donya lan ing akhirat. Kang mengkono
iku kapitunan kang nyata”.
Inggih
kapribaden minggir makaten punika ingkang kedah kita rombak lan kita bangun
malih ing saranduning badanipun umat Islam tumuju kapribaden Islam ingkang
hakiki kangge mujudaken bebrayan masyarakat Islam ingkang saleresipun. Tanpa
makaten kita tartamtu badhe nandang kapitunan saageng-agengipun ing
salami-laminipun, jalaran punapa ingkang sampun kita tindakaken pranyata mboten
wonten ginanipun awit mboten gathuk kaliyan tuntunaning syari’at agami sahengga
mboten badhe katampi.
Allahu
Akbar 3 X Walillahil-hamd.
Jamaah Sholat Idul Fitri Rokhimakumullah
Mugi-mugi
kanthi Fithratil Islam ingkang Ied-ipun kita pahargya wanten ing dinten punika,
jiwa lan manah kita sageda wangsul dados suci, kados sucinipun fitrah punika. Kanthi fitrahipun
manah lan jiwa punika, mugi-mugi kita dados saya langkung gampil lan entheng
nampi barang haq lan nebihi saking barang batil, langkung sregep lelumban
wanten ing babagan kesaenan. Sumangga kita tingkataken anggen kita fastabiqul
khairat. Mugi-mugi kita saya gandrung dhateng kesatuan lan persatuan, lan
tansah nebihi saking pasulayan lan perpecahan, ngutameaken pesederekan, saling
ngapura-ingapura antawisipun setunggal lan sanesipun. Nebihi saking sedaya
pasulayan, memengsahan, jegal-jegalan, ingkang tundhonipun namung tumuju
dhateng kehancuran.
وَسَارِعُوٓاْ إِلَىٰ
مَغۡفِرَةٍ۬ مِّن رَّبِّڪُمۡ
“Lan sira kabeh padha gegancangana nyuwun
pangapura marang Pangeranira”.
Kanthi hikmah
Idul Fitri kita sageta ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT lan
saget ningkataken pengibadahan kita. Sebab kita nembe medal saking gemblengan
jiwa, salami setunggal wulan wetah. Sahingga jiwa kita dados teguh lan kiat,
kesabaran kita dados tangguh, watak lan kepribaden kita dados luhur lan sikep
kita dados sikep ingkang tansah siap ngadepi ujian lan pacoben. Pantes bilih
kita kasanepakaken kados prajurit ingkang nembe wangsul saking medan peperangan
ageng, kanthi mbekta kemenangan ingkang gemilang. Kita ugi saget kasanepakaken
kados dene jabang bayi ingkang nembe lahir saking guwo garbanipun ibu, resik
lan suci saking sedaya kalepatan.
Ing tengah-tengaipun swasono
gumbira, kados ing saat punika, wanten kalimat ingkang asring kita aturaken,
inggih punika kalimat “minal ‘aidin wal
faidzin” kanthi panyuwun mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita kalebet
golonganipun tiyang ingkang wangsul dhateng kesucian lan pikantuk kabekjan. Lan
saksampunipun shalat Idul Fitri, kita nuli sami salam-salaman,
ngapunten-ingapuntenan, halal bihalal lan bersilaturahmi dhumateng para sanak
kadang lan sedherek. Sedaya punika mbaten uwal saking semangat siyam lan
amaliyah Ramadhan.
Jama’ah Shalat idul Fitri Rakhimakumullah.
Akhiripun kanthi hikmah Idul
Fitri kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, sumangga kita
tingkataken partisipasi kita wanten ing babagan kesaenan, kalebet partisipasi
kita ing babagan pembangunan wanten ing sedaya bidang selaras kaliyan pakaryan
lan profesi kita piyambak-piyambak.
Sahingga kacipta masyarakat madani, adil makmur kanthi ridlo Allah, baldatun
thoyyibatun wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah. Amin ya rabbal
‘alamin.
Selajengipun kangge penutup
khotbah, sumangga kita nundukaken sirah lan ngeningaken manah, nyuwun dhumateng
Allah SWT kanthi ihklas karana Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget
dipun kabulaken Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ،
وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ
الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar