KHUTBAH
JUM’AT BAHASA JAWA :
SANGUNIPUN GESANG
Dening
: Drs. Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ
وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ
تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ
إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي
حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ
اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin
jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga
kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun
paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika
kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun
dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT,
wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng
junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun
mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Kita sedaya mesthi anggadhai
panyuwun lan panjangka murih gesang ing ngalam ndonya punika kaparingan
kawilujengan, kalis saking sadhengah sambekala lan rubeda; lan punapa ingkang
dados gegayuhan saha idham-idhaman kita kiged kesembadan, mirah sandhang mirah
pangan, kanthi pikantuk ridlanipun Allah SWT.
Sedaya cita-cita dalah
idham-idhman luhur punika saget kasembadan, sauger kita usahakaken sarana
anyekapi syarat lan sangunipun kanthi cekap lan tepat, utaminipun kanthi ningkataken iman dalah
tawqwa dhumateng Allah SWT. Bab punka kasebat ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah
ayat 197 :
ۗ وَمَا تَفۡعَلُواْ مِنۡ خَيۡرٍ۬ يَعۡلَمۡهُ ٱللَّهُۗ
وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيۡرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقۡوَىٰۚ وَٱتَّقُونِ يَـٰٓأُوْلِى
ٱلۡأَلۡبَـٰبِ
“Lan kebecikan apa
bae kang kok tindakaken, Allah temtu mirsani. Lan sira kabeh padha cecawisa.
Lan satemene sangu kang paling becik yaiku taqwa marang Allah. Mula saka iku, e
wong-wong kang nduweni akal, sira kabeh padha taqwa-a marang Ingsun”.
Pangreksanipun
Allah dhateng kawulanipun punika nembe badhe kasembadan manawi kawulanipun
purun ngestokaken sedaya dhawuhipun saha nebihi sedaya awisanipun Allah SWT.
Liripun, manawi tiyang punika tansah taat dhumateng Allah, sedaya dhawuhipun
dipun amalaken, lan sawarnining awisanipun dipun tebihi, insya Allah tiyang
ingkang makaten punika badhe dipun reksa lan pikantuk pengayomanipun Allah SWT.
Tansah wilujeng gesangipun, lan kasembadan punapa ingkang dadas sedyanipun
Para
sederek, Allah SWT Maha welas saha asih
dhumateng sedaya kawulanipun , nyembadani dhateng sedaya panyuwunanipun para
kawulanipun. Kadas kasebat ing Surat Al-Mukmin ayat 60 :
وَقَالَ رَبُّڪُمُ
ٱدۡعُونِىٓ أَسۡتَجِبۡ لَكُمۡۚ إِنَّ ٱلَّذِينَ يَسۡتَكۡبِرُونَ عَنۡ عِبَادَتِى
سَيَدۡخُلُونَ جَهَنَّمَ دَاخِرِينَ
“Lan Pangeranira wis
ngendika, “Sira kabeh padha nyuwuna marang ingsun. Yen sira nyuwun marang
Ingsun, Ingsun mesthi nyembadani panyuwunira. Lan satemene wong-wong kang
gumedhe saka nyembah (ngibadah) marang Ingsun, wong-wong kang mangkono mau
mengko bakal mlebu ana sajrone neraka kanthi kahanan ina”.
Salajengipun
ing ayat Al-Qur’an sanesipun, Allah ugi nerangaken kadas pundi caketipun tiyang
ingkang taqwa kaliyan Allah SWT, lan sifat welas asihipun Allah ingkang kasok
dhateng tiyang-tiyang taqwa. Tiyang ingkang anggadhai kapitadosan saha ketaatan
ingkang makaten punika , tartamtu sedaya sedya dalah idham-idhaman kangge
anggayuh karaharjan ing donya lan ing akgirat, badhe tansah kadumugen lan
kasembadan. Lan sayektos, tiyang
engkang makaten punika tiyang ingkang
dipun janjekakaen badhe dipun angkat
minangka khalifahipun Allah SWT. Allah ngendika makaten :
وَعَدَ ٱللَّهُ
ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ مِنكُمۡ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ لَيَسۡتَخۡلِفَنَّهُمۡ
فِى ٱلۡأَرۡضِ ڪَمَا ٱسۡتَخۡلَفَ ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِهِمۡ وَلَيُمَكِّنَنَّ
لَهُمۡ دِينَہُمُ ٱلَّذِى ٱرۡتَضَىٰ لَهُمۡ وَلَيُبَدِّلَنَّہُم مِّنۢ بَعۡدِ
خَوۡفِهِمۡ أَمۡنً۬اۚ يَعۡبُدُونَنِى لَا يُشۡرِكُونَ بِى شَيۡـًٔ۬اۚ وَمَن
ڪَفَرَ بَعۡدَ ذَٲلِكَ فَأُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمُ ٱلۡفَـٰسِقُونَ
“Allah wus
njanjekake marang wong-wong kang iman ing antarane sira kabeh, lan kang padha
nindakake amal shaleh, yen satemene Allah nyata-nyata bakal ngangkat wong-wong
mau dadi khalifah ana lumahing bumi, kaya dene wong-wong biyen uga ana kang
diangkat dadi khalifah dening Allah. Lan nyata-nyata Allah bakal netepake
agamane (Islam), yaiku agama kang diridlai dening Allah kanggo wong-wong mau.
Lan nyata-nyata Allah bakal ngganti rasa wedi lan kuwatire wong-wong mau, bakal
diganti kanthi rasa aman lan tentrem. Yaiku wong-wong kang nyembah marang
ingsun, kang ora nyekutokake Ingsung marang apa bae. Sing sapa wonge engkar
sawise iku, wong kang mangkono iku yaiku wong-wong kang fasiq”. (QS. An-Nur :
55).
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
Kanthi
ayat punika, Allah sampun kepareng netepaken janjinipun. Janji punika cacahipun
tiga, inggih punika, sepindah : Allah badhe ngangkat dados
khalifah. Nomer kalih; Allah
badhe netepaken utawi ngekahaken agamanipun, inggih punika agami Islam. Lang
ingkang nomer tiga; Allah badhe nggantos raos ajrih utawi kuwatos, dipun
gantos kanthi raos aman lan tentrem.
Wondene
tiyang engkang nampi janjinipun Allah makaten punika, tamtu kemawon tiyang
ingkang iman dhumaten Allah SWT, ingkang
tansah nindakaken amal shaleh, ingkang ngususaken ngibadahipun namung
dhumateng Allah SWT, tanpa kacampuran tumindak syirik utawi nyekutokaken Allah.
Akhiripun, sumangga kita sedaya sami ikhtiyar lan usaha,
murih saged anggayuh tiga janjinipun
Allah punika, inggih punika kanugrahanipun Allah SWT, ingkang namung berhak
kaparingaken dhumateng tiyang-tiyang ingkang iman lan ingkang amal shaleh,
inggih punika kabegjan utawi kemenangan
punapa dene kebahagiaan
peparingipun Allah SWT, wiwit ing ndonya ngatos ing akhirat, amin ya rabbal ‘alamin,
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ
الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ
وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ،
إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(Dipun kutib saking pinten-pinten seratan)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar