Selasa, 23 Mei 2017

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : MARHABAN YA RAMADHAN



KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
MARHABAN YA RAMADHAN
Dening : Drs. Anis Purwanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
                                                                                                           
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga kita ngaturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah dhumateng kita sedaya, sahingga ing siyang punika kita saget nindakaken ibadah jum’at kanthi iklas krana Allah SWT. Kita nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi ibadah kita saget katampi dening Allah SWT, wilujeng ing ndonya ngantos ing akhirat. Shalawat dalah salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Ramadhan, wulan ingkang kebak kamulyan sekedhap malih badhe dhateng, saben-saben badhe nglebeti wulan Ramadhan, manah punika tansah dheg-dhegan.waonten raos, gugup, cemas, remen, kebak pengajeng-ajeng, ananging ugi wanten raos keduwung.Wulan Ramadhan ibaratipun satunggalipun sedhahan utawi undaangan saking Gusti Allah kangge sedaya kaum mukminin. Kita sedaya mesthi ngajeng-ajeng mugia saget ngijabahi sedhahan punika, saking wiwitan dumugi pungkasan. Senadyan kita ugi kagungan raos getun, dene kita rumaos dereng nggadhahi persiapan puana-punapa ingkang saged dipun aturaken wonten ing acara punika.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Sumangga kita sedaya sami ngijabahi undanganipun Gusti Allah, kados ingkang kaserat ing Surat Al-Baqarah ayat 185 :
شَہۡرُ رَمَضَانَ ٱلَّذِىٓ أُنزِلَ فِيهِ ٱلۡقُرۡءَانُ هُدً۬ى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَـٰتٍ۬ مِّنَ ٱلۡهُدَىٰ وَٱلۡفُرۡقَانِ‌ۚ فَمَن شَہِدَ مِنكُمُ ٱلشَّہۡرَ فَلۡيَصُمۡهُ‌ۖ
Sasi Ramadhan sasi kang sajrone sasi mau ditumurunake Al-qur’an, minangka pituduh tumrape manungsa, lang penjelasan-penjelasan ngenani pituduh mau, lan minangka pembeda (antarane barang hak lan barang batil). Mula saka iku sing sapa wonge ing antarane sira kabeh nyekseni tekane sasi iku, supaya dheweke pasa”. (Al-Baqarah : 185).
            Ayat punika minangka undangan resmi kangge ngenam hubungan lan nyaketaken sesambetan kaliyan Allah SWT. Saeba emanipun manawi wonten tiyang mukmin ingkang boten migatosaken kesempatan sae, engkang namung dhawah sepisan ing saben tahunipun. Pramila sumangga kita nyiapaken uba rampe, kangge ngacarani lan mangayubagya pepanggihan kita kaliyan syahrun Mubarak, wulan ingkang dipun berkahi. Nyiapaken badan , supados sehat lan entheng anggenipun nindakaken siyamlan qiyamul lail. Nyiapaken manah, supadas kiyat nahan sawerninipun godaan.
            Kanthi makaten kita dipun engetaken malih kaliyan dhawuh pangandikanipun Allah SWT :
يَـٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ كُتِبَ عَلَيۡڪُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبۡلِڪُمۡ لَعَلَّكُمۡ تَتَّقُونَ
He wong-wong kang padha iman, sira kabeh padha diwajibake nglakoni pasa, kaya kang wus diwajibake marang wong-wong sadurungira, supaya sira padha dadi wong-wong kang taqwa”. (QS. Al-Baqarah : 183).
            Bilih saget kita aturaken ngagem sanepan, ing rikala kita badhe karawuhan tamu agung tur kinormatan, tartamtu kita remen sanget lan badhe nyiapaken oba rampe kagem mangayubagya rawuhipun tamu punika, kanthi asikep saguh, gupuh, lungguhlan suguh. Sahengga kita boten saget sare mbayangaken sedayanipun ngantos dumugi dinten ingkang dipun temtokaken. Harap-harap cemas, deg-degan lan sapiturutipun.
Kamangka  ingkang nama Ramadhan punika langkung sedayanipun. Wulan Ramadhan langkung minulya kabandhing kaliyan tamu agung kala wau. Rawuhipun Ramadhan punika mbekta sawarnining kesaenan saking Gusti Allah. Ramadhan minangka gapura kangge mlebetipun tiyang mukmin dhumateng swarga loka. Sedaya pengibadahan ingkang kita tindakaken anggadhahi biji tikel. Hadis Rasulullah kathah ingkang ngendikakaken ngengingi keutamen wulan Ramadhan :

إِذَا جَاءَ رَمَضَانُ فُتِّحَتْ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ وَغُلِّقَتْ أَبْوَابُ النَّارِ وَصُفِّدَتِ الشَّيَاطِينُ  ».

Menawa wengi awal ramadhan, setan-setan lan jin-jin kang duraka lan mbaleela padha dibelenggu”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah
            Pramila sumangga mumpung kita taksih menangi wulan Ramadhan- insya Allah , sami ngathah-ngathahaken munajat ing ngarsa dalem Allah SWT, kanthi nindakaken qiyamul lail.mugi-mugi Allah SWT kersa paring petunjuk lan hidayahipun. Mangga kita manfaataken saben-saben detik ing salebetipun wulan Ramadhan mangke kagem nindakaken kesaenan, ningkataken amal shalih. Mangga kita ngathah-ngathahaken maos Al-Qur’an kanthi ngangen-ngangen maknanipun.
Sepindah malih, kanthi persiapan lahir lan batos, insya Allah ing ndalem nindakaken amalan-amalan siyam Ramadhan langkung langkun tenang lan tentrem, ing pangajab kita saestu saget anggayuh kelenggahan engkang paling mulya lan luhur wonten ing ngarsanipun Allah SWT, ingkang dipun sebaat kalenggahan taqwa. Dosa-dosa dipun pangapunten pangapunten, lawang-lawang suwarga dipun bikakaken, panggesangan dipun paringana gampil, sahingga kita estu-estu badhe ngraosaken kabekjan fid-diini wad-dunyaa wal-aakhirah. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(Kahimpun saking pinten-pinten tulisan)


Selasa, 09 Mei 2017

PEMBINAAN NADZIR DAN IKRAR WAKAF



PEMBINAAN NADZIR DAN IKRAR WAKAF MASJID LILI SHODIQIN DAN PENDIDIKAN ISLAM DARUSSALAM
DS. KEDUNGGALAR KEC. KEDUNGGALAR.
Laporan disusun oleh : Drs. Anis Purwanto





Pembinaan Nadzir dan Ikrar wakaf Masjid Lili Shodiqin Ds. Kedunggalar Kec. Kedunggalar, dilaksanakan pada hari Selasa tanggal 9 April 2017 di rumah ibu Endang Setyowati Ds. Pulorejo RT.002/RW.009 Ds. Kedunggalar. Ikrar wakaf yang juga dihadiri oleh PAF Drs. Anis Purwanto dan PAH Kec. Kedunggalar, di pimpin oleh Kepala KUA Kec. Kedunggalar Bapak H. Mustofa, M.Pd.I. 
Wakaf tanah pekarangan seluas 1030 M2 ini sedang di bangun sebuah masjid ukuran 10 M X 10M, lengkap dengan srambi ukuran 10 x 8 M, dan teras lebar 3 M. bahkan akan juga dilengkapai gedung TPA, kamar Penjaga Masjid (Merbot), tempat parkir dengan halaman yang berpaving dan pagar depan, dengan biayang diperkirakan Rp. 750.000.000,00, keseluruhan biayan pembangunan masjid tersebut dibiayai oleh Ibu Lili saudara Ibu Endang Setyowati.
               Wakaf tanah wakaf yang diperuntukkan untuk Masjid Lili Shodiqin dan Pendidikan Islam Darussalam, diterima oleh Nadzir Organisasi/Badang Hukum : Yayasan Pendidikan Islam Darussalam Kec. Kedunggalar, yang diterima oleh Bapak KH. Achmad Qomari, S.Ag.  Sedang yang bertindak sebagai saksi dalam pelaksanakan ikrar wakaf adalah Bapak Drs. H. Moh Kaidin dan Bapak Indra, Kasun Kedunggalar.
Dalam kesempatan itu juga diadakan pembinaan Nadzir yang lansung disampaikan oleh Bapak H. Mustofa, M.Pd.I Kepala KUA Kec. Kedunggalar, yang antara lain bahwa wakaf merupakan shodaqoh/amal jariah, yakni ibadah sosial yang pahalanya mengalir sampai di akhirat. Apalagi bila nanti bisa terwujud pendirian MA Darussalam di komplek Masjid LILI SHODIQIN ini , ke depan masjid akan dipergunakan sebagai pusat ibadah dan pendidika. Pagi dipergunakan sebagai kegiatan yang perkenaan dengan pendidikan, sore dipergunakan untuk TPA/TKA,  malam dipergunakan sebagai ibadah dan pengajian.