KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
GOLONGAN TAQWA
Ed. :
Drs.Anis Purwanto
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا،
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ
وَلِيًا مُرْشِدًا. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَي حَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَأصَحابهِ اْلأَخْيَارِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
قَالَ
تَعَالَي عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. أَمَّا بَعْدُ.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah
rokhimakumullah.
Minangka pambukaning khotbah ing
siang punika, sumangga sesarengan kita nyaosaken puja puji syukur ing ngarso
dalem Allah SWT, kanthi karunianipun Allah SWT, kita taksih kabimbing iman lan
Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban ibadah Jumat. Saestu, kita
anyekseni bilih mbaten wanten pangeran kajawi Allah SWT, Lan kita anyekseni
bilih Nabi Muhammad SAW punika Rasul ingkang kautus nyebaraken rahmatipun Allah
dumateng sedaya isi jagat agung punika. Mugia shalawat lan salam atur dumateng
junjungan kita Nabi Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita
sedaya. Mugia kita manggih kabekjan wiwit ing ndonya khatal akhirah, amin ya
rabbal ‘alamin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Gesang
punika dipun ibarataken kekesahan, kekesahan nuju kampong akhirat. Sinten
kemawon mboten badhe owal saking papesthenipun Gusti Alloh punika. Tiyang
ingkang anggadhahi pangkat utawi rakyat, tiyang ingkang sugih lan punapa dene
tiyang ingkang kesraakat, sedaya badhe mlampah wonten ing garis ingkang sami,
inggih punika gesang, pejah lan akhiripun badhe dipun gesangaken malih dening
Allah SWT, wanten pagesangan akhirat.Tiyang ingkang kagolong iman lan taqwa
badhe pikantuk kanugrahan saking Allah SWT, wondene tiyang ingkang mbalelo
dhumateng dhawuh sarta nerjang ing wewaler ing Gusti mesti kapatrapan
pidananipun Gusti Allah murwat kaliyan kaliyan punapa ingkang sampun
katindakaken.
Ing
ngriki Allah SWT ngendika, kasebat ing Al-Qur’an Surat Al-Hajj ayat 66 :
وَهُوَ ٱلَّذِىٓ
أَحۡيَاڪُمۡ ثُمَّ يُمِيتُكُمۡ ثُمَّ يُحۡيِيكُمۡۗ إِنَّ ٱلۡإِنسَـٰنَ لَڪَفُورٌ۬
“Lan
Panjenengane (Allah) iku Kang wus nguripake sira kabeh, banjur mateni sira,
(lan) banjur nguripake sira (maneh). Satemene manungsa iku bener-bener kafir”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Tiyang ingkang bandhe wilujeng ing donya dalah
ing akhirat, inggih punika tiyang ingkang iman lan taqwa dhumateng Allah SWT,
wondene tiyang ingkang nerak awisanipun Allah SWT badhe sami nandang
kasangsaran saha kapitunan kangge salami-laminipun. Kadhos sampun dipun
tandesaken dening Allah “Satemene manungsa iku bener-bener tukang ngingkari
ayat-ayat lan kanikmatan-kanikmatan Allah”.
Saged kemawon ing titi wanci punika blegeripun
ketawis pideksa, gagah ing rupi, gesang ing kamulyan jati, ananging manawi
nyata-nyata wantun ngremehaken dhawuh-dhawuhipun Allah SWT, piyambakipun
mbenjang boten badhe wilujeng saking siksanipun Allah. Pramila saking punika Allah
SWT paring pemut dhateng kita sedaya :
وَمَا تَفۡعَلُواْ
مِنۡ خَيۡرٍ۬ يَعۡلَمۡهُ ٱللَّهُۗ وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيۡرَ ٱلزَّادِ
ٱلتَّقۡوَىٰۚ وَٱتَّقُونِ يَـٰٓأُوْلِى ٱلۡأَلۡبَـٰبِ
“Lana pa
wae kang padha sira tindakake saka samubarang kabecikan, Allah mesthi ngawuningani dheweke. Lan sira padha cecawisa
sangu, mangka satemene sabecik-becike sangu iku yaiku taqwa. Mula padha taqwa-a
sira he wong-wong kang padha nduweni akal”. (QS Al-Baqarah:197).
Ayat punika estunipun ugi nelakaken, bilih sangu
dhateng kampong akhirat punika mboten wonten ingkang langkung sae sanesipun,
kejawi taqwa dhumateng Allah. Sahenagga, saking wigaotsipun kalenggahan taqwa
punika, Allah ngantos mbikak awalipun Al-Qur’an kanthi ndunungaken kalenggahan
utawi jejeripun taqwa, kasebat ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah :1-2:
الٓمٓ (١) ذَٲلِكَ
ٱلۡڪِتَـٰبُ لَا رَيۡبَۛ فِيهِۛ هُدً۬ى لِّلۡمُتَّقِينَ (٢)
“Alif
laam miim. Kitab (al-Qur’an) iku ora ana barang kang mamang ing sajrone
dheweke, minangka pituduh tumrape wong-wong kang taqwa”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Sedaya
thek kliwer ingkang magepokan kaliyan pagesangan ing ngalam donya punika
estunipun sampun dipun lambangaken dening huruf
Alif - Laam – Miim, ingkang jarwinipun namung Allah piyambak
ingkang mangertos punapa kemawon ingkang badhe dumados. Pramila Allah SWT
lajeng paring papesthen saha jaminan dhateng sok sintena ingkang nindakaken
sedaya dhawuh lan lilaraken sedaya awisanipun badhe kaparingan kanugrahan
ingkang ageng menjang ing dinten kiyamat, dene tiyang ingkang wantun nerak
awisanipun Pangeran badhe pikantuk pidana saking Allah SWT.
Pramila
saking punika Allah SWT lajeng paring jaminan saha papesthen dhateng kita
sedaya, bilih Al-Qur’an punika mboten wanten cacad saha kirangipun. Al-Qur’an
mujudaken Kitab Suci ingkang paling sampurna kangge pitedah gesang lan
pagesangan para manungsa.
Al-Qur’an
“Dzalikal kitabu la raiba fihi hudan lil muttaqin” , Kitab Al-Qur’an iki ora ana barang mamang ing sajrone
dheweke, lan mujudake pituduh kanggone wong-wong kang padha taqwa. Sahingga
kanti makaten, ayat punika Allah SWT ugi paring dhawuh dhumateng kita sedaya,
bilih ngestokaken punapa kemawon ingkang kadawuhaken dening Allah SWT
jaminanipun badhe pikantuk ganjaran ingkang ageng, karaharjan dalah kabegjan ing ndonya dalah ing akhirat, amin ya rabbal
‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ
الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ
وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ،
إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
(Dipun kutib saking
pinten-pinten seratan)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar