KHUTBAH JUM’AT
MANAH INGKANG DHAME
Dening: ANIS PURWANTO
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Wonten ing kesempatan Jum’at
siyang sapunika, sumangga kita aturaken puja puji syukur ing ngarsa dalem Allah
SWT, awit ngantos ing detik punika Alhamdulillah kanthi karunianipun Allah SWT,
kita taksih kabimbing iman lan Islam sarta kesadaran kagem nindakaken kewajiban
ibadah Jumat. Mugia shalawat lan salam atur dumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad SAW, sahabat lan sedaya penderekipun, kalebet kita sedaya. Amin.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Sumangga
kita tingkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah SWT, minangka ngestokaken
dhawuhipun ingkang kaserat wonten ing kitab suci Al-Qur’an, Surat Ali Imran
ayat 102 :
يَـٰٓأَيُّہَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ
“He wong-wong mukmin ! Sira kabeh
taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-bener. Lan sira kabeh aja
pisan-pisan mati, kejaba sira kabeh tetepa dadi wong-wong Islam ”.
Makaten dhawuh pangandikanipun
Allah SWT , ingkang wajib kita gatosaken lan kita estokaken, awit manawi mboten
makaten , kita kuwatas lan nguwatasaken badan kita punika, bilih samangke
punika saestu kita pancen tiyang muslim, lan mugi-mugi kagolongaken dados
tiyang muslim, ananging saged kemawon, wonten ing saat-saat akhir gesang kita,
wanten ing saat kita pejah, kita sampun sanes tiyang muslim, jalaran kita
sampun kenging godhanipun syetan, ingkang awujud maneka warni kawontenan dalah
kedadosan.
Atus
keterangan punika kita dasaraken dhawuh suci ing Al-Qur’an, Surat Al-A’rof ayat
16-17 :
قَالَ فَبِمَآ
أَغۡوَيۡتَنِى لَأَقۡعُدَنَّ لَهُمۡ صِرَٲطَكَ ٱلۡمُسۡتَقِيمَ (١٦) ثُمَّ
لَأَتِيَنَّهُم مِّنۢ بَيۡنِ أَيۡدِيہِمۡ وَمِنۡ خَلۡفِهِمۡ وَعَنۡ أَيۡمَـٰنِہِمۡ
وَعَن شَمَآٮِٕلِهِمۡۖ وَلَا تَجِدُ أَكۡثَرَهُمۡ شَـٰكِرِينَ (١٧)
“Dhuh Gusti Allah ! Jalaran
Panjenengan sampun ngukum kula kesasar, mila estu-estu kula mesthi
ngalang-alangi anak turunipun Adam saking margi Paduka ingkang lurus. Wusana
kula mesthi ndhatengi tiyang-tiyang punika saking ngajeng lan saking
wingkingipun, saking tengen lan saking kiwanipun. Lan akhiripun Paduka mboten
manggih sebagihan ageng saking tiyang-tiyang punika ingkang syukur utawita’at
dhateng Paduka ”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
Adhedasar pangandikanipun Allah
SWT punikia, sumangga kita tingkataken terus kewanpadaan kita dhumateng
sawarnining kawontenan lan kedadosan ingkang saged ngirangi bobot iman lan
taqwa kita dhumateng Allah SWT. Malah mboten namung kewaspadaan kemawon ingkang
kita tingkataken, ananging ugi sedaya amal shalen kita ugi perlu dipun
tingkataken. Sedaya punika selaras kaliyan ancasipun gesang, kagem anggayuh
ridhanipun Allah SWT, inggih punika pados kawilujengan ing ndonya dalah ing
akhirat. Wanten ing dalem Al-Qur’an Surat Yunus ayat 9 , Allah SWT paring
dhawuh makaten :
إِنَّ ٱلَّذِينَ
ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ يَہۡدِيهِمۡ رَبُّہُم بِإِيمَـٰنِہِمۡۖ
تَجۡرِى مِن تَحۡتِہِمُ ٱلۡأَنۡهَـٰرُ فِى جَنَّـٰتِ ٱلنَّعِيمِ
“Satemene wong-wong kang iman lan
nindakake amal shaleh, dheweke kabeh bakal diparingi pituduh dening Pangerane
jalaran saka mane, dheweke kabeh iku kang ilil ing sangisore dheweke kabeh
kali-kali ana ing swarga kang kebak kanikmatane ”.
Kalenggahan ingkang minangka pejabat, bondho donya saha tingkat
sosial ingkang inggil, badhea panen arta ngatas atusan yuta, paribasan, mboten
wanten artosipun manawi akhiratipun bolong-bolong lan malah kepara mbaten
wilujeng wanten ing akhiripun, sedaya gegayuhan dalah kalenggahan kadonya
punika mboten wanten ginanipun. Sahingga minangka jejeripun kaum muslimin ingkang
kagungan kapitadosan utami ing agami Islam, mesthi kagungan panjangga kagem
anggayuh kawilujengan ing ndonya dalah ing akhirat mbenjang, kalih-kalihipun
kedah kita upadi kanthi seimbang, wilujeng ing ndonya dalah ing akhirat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar