KHUTBAH
IDUL ADHA 1439 H / 2018 M
KANTHI PENGURBANAN
LAN KAMARDIKAN
KITA SUKSESAKEN
PEMBANGUNAN NASIONAL
Ed. Anis Purwanto
الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
الله أكبر الله أكبر
الله أكبر الله أكبر
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ
شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ
لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ
وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ:
فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ
تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا
الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ
وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha
illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah
Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Minangka pambukaning atur, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah, kanthi ngaturaken pujo puji
syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun
paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos ing enjangipun Idul Adha punika kita saged nindakaken pangibadahan
dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita
katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi
ing akherat.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng junjungan
kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum
muslimin, nuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang
wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Jama’ah
Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Kanthi rahmat sih pitulunganipun Allah SWT, ing enjang punika kita umat Islam
mangayubagya dhatengipun dinten agung “Idul Adha” kanthi nindakaken
sarangkeaning ibadah ritual ingkang mila sampun dipun syariataken dening agami
. sarana ngumandhangaken kalimah takbir, tahmid lan tahlil, minangka tandha bukti anggen kita ngegungaken
asmanipun Allah SWT. “ Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha
illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu. Kajawi ngumandhangaken kalimah takbir
ingkang dipun wiwiti kalawau dalu , gumuruh ngebaki angkasa. Kita ugi
kadhawuhan nindakaken shalat Idul Adha kados ingkang nembe kita tindadaken
kalawau.
Kita ugi muji syukur
dhuateng ngarsa dalem Allah SWT, bilih ing Idul Adha taHun 2018 punika kita
Bangsa Indonesia nembe kemawon mrengeti HUT RI ingkang kaping - 73. Swasono prengetan
ngengetaken kita kaliyan detik-detik Proklamasi
Kamardikan Republik Indonesia. Bab punika penting kita aturaken ing awal
khubah, kanthi pengajab mugia kaum Muslimin nyadari bilih kamardikan saking
penjajah Walandi, mbaten kamardikan final, ananging tetep berjuang terus ngisi
kamardikan nuju nagari ingkang “ BALDATUN TOYYIBATUN WA RABBUN GHOFUUR”.
Kathah hikmah ingkang
saged kita pethik saking prengetan Proklamasi Kamardikan ingkang wekdalipun
celak sanget kaliyan kita mahargya dinten Idul Adha punika. Kamardikan lan
pengurbanan, mila pancen rapet sanget sesambetanipun. Kamardikan lan pengurbanan
punika ngengetaken kita dhumateng para pahlawan lan syuhada’ipun bangsa ingkang
gugur mbelani tanah wutah erahipun saking penjajahanipun bangsa asing. Berkat
pengurbananipun para syuhada’ lan pahlawan punika, kita samangke saged
ngraosaken nikmatipun gesang wonten ing alam kamardikan.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu
Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Ucapan takbir punika
ugi ngumandhang wanten ing angkasa, nalika kita miwiti revolosi ing wulan
Agustus 1945 wonten ing saindengin Nuswantara. Kanthi pekikan takbir punika
para pejuang gumregah semangatipun, ngadhepi mengsah ingkang anggadhahi
persenjataan modern, nyorohaken jiwa lan ngurbanaken nyowonipun, mbebasaken
bangsa lan negari saking jajahanipun bangsa sanes.
Kita sedaya bangsa
Indonesia, khususipun kita kaum muslimin ingkang nembe mahargya Idul Adha, Kamardikan
RI tanggal 17 Agustus 1945, mbekta mawarni-warni kenangan lan harapan. Awit
nikmat kamardikan menika minangka berkah lan rahmat Allah SWT, “Atas berkat
rahmat Allah yang Maha kuasa dan dengan didorongkan oleh keinginan yang luhur,
supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan
dengan ini kemerdekannya”. Kanthi kamardikan punika harkat lan martabatipun
bangsa Indonesia setaraf lan sejajar kaliyan bangsa-bangsa sanes ing donya.
Inggil utawi andaping drajatipun manungsa namung dipun bentenaken dening
ketaqwaanipun dhumateng Allah SWT :
يَـٰٓأَيُّہَا
ٱلنَّاسُ إِنَّا خَلَقۡنَـٰكُم مِّن ذَكَرٍ۬ وَأُنثَىٰ وَجَعَلۡنَـٰكُمۡ شُعُوبً۬ا
وَقَبَآٮِٕلَ لِتَعَارَفُوٓاْۚ إِنَّ أَڪۡرَمَكُمۡ عِندَ ٱللَّهِ أَتۡقَٮٰكُمۡۚ
إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ۬
“E para
manungsa! Ingsun wis gawe sira, kang wijine saka wong lanang lan wadon, lan
Ingsun dadekake pirang-pirang bangsa lan golongan supaya padha tepung antara
siji lan sjijine. Satemene wong kang paling mulya ing antarane sira kabeh
mungguhe Allah, yaiku wong kang paling bekti marang Allah. Satemene Allah iku
Maha ngawuningani tur Maha wicaksono”.(QS. Al-Hujarat : 13).
Jama’ah
Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Jumbuh kaliyan dhawuh punika , kala wingi
tanggal 9 Dzul hijjah, sedaya jamaah haji ingkang jumlahipun yutan punika, sami
nindakaken wukuf ing ara-ara Arofah. Wukuf mujudaken puncakipun ibadah haji.
Wonten ing padang Arofah punika jamaah haji saking sedaya bangsa kepanggih.
Pepanggihan bangsa-bangsa saindenging donya, ingkang nunggil agami lan nunggil
aqidah, tetela nyadaraken kita dhateng wontenipun persamaaning asal-usulipun
manungsa.
Wonten
ing saat lan papan punika mboten wonten tiyang engkang nggatosaken dhateng
pangkat, drajat lan kalenggahan. Sedaya jamaah engkang nembe wukuf, sami ngagem
ageman “Ikhram”, ageman ingkang
seragam, sarwa pethak lan tanpa dipun jahit. Lan sedaya sami ngucapaken ucapan
tuwin donga ingkang seragam ugi, sedaya memuji dhumateng Gusti Ingkang Murbaeng
Dumados , kanthi kalimah “Talbiyah”: Ingkang jarwinipun : “Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah
mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun
sedaya puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung
Paduka ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken
kuwaos Paduka”.
Ruh Islam ingkang
mancar saking kalimah talbiyah lan ugi kalimat takbir mujudaken sumber
kekiyatan bangsa Indonesia ing rikala samanten ngrebat lan mertahanaken
kamardikan, srta ngurbanaken jiwa lan raganipun. Sejarah kamardikan Indonesia
nyerat pahlawan Nasional kadosta Tuanku Imam Bonjol, Pangeran Diponegoro, Kyai
Mojo, Pangeran Antasari, Cik Ditiro, minangka para syuhada’ ingkang berjuang
ngagem agemam jubah lan serban, sami kaliyan ageman ihkram.
Al-Qur’an Surat Al-Haj ayat 39 nyebadaken
makaten :
أُذِنَ
لِلَّذِينَ يُقَـٰتَلُونَ بِأَنَّهُمۡ ظُلِمُواْۚ وَإِنَّ ٱللَّهَ عَلَىٰ
نَصۡرِهِمۡ لَقَدِيرٌ
“Wis
dikeparengake perang tumrape wong-wong kang diperangi, jalaran wong-wong mau
dianiaya,. Satemene Allah iku kuwasa nulung wong-wong mau”.
Ayat Al-Qur’an punika ugi ingkang paring
semangat juangipun para pahlawan kusumaning bangsa nglawan kaum penjajah. Lan
kangge kamardikan bangsa lan negarinipun punika para pahlawan lan syuhada’ lega
lila lan ihklas ngedalaken pangurbanan, punapa malih pengurbanan punika jer
mujudaken prentahipun agami, kados ingkang sampun dipun contoaken Nabi Ibrahim
as lan Nabi ismail as.
Jama’ah
Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Kisah pengorbananipun
Nabi Ibrahim as lan Nabi Ismail as nyata-nyata endah lan sampurna. Kacarios nalikanipun Kanjeng Nabi Ibrahim as dipun
uji mental saha imanipun dening Allah SWT, kanthi kadhawuhan supados mragat
putra kinasih, Nabi Ismail as. Nabi Ibrahim as ngestokaken dhawuhipun Allah
punika tanpa tidha-tidha. Keng putra piyambak, Nabi Ismail as, wontenipun
inggih ihklas, namung sumarah lan manut. Kados kasebat wonten Al-Qur’an Surat
Ash-Shoffat ayat 102 :
فَلَمَّا بَلَغَ
مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ
أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُۖ
سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
“Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan
saguh usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger
anakku, Rama pirsa ana ing sajrone impen, yen rama kadhawuhan dening Allah
nyembelih sira, ngger. Mula saka iku pikiren. Ismail banjur matur: Dhuh rama,
sumangga kula aturi nindakaken punapa ingkang kadhawuhaken dhumateng
panjenengan, rama. Insya Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet
golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”.
Kanthi
mendhet piwucal adiluhung saking kisah ketaatanipun Nabi Ibrahim as lan Nabi
ismail as, dipun ajab wanten ningkatipun ketaatan kita dhumateng Allah saha
Utusanipun, lan ningkatipun keihklasan berkurban. Kita yakin kanthi
seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita utawi idham-idhaman
kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah
saya ageng pengubanan ingkang dipun wedalaken, minangka tebusanipun gegayuhan
kala wau.
Kurban
dadas buktining ketaatan, lan ugi buktining katresnan. Trisna tanpa pengurbanan
naminipun trisna palsu. Wanten ing Surat Ali imran ayat 92 dipun aturaken :
لَن تَنَالُواْ ٱلۡبِرَّ حَتَّىٰ تُنفِقُواْ مِمَّا تُحِبُّونَۚ
وَمَا تُنفِقُواْ مِن شَىۡءٍ۬ فَإِنَّ ٱللَّهَ بِهِۦ عَلِيمٌ۬
“Sira
kabeh ora bakal bisa oleh kebecikan kejaba yen wis padha gelem ngurbanake
sebagian barang kang kok tresnani. Lan apa bae kang kok kurbanake (infakake),
satemene Allah iku Maha Mirsani marang apa bae kang kok tindakake”.
Menggahipun Allah, pangaosipun (nilai) kurban
mboten dumunung wonten ing barangipun ingkang dipun kurbanaken, nanging
dumunung ing taqwa ingkang dados landhasanipun. Surat Al-haj ayat 37
nandhasaken makaten :
لَن يَنَالَ ٱللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَآؤُهَا وَلَـٰكِن
يَنَالُهُ ٱلتَّقۡوَىٰ مِنكُمۡۚ كَذَٲلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمۡ لِتُكَبِّرُواْ
ٱللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَٮٰكُمۡۗ وَبَشِّرِ ٱلۡمُحۡسِنِينَ
“Dudu
daging-daginge lan dudu getih-getihe kewan kurban kang bisa teka marang Allah,
nanging kang bisa teka (ditampa dening Allah) iku taqwanira. Kaya mangkono iku
Allah nundhukake kewan-kewan kurban mau tumrape sira kabeh, kang supaya sira kabeh padha ngegungna asmane
Allah manut pituduh kang wus diparingake marang sira. Lan sira aweha kabar
gumbir marang wong-wong kang gawe kabecikan”.
Jama’ah Shalat
idul Adha Rakhimakumullah.
Kamardikan rapet sanget sesambetanipun kaliyan
pengurbanan. Malah kamardikan mboten badhe
kagayuh, yen tanpa wonten pangurbanan. Makaten ugi ngisi kamardikan,
dipun perlokaken sanget wontenipun pengurbanan. Wondene bentukipun ngisi
kamardikan punika mboten wonten sanes
kajawi sarana pembangunan. Lan ngengingi bab pembangunan punika, kita sedaya Bangsa
Indonesia pancen wajib muji syukur dhumateng Allah SWT. Awit Alhamdulillah,
kanthi pitulunganipun saha pitedahipun Allah, kita bangsa Indonesai dumugi ing
saat sapunika taksih wonten salebetipun mbangun. Lan kasil saking pembangunan
punika sampun saget dipun raosaken dening kita sedaya bangsa lan rakyat
Indonesaia. Ingkang mesthi kemawon pembangunan punika taksih kedah kita terusaken
lan kita tingkataken, murih tujuanipun pembangunan punika piyambak tumunten
saget kita gayuh. Inggih punika Kesejahteraan lahir batin, kemakmuran
tuwin keadilan ingkang waradin tumrapipun rakyat lan masyarakat
Indonesia wonten ing salebetipun negari Republik Indonsia ingkang adedasar
Pancasila lan Undang-Undang Dasar 1945, ingkang dipun ridlani dening Allah SWT,
“BALDATUN TOYYIBATUN WA RABBUN GHAFUUR”.
Pembangunan ingkang kita
leksanakaken, pancen sekelangkung wiyar sanget tebanipun, sahengga asring
kasebat “Pembangunan manusia seutuhnya dan pembangunan masyarakat Indonesia
sluruhnya”. Karana agengipun
gegayuhan saking Pembangunan Nasional, tartamtu mbetahaken partisipasi saking
sedaya lapisan masyarakat wanten ing sedaya bidang, selaras kaliyan pakaryan
lan profesi kita piyambak-piyambak.
Pramila saking punika Pembangunan Nasional,
insya Allah mujudaken pengejowantahan saking taqwa kita dhumateng Allah SWT.
Selajengipun keberhasilan pembangunan ingkang lelandasan sikap
pengurbanan menika badhe saged ngagungaken syi’ar Allah lan syi’ar Islam ing
bumi Indonesia menika :
ذَٲلِكَ
وَمَن يُعَظِّمۡ شَعَـٰٓٮِٕرَ ٱللَّهِ فَإِنَّهَا مِن تَقۡوَى ٱلۡقُلُوبِ
“Lan sing sapa ngagungake
syi’ar-syia’re Allah, prayata iku saka ati kang taqwa”. (QS. Al-Hajji :32)
Jamaah Shalat
Idul Adha Rakhimakumullah.
Ngantos ing saat
mahargya Idul Adha ing tahun 1439 H punika, kita bangsa Indonesia kanthi berkelanjutan
tetep nerusaken karya ageng Pembangunan
Nasional, senaoso ugi taksih ngadhepi mawarni-warni ujian ingkang ugi mboten
entheng. kadosta mrosotipun moral “anak bangsa” , koropsi, kolosi
lan nepotisme taksih tuwuh subur. Risakipun budaya bangsa lan demoralisasi,
ingkang dadas masalah kebangsaan ugi kedah enggal kita usadani. Meski
makaten sejatosipun halangan, rintangan lan tantangan ingkang dipun adhepi kita
bangsa Indoesia , mboten mligi saking njaban rangkah kemawon, ananging
khususipun ing kalangan umat Islam piyambak, rapuhipun ukhuwah Islamiyah kita
dados salah satunggal penyebabipun.
Pramila saking punika ,
mestinipun kita lajeng saget mendet piwucal adiluhung saking prastowo qurban
ingkang dipun lakonaken Nabi kekalih,
inggih punika Nabi Ibrahim as lan Nabi Ismail as, minangka pepenget dhumateng para pemimpin
saha tiang sepuh lan putra-putranipun. Liripun, bilih satunggaling pemimpin
kedah saget kangge conto sae wanten ing gesangipun lan ing keluarganipun. Nabi
Ibrahim mboten namung paring conto kados pundi tanggung jawabipun minangka
pemimpin umat, ananging ugi minangka jejeripun rama ingkang wicaksana, semanten
ugi Nabi Ismail minangka conto generasi muda ingkang satuhu dhateng tiang sepuhipun.
Akhiripun kanthi semangat Idul Adha kita
lajengaken pembangunan nasional, kagem anggayuh nagari ingkang majeng ing
sedaya bidang. Sumangga sedaya kita aturaken dhumateng para punggowo negeri. Kita
minangka jejeripun warga negeri ingkang sae kedah kagungan wawasan ingkang
wicaksana, pundi ingkang sae sumamgga kita
sengkuyung, pundi engksng awon sumangga kita dandosi sesarengan murih dados
saenipun. Mugia sedaya pemimpin negeri kaparingan hidayahipun sahingga saget
mimpin nagari kanthi wicaksana, nuju masyarakat adil makmur Mugia kita manggih
kawilujengan ing donya dalah ing akhirat.
Selajengipun kangge penutup khutbah, sumangga
kita ngeningaken cipta, nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka
kita saget dipun kabulaken Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ
فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ
اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ.
فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.