Minggu, 04 September 2016

KHUTBAH IDUL ADHA 1437 H / 2016 M ( BAHASA JAWA ) : SEMANGAT PENGORBANAN KANGGE SUKSESIPUN PEMBANGUNAN



KHUTBAH IDUL ADHA  1437 H / 2016 M
SEMANGAT PENGORBANAN KANGGE SUKSESIPUN
 PEMBANGUNAN
Dening : Anis Purwanto
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
Alhamdulillah wasy-syukru lillah, kanthi idzin lan keparengipun Gusti Ingkang Maha Kawasa, Allah SWT, ing enjang punika kita sedaya ummat Islam sami mahargya dhatengipun dinten agung Idul Adha, kanthi nindakaken ibadah,  ngajeng-ajeng ridlonipun Allah SWT. Kita nyuwun mugi-mugi ibadah kita dipun tampi dening Allah SWT, saged nglumantaraken dhumateng gesang ingkang bagya mulya wiwit ing ndonya dumuginipun akhirat.
Shalawat saha salam kunjuk dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing sedaya kaum muslimin nuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita pikantuk syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, main ya rabbal ‘alamin.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Ing saat punika sedaya jamaah haji, kakung saha putri, enem sepuh, pinuju ngempal ing tanah Mina wilayah tanah suci Mekah Al –Mukarromah saperlu nindakaken wajib haji; “mbalang jumrah” , saksampunipun nindakaken puncak ibadah, inggih punika wukuf ing Padang Arofah tanggal 9 Dzul-Hijjah kala wingi.
            Ngempalipun para jamaah haji ing Arofah menika kalawau, kanthi ngagem ageman seragam ihram werni pethak ingkang mboten dipun jahit, menika mujudaken perlambang persatuan, persamaan lan demokrasi ing agami Islam. Ing wekdal kasebat mboten wanten bentenipun antawis bangsa setunggal kalian sanesipun, werni kulit, sugih, pangkat lan drajat. Jer tumrapipun Allah SWT sedaya manungsa menika sami, ingkang paling mulya ing ngarsanipun Allah inggih punika ingkang paling taqwa :
إِنَّ أَڪۡرَمَكُمۡ عِندَ ٱللَّهِ أَتۡقَٮٰكُمۡ‌ۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ۬
“Setemene wong sing paling mulya antarane sira kabeh ing ngarsane Gusti Allah, yaiku sapa sing paling taqwa” (QS Al-Hujurat : 13).
            Para sederek, kita sami mangertos sesarengan bilih ibadah haji punika hukumipun wajib kagem sedaya kaum muslimin ingkang sampun mampu, paling mboten sepindah sak dangunipun gesang. Kasebat wonten ing Al-Qur’an Surah Ali Imran ayat 97 :
وَلِلَّهِ عَلَى ٱلنَّاسِ حِجُّ ٱلۡبَيۡتِ مَنِ ٱسۡتَطَاعَ إِلَيۡهِ سَبِيلاً۬‌ۚ وَمَن كَفَرَ فَإِنَّ ٱللَّهَ غَنِىٌّ عَنِ ٱلۡعَـٰلَمِينَ
“Allah wus majibake marang para manungsa supaya nekani omah suci nindakake Haji, yaiku kanggone wong-wong kang mampu dalane, lan sapa sing ingkar mangka saktemene Gusti Allah iku sugih saka alam kabeh”.
            Kanthi dhawuh Allah SWT kasebat, mayuta-yuta kaum muslimin sami nindakaken ibadah haji, netepi dhawuh panggilan Allah SWT kanthi ngumandhangaken kalimah talbiyah :
“Nuwun inggih sendika dhawuh dalem, Gusti. Dhuh Gusti, kula tansah mbangun turut dhawuh Paduka. Mbaten wanten sekutu kagem Paduka. Sayektosipun sedaya puji lan sawernining kanikmatan punika kagungan Paduka. Lan namung Paduka ingkang nguwaosi samubarang dhengah, lan mbaten wanten ingkang nyekuthoaken kuwaos Paduka”.
            Para sederek, kangge kita sedaya ingkang ing saat sapunika mboten nindakaken ibadah haji, kita mahargya Idul Adha menika kanthi ngempal ing tanah-tanah lapang, masjid lan Mushalla kagem nindakaken shalat Idul Adha, kairing waosan takbir, tahlil lan tahmid, wiwit kala dalu ngantos ing enjang punika, ngagungaken asmanipun Allah SWT : “ALLAHU AKBAR, ALLAHU AKBAR, ALLAHU AKBAR, LAAILAAHA ILLALLAHU AKBAR, ALLAHU AKBAR WALILLAHIL HAMDU”.  Sesarengan kaum muslimin sak nuswantara, ngebaki angkasa, memuji Gusti Ingkang maha Kawasa, ngupadi ridla Allah SWT. Malah kanthi gumbiraning manah wanten ingkang katindakaken kanthi takbir keliling.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Satunggalipun ibadah ingkang penting ing Riyadin Qurban inggih punika “pemragatan kewan qurban”. Bab punika kadhasaraken dhawuhipun Allah SWT:
إِنَّآ أَعۡطَيۡنَـٰكَ ٱلۡكَوۡثَرَ (١) فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَٱنۡحَرۡ (٢)
“Satemene Engsung wus paring kanikmatan kang akeh banget marang sira.Mula saka iku sira nyembaha marang Pangeranira. Lan sira kurbana”. (QS. Al Kautsar:1-2).
Ibadah qurban menika dipun wiwiti saking kisah qurbanipun Nabi Ibrahim as kaliyan putranipun, inggih punika Nabi Ismail as. Kala semanten Nabi Ibrahim as dipun uji dening Gusti Allah kadhawuhan mragat putra kinasih, pun Ismail as. Mesthi kemawon, minangka jejeripun bapa Nabi Ibrahim as kraos awrat sanget ngleksanakaken dhawuh kasebat. Nanging senajan awrat kados menapa, jer menika nyata-nyata dhawuhipun Gusti Allah, Nabi Ibrahim kanthi taat lan tawakkal nindakaken dhawuh Allah kasebat. Makaten ugi keng putra pun Ismail as, wantenipun inggih sendika dhawuh.
Bab punika kacariyosaken wanten ing salebetipun Al-Qur’an, kasebat ing Surah As Shaffat ayat 102 :
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰ‌ۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُ‌ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
 “Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan saguh usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger anakku, Rama pirsa ana sajrone impen, yen rama kadhawuhan dening Allah nyembelih sira, ngger. Mula saka iku pikiren. Ismail banjur matur : Dhuh rama, sumangga kula aturi nindakaken punapa ingkang kadhawuhaken dhumateng panjenengan, rama. Isnya Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”.
            Nanging Gusti Allah ingkang Maha Agung lan Maha Asih mboten kagungan kersa badhe nyengsarakaken kawulanipun. Kalih-kalihipun rama dalah putra lulus saking ujianipun, sarana naati dawuhipun Allah, senajan toh akhiripun Nabi Ismail as tetep sugeng, jalaran mboten kapragat saestu, awit lajeng dipun gantos kaliyan menda gibas.  Makaten ingkang dados kersanipun Allah SWT, kados dhawuhipun ingkang kasebat ing Surah Shaffat ayat 105 :
قَدۡ صَدَّقۡتَ ٱلرُّءۡيَآ‌ۚ إِنَّا كَذَٲلِكَ نَجۡزِى ٱلۡمُحۡسِنِينَ
 “Temen-temen sira wus nbenerake (dhawuh saka) impen iku, satemene sing mangkono iku Ingsun bakal paring ganjaran marang wang-wang sing tumindak becik”.
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Makaten para sederek, ibadah qurban saestu minangka ibadah ingkang pokok ing Idul Adha menika. Mugi-mugi ibadah qurban kasebat ugi suka hikmah saha piwucal kangge kita sedaya, inggih menika ningkatipun iman, lan keihklasan berqurban kangge kepentingan sesarengan, ingkang ing tembe manfangati kangge pembangunan lan kemajengan. Pengurbanan ingkang ihklas menika ingkang badhe  ndadosaken suksesipun pembangunan, amargi kasil mbotenipun satunggalipun perjuangan tartamtu merlokaken pengurbanan. Makaten ugi cita-cita Pembangunan Nasional kita, mesti kemawon merlokaken pengurbanan saking kita sedaya bangsa Indonesia.
            Awit pembangunan ingkang dipun laksanaaken wanten ing nagari kita punika pancen sakelangkung wiyar sanget tebanipun, ingkang asring kasebat “Pembangunan manusia seutuhnya lan Pembangunan Masyarakat Indonesia Seluruhnya”. Pramila mbetahaken partisipasi saking sedaya lapisan masyarakat wanten ing sedaya bidhang, selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak. Wondene gegayuhan ingkang pungkasan saking pembangunan inggih punika “BALDATUN TOYYIBATUN WA RABBUN GHAFUUR”.
            Pramila saking punika Pembangunan Nasional ingkang kita laksanaaken punika, insya Allah mujudaken pengejowantahan saking taqwa kita dhumateng Allah SWT. Selajengipun keberhasilan pembangunan ingkang lelandasan sikap pengurbanan menika badhe saged ngagungaken syi’ar Allah lan syi’ar Islam ing bumi Indonesia menika :
وَمَن يُعَظِّمۡ شَعَـٰٓٮِٕرَ ٱللَّهِ فَإِنَّهَا مِن تَقۡوَى ٱلۡقُلُوب
“Lan sing sapa ngagungake syi’ar-syia’re Allah, prayata iku saka ati kang taqwa”. (QS. Al-Hajji :32)
Jamaah Shalat Idul Adha Rakhimakumullah.
            Ngantos ing saat mahargya Idul Adha ing tahun 1437 H punika, kita bangsa Indonesia kanthi berkelanjutan tetep nerusaken   karya ageng Pembangunan Nasional, senaoso ugi taksih ngadhepi mawarni-warni ujian ingkang ugi mboten entheng, kadosta mrosotipun moral “anak bangsa” , ugi koropsi, kolosi lan nepotisme taksih tuwuh subur. Risakipun budaya bangsa lan demoralisasi, ingkang dadas masalah kebangsaan ugi kedah enggal kita usadani. Meski makaten sejatosipun halangan, rintangan lan tantangan ingkang dipun adhepi kita bangsa Indoesia , mboten mligi saking njaban rangkah kemawon, ananging khususipun ing kalangan umat Islam piyambak, rapuhipun ukhuwah Islamiyah kita dados salah satunggal penyebabipun.
            Pramila saking punika , mestinipun kita lajeng saget mendet piwucal adiluhung saking prastowo qurban ingkang dipun lakonaken Nabi kekalih,  inggih punika Nabi Ibrahim as lan Nabi Ismail as,  minangka pepenget dhumateng para pemimpin saha tiang sepuh lan putra-putranipun. Liripun, bilih satunggaling pemimpin kedah saget kangge conto sae wanten ing gesangipun lan ing keluarganipun. Nabi Ibrahim mboten namung paring conto kados pundi tanggung jawabipun minangka pemimpin umat, ananging ugi minangka jejeripun rama ingkang wicaksana, semanten ugi Nabi Ismail minangka conto generasi enem ingkang satuhu  dhateng tiang sepuhipun.
Akhiripun kanthi semangat Idul Adha kita lajengaken pembangunan nasional, kagem anggayuh nagari ingkang majeng ing sedaya bidang, negeri ingkang baldatun toyyibatun wa rabbun ghofur. Sumangga sedaya kita aturaken dhumateng para punggowo negeri, kita selaku warga negeri ingkang sae kedah kagungan wawasan ingkang wicaksana, pundi  ingkang sae sumamgga kita sengkuyung, pundi engksng awon sumangga kita dandosi sesarengan murih dados saenipun. Mugia sedaya pemimpin negeri kaparingan hidayahipun sahingga saget mimpin nagari kanthi wicaksana, nuju masyarakat adil makmur Mugia kita manggih kawilujengan ing donya dalah ing akhirat.
Selajengipun kangge penutup khutbah, sumangga kita ngeningaken cipta, nyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi sedaya panjangka kita saget dipun kabulaken Allah SWT.