Sabtu, 12 September 2015

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA 1436 H / 2015 M : IMAN LAN TAQWA DADOS DHASARING PENGURBANAN LAN PEMBANGUNAN



KHUTBAH IDUL ADHA  1436 H / 2015 M
IMAN LAN  TAQWA DADOS DHASARING PENGURBANAN LAN PEMBANGUNAN


الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر الله أكبر
الله أكبر الله أكبر
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ



Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Minangka pambukaning atur, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah, kanthi ngaturaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos  ing enjangipun Idul Adha  punika kita saged nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat.
Shalawat saha salam mugia katur dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun mbimbing dhumateng sedaya kaum muslimin, nuju margi ingkang utami. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun mbenjang wanten ing yaumul kiyamah, amin ya rabbal ‘alamin.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Ing enjang punika kita umat Islam mangayubagya dhatengipun dinten agung “Idul Adha” kanthi nindakaken sarangkeaning ibadah ritual ingkang mila sampun dipun syariataken dening agami . wondene caranipun inggih punika sarana ngumandhangaken kalimah takbir, tahmid lan tahlil,  minangka tandha bukti anggen kita ngagungaken asmanipun Allah SWT. “ Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
            Kajawi ngumandhangaken kalimah takbir ingkang dipun wiwiti kalawau dalu , kita ugi kadhawuhan nindakaken shalat Idul Adha kados ingkang nembe kita tindadaken kalawau. Ing salajengipun tumraping kita ingkang kaparingan jembaring rizki ugi dipun dhawuhi supados damel korban sarana mragat kewan korban, ingkang salajengipun dagingipun sebagian ageng dipun bagi-bagi dhateng para sedherek kita fuqara’ lan masakin.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Saben-saben kita kedhatengan dinten agung Idul Adha, kita lajeng enget dhateng sejarahipun Nabi Ibrahim as kaliyan putranipun, inggih punika Nabi Ismail as. Wanten salebetipun kisah, kalih-kalihipun rama lan putra dipun uji dening Allah SWT. Nabi Ibrahim as manawi saestu langkung tresna dhateng Allah Pangeranipun, katresnan punika supadhas dipun buktekaken kanthi mragat putranipun. Kalih-lalihipun rama dalah putra lulus saking ujianipun, sarana naati dhawuhipun Allah, senajaan toh akhiripun Nabi Ismail tetep sugeng, jalaran mboten kapragat saestu, awit lajeng dipun gantos dening Malaikat kanthi menda gibas. Makaten ingkang dados kersanipun Allah SWT
            Bab punika kacariosaken wanten ing salebetipun Al-Qur’an , kasebat wanten ing Surat As Shaffat : 102 :

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعۡىَ قَالَ يَـٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلۡمَنَامِ أَنِّىٓ أَذۡبَحُكَ فَٱنظُرۡ مَاذَا تَرَىٰ‌ۚ قَالَ يَـٰٓأَبَتِ ٱفۡعَلۡ مَا تُؤۡمَرُ‌ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّـٰبِرِينَ
“Wusana nalika anake, Ismail iku wus tekan saguh usaha, bebarengan karo dheweke, Ibrahim banjur kandha : Dhuh ngger anakku, Rama pirsa ana ing sajrone impen, yen rama kadhawuhan dening Allah nyembelih sira, ngger. Mula saka iku pikiren. Ismail banjur matur: Dhuh rama, sumangga kula aturi nindakaken punapa ingkang kadhawuhaken dhumateng panjenengan, rama. Insya Allah rama badhe pirsa, bilih kula kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”.
            Makaten ingkang dados kersanipun Allah SWT, ingkang nyutradarani kisah ageng punika, ingkang akhiripun Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail as katetepaken minangka lambang pengurbanan lan pembangunan. Kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 127 :

وَإِذۡ يَرۡفَعُ إِبۡرَٲهِـۧمُ ٱلۡقَوَاعِدَ مِنَ ٱلۡبَيۡتِ وَإِسۡمَـٰعِيلُ رَبَّنَا تَقَبَّلۡ مِنَّآ‌ۖ إِنَّكَ أَنتَ ٱلسَّمِيعُ ٱلۡعَلِيمُ

 “Lan elinga nalika Ibrahim lan Ismail bebarengan ngankat (mbangun) dhasar-dhasare Baitullah). Wong loro (rama lan putra) mau banjur ndonga : Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi wantena kepareng Paduka nampi amalan kula. Sejatosipun Paduka punika maha Midhanget lan Maha Ngawuningani”.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
            Mila kasinggihan sanget, bilih pendidikan lan hikmah inti ingkang winengku wanten ing salebetipun syariat Idul adha punika wanten kalih, inggih punika pengorbanan lan pembangunan. Tetela pengurbanan lan pembangunan minangka bab ingkang mboten lepas saking pagesanganipun manungsa. Awit manungsa kacipta dening Allah kanthi dipun lengkapi fitrah membangun lan berkurban.  Kados pangandikapnipun Allah wanten ing Al-Qur’an Surat Hud ayat 61 :

هُوَ أَنشَأَكُم مِّنَ ٱلۡأَرۡضِ وَٱسۡتَعۡمَرَكُمۡ فِيہَا فَٱسۡتَغۡفِرُوهُ ثُمَّ تُوبُوٓاْ إِلَيۡهِ‌ۚ إِنَّ رَبِّى قَرِيبٌ۬ مُّجِيبٌ۬

“Panjenengane Allah iku nyipta sira kabeh saka bumi, lan gawe sira kabeh dadi pemakmure bumi. Mula saka iku sira kabeh pdha nyuwuna pangapura marang Allah, wusana banjur tobata marang Panjenengane. Satemene Pangeraningsun iku maha cedhak marang kawulane lan nyembadani penyuwune para kawulane”
Wondene piwucal adilihung ingkang saget kita pethik saking kisah Nabi Ibrahim as lan Nabi Ismail as, inggih punika panjenenganipun  sukses ngangkat utawi mbangun dasaripun agami kanthi  kebak raos iman lan ketaatan dhumateng Allah SWT. Ketaatan minangka dasar utami saking sadaya kegiataning manungsa, kasil dipun tindakaken kanthi kebak keihklasan lan kesabaran, senajan kedah mawi pengorbanan ingkang awrat sanget. Malah kanthi lila legawaning manah sanggup ngurbanaken keng putra ingkang sakelangkung dipun trisnani.
Ananging jalaran saking ta’atipun dhumateng Allah, katresnan dhateng anak kalawau saget kawon, amargi saking agengipun keta’atan dumateng Allah SWT.  Sahingga manawi katresnan kita dhumateng Allah SWT , anglangkungi tresna kita dhateng sanesipun, tartamtu badhe mahanani kagayuhing kabegjan ingkang sakalangkung  ageng lan langgeng.
Pembangunan wonten ing bidhang punapa kemawon, tan kenging mboten tartamtu mbetahaken perngurbanan, saya ageng bidhang ingkang dipun bangun, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken. Cita-cita mbangun bangsa lan nagari Indonesia ingkang kita tresnani punika ugi merlokaken pengurbanan ingkang ageng.
Pembangunan ingkang dipun leksanaaken wonten ing nagari kita punika, pancen sakalengkung wiyar sanget tebanipun, sahengga asring kasebat, “Pembangunan manungsa seutuhnya dan pembangunan masyarakat indonesia seluruhnya”. Mila saking punika karana agengipun gegayuhan saking Pembangunan Nasional, sahingga Pemerintah RI paring asma kabinet kanthi sebatan “ KABINET KERJA”, kanthi slogan “KERJA, KERJA DAN KERJA”. Awit kita akeni bilih lampahing pembangunan taksih panjang, pramila mbetahaken partisipasi saking sedaya lapisan masyarakat wanten ing sedaya bidhang, selaras kaliyan pakaryan lan profesi kita piyambak-piyambak. Wondene gegayuhan ingkang pungkasan saking pembangunan inggih punika, nagari igkang baldatun toyyibatun wa rabbun ghofuur”. Kados sampun kasebat ing Surat Saba’ ayat 15 :

بَلۡدَةٌ۬ طَيِّبَةٌ۬ وَرَبٌّ غَفُورٌ۬

“Sawijining negara sing indah, gemah ripah loh jinawi, subur makmur, adil tat tentrem, pendhudhuke guyup rukun, urip ana ing sajrone pangayoman lan lindhungane Allah , Pangeran kang Maha Paring Pangapura”.
            Ing salajengipun perlu kita aturaken wonten ing ngriki bilih, saat punika kita bangsa Indonesia nembe nedheng-nedhengipun ngadhepi satunggalingng pakaryan nasional, inggih punika pemilukada serentak, ingkang insya Allah badhe kaleksanan mbenjang dinten Rabu Pahing tanggal 9 Desember 2015.  Malah khususipun ing wewengkon Kab. Ngawi ing saat sapunika sampun dumugi penetapan Daftar Pemilih Sementara (DPS), ingkang datanipun terus dipun sempurnakaken ngantos titi wanci katetapaken dados Daftar Pemilih Tetap, mbenjang tanggal 1-2 Oktober 2015.
Pramila saking punika para sederek, kewajiban kita minangka rakyat Indonesia mboten wonten sanes kejawi mesthi lan wajib anyengkuyung lan nderek nyuksesaken pemilukada tahun 2015 punika, Awit kanthi Pemilukada punika badhe kita pilih Bupati lan Wakil Bupati Kab. Ngawi, minangka pimpinan “masa depan”.  Sumangga kita usahakaken Pemilukada mangke saged mlampah kanthi lancar, aman, tertib lan tentrem.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahil hamdu.
Jama’ah Shalat idul Adha Rakhimakumullah.
Akhiripun, kanthi mendhet piwucal adiluhung lan hikmah saking Idul Adha, dipun ajab wanten ningkatipun ketaatan lan ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT lan utusanipun, saha ningkatipun keihklasan berrkurban, kita yakin kanthi seyakin-yakinipun, bilih gegayuhan satunggalipun cita-cita uawi idham-idhaman kedah sarana pengurbanan. Saya ageng gegayuhan ingkang dipun tuju, ugi kedah saya ageng pengurbanan ingkang dipun wedalaken.
Minangka kawulanipun Allah SWT ingkang katitahaken kanthi winates daya lan kemampuan, mila kita kedah tansah nyuwun pangreksa dhumateng Allah SWT, mugi-mugi kawontena nagari ingkang ing saat punika nembe mbangun ing sedaya bidang, saget kalis saking sedaya rubeda, sehingga enggal saget uwal saking reribet, ekonomi enggal pulih kados wingi uni, baldatun thoyyibatun wa rabbun ghofur. Sumangga sedaya kita aturaken dhumateng para punggowo nagari ingkang kawogan mimpin. Pundi engkang sae sumangga kita sengkuyung, pundi engkang awon sumangga kito kritisi, kagem kemajengan  ing sedayanipun.
Kanthi hikmah Idul Adha tahun 1436 H punika sumangga sak saged-saged nyonto keihklasan pengorbanan Nabi Ibrahim as dalah nabi Ismail as, wanten ing pagesangan kita, sahingga saged manggih karaharjan kanthi gesang ingkang sakinah . Mugi-mugi kita sedaya kaparingan maghfiroh saha katampi sedaya amal ibadah, manggih kabekjan ing ndonya dalah ing akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.